Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 45 >> 

1Gusti Allah wis milih Korèsy dadi raja! Diangkat supaya nelukaké para bangsa; diutus nglèngsèr raja-raja saka dhamparé. Pangéran bakal mbikak gapura-gapurané negara kanggo Korèsy. Pangandikané Allah marang Korèsy,

2"Aku sing bakal nyawisaké dalanmu, ngrata gunung-gunung lan punthuk-punthuk. Aku bakal ngremuk lawang-lawang prunggu lan tembaga, sarta mutung ruji-rujiné wesi.

3Kowé bakal Dakparingi raja-brana sing diumpetaké ana ing panggonan sing peteng lan singid. Nganti kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran, Allahé Israèl sing nimbali kowé nganggo nyebut jenengmu.

4Kowé Daktimbali supaya mbiyantu abdi-Ku Israèl, umat pilihan-Ku. Kowé Dakparingi kaurmatan gedhé, senajan kowé ora tepung karo Aku.

5Aku iki Allah, mung piyambakan. Kowé bakal Dakparingi pangwasa sing kokbutuhaké, senajan kowé ora wanuh karo Aku.

6Penggawéku sing mengkono mau supaya wong kabèh saka Wétan tekan Kulon padha ngerti, yèn ora ana Allah kejaba Aku.

7Aku iki Allah, mung piyambakan, Aku sing nitahaké pepadhang lan nitahaké pepeteng. Aku sing gawé katentreman sarta maringi paukuman. Aku Allah sing nitahaké kuwi mau kabèh.

8Aku bakal nekakaké kemenangan saka langit kaya udan; bumi bakal nampani lan nuwuhaké kamardikan lan keadilan. Aku, Pangéran, sing ndadèkaké lelakon kuwi mau kabèh."

9Apa grabah kena madoni kundhi sing gawé; grabah rak mung wingka, kaya bala pecah liya-liyané? Apa lemah lempung kena takon karo sing gawé bab pegawéan sing ditandangi? Apa grabah nggrundel yèn sing gawé ora trampil?

10Apa ana wong sing wani muni karo wong tuwané, "Kénging menapa kula kadamel kados mekaten?"

11Pangéran, Kang Mahasuci, Allahé Israèl sing yasa jaman sing bakal kelakon ngandika, "Kowé ora wenang takon bab putra-putra-Ku, utawa ngandhani Aku apa sing kudu Daklakoni!

12Aku sing nitahaké bumi, lan nitahaké manungsa sing manggon ing kono. Srana pangwasa-Ku langit Dakpenthèng, srengéngé, rembulan lan lintang-lintang Dakprenata.

13Aku sing ngosikaké atiné Korèsy, mula tumindak lan nglakoni kersa-Ku, mrenata apa sing ora bener. Aku bakal ngrata dalan sing arep diambah, Korèsy bakal mbangun kutha-Ku, Yérusalèm, lan ngluwari umat-Ku sing dikunjara. Ora ana wong sing ngopahi utawa mbeseli supaya nindakaké kuwi mau kabèh." Allah Kang Mahakwasa sing ngandika.

14Pangandikané Allah marang Israèl, "Bandhané Mesir lan Sudan bakal dadi duwèkmu, wong Séba sing pawakané gedhé-dhuwur bakal dadi baturmu; bakal dadi bebandan sing mlaku ing mburimu, bakal sujud ing ngarepmu karo muni, ‘Allah nunggil kaliyan panjenengan, kejawi Allah menika mboten wonten sanèsipun.

15Allahé Israèl sing ngluwari umaté, yakuwi Allah sing digawé wadi.

16Sakèhé wong sing gawé recaning brahala bakal kisinan, wong mau kabèh bakal dadi nistha.

17Nanging Israèl bakal kaluwaran déning Pangéran, lan kemenangané bakal langgeng; umat kuwi bakal ora kwirangan.’"

18Pangéran sing nitahaké sakèhé langit, Panjenengané piyambak sing jumeneng Allah, sing yasa lan nitahaké bumi didamel kuwat lan langgeng. ora dadi panggonan sing suwung, nanging dienggoni manungsa. Panjenengané sing ngandika, "Aku iki Allah, ora ana Allah liyané.

19Aku ora tau ngandika nganggo aling-aling utawa nutup-nutupi kersa-Ku. Israèl ora tau Dakdhawuhi nggolèki Aku ana ing panggonan sing sepi. Aku iki Pangéran, lan ngandikané blak-blakan. Aku nedahaké prekara sing bener."

20Pangandikané Pangéran mengkéné, "Hé sakèhé umat Israèl, sing padha oncat saka Babil, padha nglumpuka lan sowana mréné. Padha ngladèkna prekaramu ing pengadilan-Ku! Hé wong-wong sing padha ngendelaké reca-recané saka kayu, lan padha ndedonga marang allah sing ora bisa mitulungi, wong-wong sing padha ora ngerti apa-apa!

21Padha majua lan ngladèkna prekaramu ing pengadilan; wong sing padha didakwa karebèn padha rembugan bebarengan. Sapa sing dhèk biyèn memeca bab sing bakal kelakon? Apa dudu Aku, Pangéran, Allah sing nylametaké manungsa? Ora ana allah liya, kejaba Aku."

22Padha balia, sowana Aku supaya padha slamet, hé sakèhé umat sing ana ing bumi! Ora ana allah kejaba Aku.

23Janji-Ku iki temenan, lan ora bakal dibatalaké. Aku sumpah demi asma-Ku piyambak, lan Aku wis ngandika sing satemené, pangandika sing ora bakal dibatalaké. Saben wong bakal marek sujud jèngkèng ing ngarsa-Ku lan janji setya marang Aku.

24Wong-wong mau bakal kandha yèn kaluhuran lan kekuwatan kuwi asalé saka Aku; lan sapa sing sengit karo Aku bakal kwirangan.

25Aku, Pangéran, bakal ngluwari sakèhé turuné Yakub, lan wong-wong mau ngabekti marang Aku.



 <<  Yesaya 45 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel