Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 65 >> 

1Pangandikané Pangéran, "Aku kersa miyarsakaké pandongané umat-Ku, nanging umat-Ku ora padha ndedonga. Aku kersa nemoni wong sing ora kenal karo Aku, nanging ora ana sing nemoni Aku. Bangsa iki ora ndedonga marang Aku, senajan Aku wis ngandika, ‘Aku ana ing kéné! Aku kersa mitulungi kowé!’

2Aku tansah kersa nemoni umat-Ku sing mangkotaké atiné sajroné nglakoni piala lan nggugu karepé dhéwé.

3Tanpa duwé isin bangsa kuwi tansah nekakaké paukuman-Ku, merga gawé kurban marang brahala ana ing taman-taman ing papan sing ndhelik lan kekutug ing mesbèhé wong kapir.

4Yèn bengi padha menyang guwa-guwa lan kuburan-kuburan nekakaké rohé wong mati. Padha mangan daging babi lan ngombé kaldhu sing digawé saka dagingé kéwan sing dienggo kurban.

5Banjur padha kandha siji karo sijiné, ‘Aja nyedhaki aku, aku wis suci; aja nggepok aku!’ Aku sengit karo wong sing kaya mengkono. Paukuman-Ku marang wong kuwi kaya geni sing ora kena disirep.

6Aku wis mutus arep ngukum wong-wong mau lan paukumané wis Daktulis, Aku bakal ora kesupèn marang sing ditindakaké déning wong-wong kuwi, lan bakal padha Dakwales.

7Iya dosané dhéwé, utawa dosané leluhuré. Wong-wong kuwi padha kekutug ana ing punthuk-punthuk, ngobong dupa ing pedupané wong kapir, karo ngala-ala Aku. Mulané wong-wong mau bakal Dakukum ing samesthiné tumrap dosa-dosa sing padha dilakoni."

8Pangandikané Pangéran, "Ora ana wong sing ngrusak anggur sing apik, malah anggur mau digawé ombèn-ombèn. Mengkono uga Aku bakal ora numpes umat-Ku kabèh. Aku bakal nylametaké wong-wong sing padha ngabekti marang Aku.

9Aku bakal mberkahi wong Israèl sing asalé saka klompoké Yéhuda. Turun-turuné bakal marisi tanah kagungan-Ku lan gunung-gunungé. Umat pilihan-Ku bakal padha manggon ana ing kono.

10Umat-Ku mau bakal padha nyembah marang Aku lan bakal nggiring wedhusé lan sapiné menyang pangonan ing aréné Saron ing sisih Kulon lan ing Lebak Akhor, sisih Wétan.

11Nanging kowé sing padha ninggal Aku, lan lali marang gunung-Ku sing suci sarta sujud marang déwa-déwa Gad lan Mèni, déwané nasib begja lan cilaka, kowé bakal ora ngalami mengkono.

12Kowé bakal mati déning pedhang, merga kowé ora mangsuli menawa Daktimbali lan ora ngrungokaké menawa Aku ngandika. Kowé milih nglawan Aku lan nglakoni piala.

13Mulané wong sing ngabekti marang Aku bakal padha mangan wareg, nanging kowé bakal padha kaliren; para abdi-Ku bakal padha ngombé, nanging kowé bakal padha kasatan. Para abdi-Ku bakal padha bungah, nanging kowé bakal padha nandhang wirang.

14Abdi-Ku bakal padha surak-surak saka senengé, nanging kowé bakal padha sambat-sambat merga semplah atimu.

15Umat pilihan-Ku bakal nyebut jenengmu kanggo ngipat-ipati wong. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa bakal maringi jeneng anyar marang wong-wong sing mbangun-turut marang Aku.

16Saben wong sing kepéngin diberkahi bakal nyuwun diberkahi déning Allah kang mahasetya. Lan sing sapa arep supata, supatané kuwi atas asmané Allah kang mahasetya. Kasusahan sing dialami biyèn, wis padha ora diélingi."

17Pangandikané Pangéran mengkéné, "Aku bakal nitahaké langit anyar lan bumi anyar. Lelakon-lelakon sing kepungkur bakal ora diélingi menèh.

18Padha bungaha lan tansah surak-suraka awit saka apa sing Daktindakaké. Yérusalèm anyar mau kebak kabungahan lan umaté bakal nampa kabegjan kabèh.

19Aku dhéwé bakal rena ing penggalih krana Yérusalèm lan umat sing manggon ing kono. Ing kono bakal ora ana tangis menèh, ora ana pesambat.

20Ora ana bayi sing mati isih bocah. Lan saben wong bakal dawa umuré. Wong sing umuré satus taun bakal dianggep isih enom. Mati sadurungé umur satus taun nélakaké yèn wong mau Dakukum.

21(65:21-22) Wong bakal yasa omah, banjur padha dienggoni dhéwé, lan ora bakal dienggoni déning wong liya. Wong bakal padha gawé kebon anggur lan ngrasakaké kanikmatané angguré. Wong liya ora bakal ngombé angguré. Umat-Ku bakal dawa umuré, kaya wit-witan. Umat-Ku bakal padha ngrasakaké asiling kangèlané.

22(65:21)

23Pegawéané bakal ngetokaké asil, lan anak-anaké bakal ora nemu kasangsaran. Anak-turuné bakal Dakberkahi selawas-lawasé.

24Sadurungé rampung enggoné ndedonga marang Aku, bakal wis Dakparingi wangsulan.

25Asu ajag lan cempé bakal padha mangan bebarengan; singa bakal mangan damèn, kaya sapi, lan ula bakal ora mbebayani menèh. Ana ing gunung-Ku sing suci bakal ora ana wong sing gawé piala utawa gawé cilaka."



 <<  Yesaya 65 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel