Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 8 >> 

1Pangéran ngandika marang aku mengkéné, "Kowé njupuka papan tulis sing amba, banjur tulisana sing gedhé-gedhé: ‘Énggal Ngrayah, Énggal olèh Jarahan.’

2Golèka seksi loro sing temen, yakuwi Imam Uria lan Zakharia bin Bèrékia."

3Ora wetara suwé bojoku meteng. Bareng karo lairé bayi, Pangéran ngandika karo aku mengkéné, "Bocah kuwi jenengna: ‘Énggal Ngrayah, Énggal olèh Rayahan.’

4Sebab, sadurungé bocah mau bisa ngucap ‘Bapak’ lan ‘Ibu’, raja-branané Damsyik lan jarahané Samaria bakal diusung kabèh déning raja Asyur."

5Gusti Allah ngandika menèh karo aku mengkéné,

6"Bangsa iki ngrèmèhaké banyu Siloah sing iliné alon, lan wedi banget karo Raja Rézin lan Raja Pékah.

7Mulané Aku, Pangéran, bakal nekakaké raja Asyur lan tentarané kabèh supaya padha nyerang Yéhuda. Tekané bakal kaya banjir bandhang sing lubèr saka Bengawan Éfrat, nglangkahi gisiké,

8banjur mlebu ngeleb Yéhuda, jeroné sagulu lan ngeleb samubarang kabèh." Allah nunggil karo kita! Swiwiné digelar sajembaré negara kabèh kanggo ngayomi kita.

9Hé bangsa-bangsa kabèh, padha ngumpula lan wedia! Hé tanah-tanah salumahé bumi, padha rungokna. Padha cecawisa perang lan padha girisa! Padha cecawisa kalawan geter!

10Padha rembugana, nanging rembugmu bakal buyar. Padha gawéa rancangan sakarepmu! Kabèh mau bakal tanpa guna, sebab Allah nunggil karo kita.

11Gusti Allah wis ngandika karo aku, supaya aku aja niru tingkah lakuné bangsa kuwi. Pangandikané,

12"Kowé aja pisan-pisan rerukunan karo bangsa iki, lan aja wedi karo prekara-prekara sing diwedèni wong-wong kuwi.

13Élinga, yèn Aku, Allahmu Mahakwasa lan suci. Wedia marang Aku.

14Sarèhné Aku Mahasuci, Aku dadi watu sandhungan kanggoné wong Yéhuda, Israèl lan Yérusalèm. Aku dadi kala lan jaring tumraping wong-wong mau.

15Akèh wong sing bakal kesandhung lan tiba, nganti remuk. Akèh sing bakal klebu ing jiret lan ora bisa uwal."

16Kowé para muridku, padha reksanen lan padha tetepana wangsit sing diparingaké déning Allah marang aku.

17Gusti Allah ngaling-alingi wedanané marang Israèl, nanging aku precaya lan nganti-anti Panjenengané.

18Aku lan anak-anakku peparingé Allah padha didadèkaké pretandha lan sasmita ana ing Israèl déning Panjenengané, kang angedhaton ing Gunung Sion.

19Nanging ana wong sing akon kowé njaluk pitulungan marang dhukun-dhukun, sing miterang marang rohé wong mati lan marang juru pétungan, sing padha migunakaké japa-mantra. Wong-wong kuwi padha muni, "Apa ora prelu kita padha miterang marang déwa-déwa kanggo kepentingané wong urip?"

20Wangsulana mengkéné, "Padha ngrasak-ngrasakna angger-angger lan dhawuhé Allah! Aja ngrungokaké tembungé dhukun, merga kuwi ora ana paédahé!"

21Akèh wong kesrakat lan kaliren bakal padha nglembara ing tanah kéné. Wong-wong mau padha kurang mangan lan padha nepsu, mula padha ngipat-ipati ratu lan Allahé. Senajan tumenga ing langit

22utawa temungkul ing bumi, ora bakal padha weruh apa-apa kejaba mung kasangsaran lan pepeteng sarta karupekan sing gawé seseking ati. Mangka iya mrono kuwi parané enggoné padha digiring.



 <<  Yesaya 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel