Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 54 >> 

1Hé Yérusalèm, kowé kaya wong wadon sing gabug, nanging saiki kowé bisa surak-surak kanthi bungah. Saiki anakmu luwih akèh tinimbang wong sing ketunggon bojoné.

2Kémahmu jembarna, taliné dawakna lan pathok-pathoké kukuhna!

3Tapel watesé tanahmu bakal dielar ngiwa lan nengen; tanahmu sing biyèn dienggoni bangsa-bangsa liya bakal bali marang kowé kabèh. Kutha-kutha sing mauné suwung bakal kebak wong menèh.

4Kowé aja wedi; kowé bakal ora kwirangan menèh, lan aja rumangsa asor. Malah kowé bakal lali karo kwirangan sing koksandhang nalika kowé isih enom, lan lali marang enggonmu ora kajèn nalika kowé dadi randha.

5Kang nitahaké kowé kuwi bakal jumeneng kaya gantiné bojomu. Asmané kasebut Pangéran, Allah Kang Mahakwasa. Allahé Israèl Kang Mahasuci bakal mitulungi kowé, Panjenengané kuwi Allahé wong salumahing bumi.

6Hé Israèl, kowé kaya wong wadon kang ditinggal bojoné jaka-lara, mulané atimu semplah. Nanging kowé saiki ditimbali déning Allah kaya garwa jaka-laramu.

7Panjenengané ngandika, "Kowé Daktinggal mung sedhéla, nanging kowé Dakpundhut menèh lan Daktresnani banget.

8Sajroning Aku ndhawahaké paukuman kowé Daktinggal sedhéla, nanging Aku bakal ngetingalaké katresnan-Ku selawasé." Mengkono pangandikané Pangéran kang mitulungi kowé.

9"Nalika jamané Nuh Aku janji ora bakal ngeleb bumi menèh. Saiki Aku janji yèn ora bakal duka karo kowé menèh. Aku ora bakal ngancam lan ngajar kowé menèh.

10Gunung-gunung lan punthuk-punthuk bakal ngalih saka enggoné, nanging katresnan-Ku ora bakal pisah saka kowé. Janji-Ku paring katentreman bakal Daktetepi." Mengkono pangandikané Pangéran sing ngasihi kowé.

11Pangéran ngandika mengkéné, "Hé Yérusalèm, negara sing kebak kasangsaran lan apes, sing ora duwé wong sing bisa nglipur. Pondhasiné kuthamu bakal Dakbangun menèh nganggo watu-watu sing becik.

12Menara-menaramu bakal Dakbangun nganggo watu akik, lan gapura-gapuramu nganggo watu sing mencorong.

13Umat-Ku bakal Dakwulang lan Dakparingi karaharjan lan katentreman.

14Keadilan lan kabeneran bakal gawé sentosamu. Kowé bakal kaedohaké saka panindhes lan panganiaya.

15Sapa waé ora Dakparengaké nglawan marang kowé, lan sapa sing nglawan kowé bakal cilaka.

16Aku sing nitahaké pandhé, sing ngububi geni lan gawé gegaman manut kapinterané. Aku uga sing nitahaké tentara, sing ngempakaké gegaman mau kanggo matèni wong.

17Nanging gegaman sing ditamakaké marang kowé bakal ora tedhas; lan sapa sing ndakwa kowé ana ing pengadilan bakal koktangkis. Aku bakal ngayomi para abdi-Ku sing bakal padha Dakparingi kaunggulan." Mengkono pangandikané Pangéran.



 <<  Yesaya 54 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel