Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 7 >> 

1Raja Ahas kuwi putrané Yotam, wayahé Uzia. Nalika Ahas dadi raja ing Yéhuda, ana perang. Rézin, raja ing Siria, lan Pékah putrané Rémalya, raja ing Israèl, bebarengan nyerang Yérusalèm, nanging ora bisa ngrebut kutha mau.

2Bareng raja Yéhuda mireng yèn tentara Siria, kanca sekuthoné raja Israèl, wis mlebu ing wilayah Israèl, raja Yéhuda lan rakyaté wedi banget, nganti gemeter kaya kemitiré wit-witan sing katerak angin.

3Pangandikané Pangéran marang Yésaya, "Anakmu Syear Yasyub gawanen, lungaa nemoni Raja Ahas. Kowé bakal ketemu karo wong mau ana ing kalèn sing anjog ing blumbang sisih ndhuwur, panggonané tukang umbah-umbah padha nyambut-gawé.

4Kandhaa karo Ahas, supaya ngati-ati, sing tatag waé, ora prelu kuwatir utawa bingung. Nepsuné Raja Pékah lan Raja Rézin sabalané kabèh kuwi mung tugelan tumper loro lan kari kebulé waé.

5Siria lan raja Israèl kuwi padha rukunan,

6arep nyerang Yéhuda, supaya Yéhuda wedi lan gelem dadi balané Israèl. Banjur arep ngangkat Tabeèl, putrané Ahas, dadi raja.

7Nanging Aku, Pangéran ngandika yèn prekara kuwi ora bakal kelakon.

8Sebabé mengkéné: Siria ora luwih rosa ketimbang karo Damsyik, kutha krajané, lan Damsyik ora luwih rosa ketimbang karo Raja Rézin. Lan mungguh Israèl, sajroné sewidak lima taun bakal pecah lan ora madeg dadi bangsa menèh.

9Israèl ora luwih rosa ketimbang Samaria, kutha krajané, lan Samaria ora luwih rosa ketimbang karo Raja Pékah. Menawa Ahas ora ngandel temenan karo Aku, mesthi ora bakal lestari."

10Gusti Allah banjur ngandika menèh marang Ahas, dhawuhé,

11"Kowé nyuwuna pretandha marang Pangéran Allahmu, apa pretandha saka donyané wong mati ing ngisor, apa pretandha saka swarga ing dhuwur."

12Unjuké Ahas, "Kawula mboten badhé nyuwun pretandha. Kawula mboten purun nyobi dhateng Pangéran."

13Nabi Yésaya banjur matur, "Menawi mekaten, dhuh tedhakipun Sang Prabu Dawud, menapa dèrèng cekap enggèn panjenengan damel pegeling manahipun manungsa, ngantos panjenengan samenika inggih damel pegeling penggalihipun Allah?

14Menawi mekaten, Gusti Allah piyambak ingkang badhé paring pretandha dhateng panjenengan, mekaten: Badhé wonten prawan ngandhut lan nglairaken anak jaler, ingkang kanamakaken Immanuèl.

15Menawi laré menika sampun ageng lan sampun saged mbédakaken awon lan saé, negari menika badhé ngalami kemakmuran.

16Déné sadèrèngipun menika, negarinipun raja kekalih ingkang panjenengan ajrihi menika badhé katilar suwung.

17Pangéran Allah badhé ndhatengaken raja Asyur. Panjenengan lan brayat panjenengan, sarta rakyat badhé ngalami dinten-dinten ingkang kebak kasisahan, awratipun ngungkuli kasisahan ingkang sampun naté panjenengan alami wiwit pecahipun kraton Israèl lan Yéhuda.

18(7:18-19) Ing wekdal menika Pangéran badhé nimbali tiyang Mesir lan tiyang Asyur. Bangsa kekalih menika badhé sami dhateng gegrombolan kados laler lan tawon, neba ing jurang-jurang lan ing growonganing séla-séla, tuwin ngrubung rerungkudan eri lan grumbulan rumput.

19(7:18)

20Pangéran badhé ngagem raja Asyur kanggé nelukaken, ngasoraken lan ngremuk bangsa Israèl. Caranipun kados tukang cukur, ingkang nyukur sawernining rambut, ngantos dumugi jénggotipun pisan.

21Ing dinten menika badhé kelampahan saupami wonten tiyang ingkang ngingah lembu setunggal kaliyan ménda kalih,

22susu pamedalipun kéwan-kéwan ingahan wau badhé tirah kanggé nyekapi kabetahanipun tiyang sebrayat, mergi saking sekedhikipun tiyang ingkang manggèn ing ngriku. Saèstu, umat ing negari menika badhé ngraosaken nikmatipun maben lan powan.

23Kebon-kebon anggur ingkang saé-saé, ingkang kataneman wit anggur sèwu pengaos sèwu sèkel slaka, namung badhé kethukulan eri lan rerungkudan.

24Tiyang mboten wantun mrika menawi mboten mbekta panah lan gendhéwa.

25Punthuk-punthuk ingkang limrahipun dipun tanemi, badhé kebak eri lan rerungkudan, saha namung kasaba déning lembu lan ménda ingkang sami nyenggut ing ngriku. Nanging tiyang mboten wonten ingkang purun mrika."



 <<  Yesaya 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel