Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 55 >> 

1Pangandikané Pangéran, "Hé sakèhé wong sing ngelak, padha majua, ing kéné ana banyu! Mrénéa kowé sing padha ora duwé dhuwit, nggawaa gandum lan mangana! Mrénéa, njupuka anggur lan susu, kowé ora susah mbayar!

2Yagéné kowé ngetokaké dhuwit kanggo tetuku pangan sing ora maregi? Yagéné nanjakaké opahanmu, mangka kowé tetep ngelih? Rungokna dhawuh-Ku lan nglakonana pitutur-Ku, mula kowé bakal nampa pangan sing maédahi.

3Saiki rungokna, hé umat-Ku, lan padha mareka marang Aku; nyedhaka Aku, sarta kowé bakal urip! Aku bakal gawé prejanjian karo kowé, lan bakal maringi kowé berkah sing Dakjanjèkaké marang Dawud.

4Dawud Dakdadèkaké raja ngirid para bangsa, lan lantaran Dawud Aku nedahaké pangwasa-Ku marang bangsa-bangsa mau.

5Kowé bakal ngundang bangsa-bangsa manca, sing biyèn ora kenal karo kowé, nanging saiki bakal padha kemrubut marani kowé, kepéngin rukun karo kowé! Aku Pangéran Allahmu, Allahé Israèl Kang Mahasuci bakal ndadèkaké kabèh mau kelakon. Kowé bakal Dakparingi kaurmatan lan kemenangan!"

6Padha sowana Pangéran, mumpung Panjenengané kersa disowani; sesambata marang Panjenengané mumpung Panjenengané isih cedhak.

7Wong ala ninggala kelakuané sing lawas, lan ngowahana pengangen-angené; banjur padha tobata marang Pangéran, Allah kita; Panjenengané kuwi ambek welasan lan gedhé pangapurané.

8Pangandikané Pangéran, "Rancangan-Ku ora kaya rancanganmu, lan cara-Ku béda karo caramu.

9Kaya dhuwuré langit enggoné ngungkuli bumi, iya semono bédané tumindak-Ku karo penggawému, lan rancangan-Ku enggoné kinacèk karo angen-angenmu.

10Pangandika-Ku kaya salju utawa udan sing tiba saka langit nelesi bumi, njalari tanduran padha tuwuh lan ngasilaké winih sing kena disebar lan pangan kanggo maregi weteng.

11Mengkono uga sabda sing Dakngandikakaké, bakal nindakaké apa sing Dakrancang; lan ngleksanani sedhéngah prekara sing Dakdhawuhaké, lan sing kudu dilakoni.

12Kowé bakal budhal saka Babil kanthi bungah, bakal diuntapaké lan didongakaké slamet tekan tapel watesé negara. Gunung-gunung lan punthuk-punthuk bakal padha memuji apa déné wit-witan bakal padha surak-surak saka bungahé.

13Wit beros bakal padha thukul minangka gantiné eri, lan jambu keling dadi liruné kecubung. Kuwi bakal dadi pretandha langgeng, lan dadi pengéling-éling marang apa kang Daktindakaké."



 <<  Yesaya 55 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel