Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 53 >> 

1Wangsulané umaté Allah, "Sapa sing ngandel karo kabar sing kita rungu, lan sapa sing ngerti yèn kuwi kabèh pakaryané Allah?

2Wis dadi kersané Allah yèn Abdiné thukul kaya solor sing tuwuh ana ing lemah garing. Ora kagungan drajat utawa pangkat sing pinunjul, utawa rupa sing nengsemaké ati kita. Pasemoné sethithik waé ora ana sing marakaké kita kesengsem marang Panjenengané.

3Panjenengané kita singkang-singkang lan kita tampik; enggoné dipilara ora lèrèn-lèrèn lan kasangsarané ora entèk-entèk. Ora ana wong sing tegel ndelengaké, mula kita sepèlèkaké lan ora kita ajèni.

4Mangka sejatiné kasangsaran sing disandhang mau kasangsaran kita, lan pilara sing dirasakaké kuwi kanggo kita, nanging kita ngarani Panjenengané kena walaté Gusti Allah.

5Satemené enggoné ditatoni kuwi merga saka dosa kita, lan merga saka piala kita Panjenengané digebagi. Paukuman sing disandhang ing sarirané kuwi sing nekakaké keslametan kita, lan bilur-biluré kuwi sing marasaké kita.

6Kita kabèh iki kaya wedhus sing ketriwal, saben wong lakuné nuruti karepé dhéwé. Nanging paukuman sing sejatiné kanggo kita kuwi ditempahaké déning Allah marang Panjenengané.

7Panjenengané dipilara, éwasemono dibetahaké tanpa nglawan, tanpa ngresula. Kaya wedhus sing arep disembelèh, mengkono enggoné kèndel ora ngandika sakecap-kecapa.

8Panjenengané dicepeng, kaukum lan disédani, mangka ora ana sing mreduli marang nasibé. Panjenengané disédani merga saka dosaning umaté.

9Sédané pinesthi awor karo wong ala, nanging layoné disarèkaké ing kuburané wong sugih, merga ora tau nindakaké piala, lan ora tau goroh."

10Pangandikané Pangéran, "Enggoné nandhang sangsara kuwi saka kersané Allah; sédané kuwi minangka kurban kanggo nebus dosa, supaya wong dosa olèh pangapura. Srana mengkono bakal ningali anak-turuné, merga kaparingan panjang yuswa, lan merga saka Panjenengané kersané Pangéran kelampahan.

11Sawusé nandhang sangsara, Panjenengané bakal ngalami kabungahan; Panjenengané bakal pirsa yèn kasangsarané mau ora tanpa guna. Abdi-Ku sing setya kuwi Dakkasihi, Panjenengané bakal nanggung paukumané wong akèh, lan merga saka Panjenengané, Aku bakal ngapura dosané wong-wong mau.

12Mulané Panjenengané bakal Dakparingi kaurmatan lan Dakpapanaké ing antarané para wong luhur, sing nyekel pangwasa, awit wis masrahaké nyawané kanggo nebus dosané wong akèh, lan rila ngrasakaké nasibé wong ala."



 <<  Yesaya 53 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel