Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 19 >> 

1Gubernur Pilatus nuli dhawuh nggawa Gusti Yésus, supaya dipecuti.

2Para prejurit sing ana ing kono nuli padha nganam eri, diéntha kaya makutha. Makutha eri mau banjur diagemaké ana ing mestakané Gusti Yésus. Sawisé kuwi Panjenengané nuli diagemi jubah wungu.

3Prejurit-prejurit mau nuli padha maju ing ngarsané Gusti Yésus, karo muni: "Ngaturi sugeng ratunipun tiyang Yahudi!" Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli dikamplengi.

4Gubernur Pilatus nuli metu sepisan menèh lan ngandika marang wong akèh mau: "Delengen, Wongé arep dakgawa ana ing ngarepmu, supaya kowé padha weruh; yèn miturut panemuku Wong kuwi ora salah apa-apa."

5Gusti Yésus nuli digawa metu, diagemi makutha eri lan jubah wungu. Gubernur Pilatus nuli ngandika: "Delengen, iki Wongé!"

6Bareng para pengareping imam lan para wong sing jaga padha weruh Gusti Yésus, banjur padha bengok-bengok: "Kasaliba, kasaliba!" Gubernur Pilatus ngandika marang wong akèh mau: "Gawanen lan saliben dhéwé. Manut panemuku Wong kuwi ora salah apa-apa."

7Wangsulané wong Yahudi: "Manut angger-anggering agami kula, Tiyang menika kedah dipun ukum pejah, sebab piyambakipun ngaken-aken Putranipun Allah."

8Bareng Gubernur Pilatus krungu tembungé wong-wong sing mengkono mau, panjenengané saya wedi.

9Gubernur Pilatus banjur mlebu menèh ing dalem gubernuran lan takon marang Gusti Yésus: "Asalmu saka ngendi?" Nanging Gusti Yésus ora kersa mangsuli.

10Gubernur Pilatus banjur takon menèh: "Apa kowé ora gelem caturan karo Aku? Ngertia yèn aku wenang ngluwari kowé, nanging uga wenang nyalib kowé."

11Pangandikané Gusti Yésus: "Panjenengan babar-pisan mboten gadhah wewenang dhateng Kula, menawi mboten kaparingan pangwaos saking Gusti Allah. Milanipun tiyang-tiyang ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, menika dosanipun langkung ageng ketimbang kaliyan dosa panjenengan."

12Bareng Gubernur Pilatus krungu sing mengkono mau, panjenengané banjur ngudi supaya bisa ngluwari Gusti Yésus. Nanging wong-wong Yahudi saya banget enggoné nguwuh-uwuh: "Menawi panjenengan ngluwari Tiyang menika, panjenengan sanès mitranipun Kaisar. Tiyang ingkang ngaken dirinipun ratu menika mengsahipun Kaisar!"

13Krungu wong padha muni mengkono, Gubernur Pilatus nuli dhawuh, supaya Gusti Yésus digawa metu, panjenengané nuli lenggah ana ing kursi pengadilan, sing karan Gabata, tegesé ‘Jrambah Watu.’

14Nalika semana wektuné mèh jam rolas awan, ngarepaké Riaya Paskah. Gubernur Pilatus nuli ngandika marang wong-wong Yahudi: "Iki Ratumu!"

15Wong mau banjur padha bengok-bengok: "Dipun pejahi! Dipun pejahi! Kasaliba!" Gubernur Pilatus mangsuli: "Apa karepmu supaya aku nyalib Ratumu?" Para pengareping imam padha mangsuli: "Kula mboten gadhah Ratu, kejawi Sang Kaisar!"

16Gubernur Pilatus banjur masrahaké Gusti Yésus marang wong-wong Yahudi, supaya disalib. Gusti Yésus nuli diirid metu, digawa lunga.

17Sawisé kuwi Gusti Yésus digawa metu saka dalemé Gubernur Pilatus, karo manggul salibé, menyang panggonan sing aran Golgota, tegesé ‘Panggonan Cumplung.’

18Ana ing kono Gusti Yésus disalib. Ana wong loro sing uga disalib bareng karo Panjenengané, sing siji ana ing kiwa, sijiné ana ing tengené; Gusti Yésus ana ing tengah.

19Gubernur Pilatus wis mréntahaké supaya ing kayu salibé Gusti Yésus ditulisi: "Yésus saka Nasarèt, Ratuné wong Yahudi."

20Akèh wong Yahudi sing padha maca tulisan kuwi, sebab ora adoh saka kutha. Tulisan ing kayu salib mau ditulis nganggo basa Ibrani, basa Latin lan basa Yunani.

21Para pengareping imam bangsa Yahudi nuli padha matur marang Gubernur Pilatus: "Sampun dipun serat ‘Ratuné wong Yahudi,’ nanging kaserata ‘Wong kuwi kandha, Aku Ratuné wong Yahudi.’"

22Nanging Gubernur Pilatus mangsuli: "Apa sing wis ditulis, aja diowahi!"

23Sawisé para prejurit mau padha nyalib Gusti Yésus, nuli padha njupuk agemané. Ageman mau diedum dadi patang bagéan, saben wong siji olèh sebagéan. Banjur padha njupuk jubahé. Jubah mau ora ana dondomané, ditenun lajuran saka ndhuwur mengisor.

24Para prejurit mau padha kandha: "Jubah kuwi beciké aja disuwèk-suwèk. Dilotré waé, bèn karuwan sapa sing olèh." Kedadéan kuwi cocog karo sing wis katulis ing Kitab Suci, sing surasané mengkéné: "Sandhangan Kawula sami dipun edum-edum, saha jubah Kawula dipun lotré." Sing mengkono kuwi wis katindakaké déning para prejurit.

25Ibuné Gusti Yésus lan seduluré wadon, yakuwi Maryam bojoné Klopas, sarta Maryam Magdaléna, padha ngadeg ana ing sacedhaké salibé Gusti Yésus.

26Panjenengané mirsa ibuné lan sekabat sing ditresnani padha ngadeg ana ing kono. Gusti Yésus nuli matur marang ibuné: "Ibu, menika ingkang Putra."

27Nuli ngandika marang sekabaté mau: "Kuwi ibumu." Lan wiwit dina kuwi sekabat mau mboyong ibuné Gusti Yésus ana ing omahé dhéwé.

28Sawisé kuwi Gusti Yésus pirsa yèn samubarang kabèh saiki wis rampung, Gusti Yésus nuli ngandika supaya kelakon apa sing katulis ing Kitab Suci: "Aku ngelak."

29Ing kono ana mangkok isi anggur sing rasané kecut. Nuli ana wong sing nyelupaké jamur karang ing anggur kecut mau, banjur dicublesaké ing pucuking hisop, banjur ditèmpèlaké ing lathiné Gusti Yésus.

30Sawisé nyecep anggur kecut mau, nuli nguwuh: "Wis rampung!" Mestakané banjur tumungkul lan séda.

31Nalika semana dina Jemuah, yakuwi dina pacawisan Riaya Paskah. Supaya ing dina Sabbat layon-layon mau aja nganti isih tetep ana ing kayu salib, mulané wong Yahudi padha nyuwun idin marang Gubernur Pilatus, ngremuk sikilé wong-wong sing padha disalib, lan ngudhunaké layon-layon mau saka ing kayu salibé.

32Para prejurit nuli wiwit ngremuki sikilé wong sing disalib ana ing kiwa lan tengené Gusti Yésus.

33Nanging bareng marani Gusti Yésus, kétok yèn Panjenengané wis séda. Mulané samparané Gusti Yésus ora diremuk.

34Éwasemono salah sijiné prejurit njojoh lambungé Gusti Yésus nganggo tumbak, temah sanalika metu getihé lan banyuné.

35Wong sing ndeleng dhéwé lelakon kuwi sing ngandhakaké prekara mau, mangka apa sing dikandhakaké kuwi nyata, supaya kowé uga padha precaya, awit wong mau weruh dhéwé.

36Srana mengkono kelakon apa sing katulis ana ing Kitab Suci, sing uniné mengkéné: "Ora ana balungé sing diremuk."

37Lan ana uga tulisan liyané sing uniné mengkéné: "Wong-wong bakal padha ndeleng marang Panjenengané sing wis dijojoh lambungé."

38Sawisé kuwi Yusuf saka kutha Arimatéa, nyuwun idin marang Gubernur Pilatus diparengna ngukup layoné Gusti Yésus. (Yusuf kuwi wong precaya, nanging olèhé ndhèrèk Gusti Yésus sesidheman, awit wedi karo penggedhéné wong Yahudi.) Gubernur Pilatus ngidini, mulané Yusuf banjur mangkat njupuk layoné Gusti Yésus.

39Nikodémus sing biyèn tau sowan ing ngarsané Gusti Yésus ing wayah bengi, uga mangkat bebarengan karo Yusuf. Nikodémus nggawa mur lan gaharu sing wis diadoni. Kabèh boboté kira-kira telung puluh kilogram.

40Wong loro mau nuli ngudhunaké layoné Gusti Yésus, banjur diulesi kain mori sarta nganggo adonan sing digawa mau, miturut carané wong Yahudi.

41Ing panggonan sing kanggo nyalib Gusti Yésus mau ana petamanan. Ing petamanan kono ana kuburan anyar, sing durung tau dienggo.

42Sarèhné kuburan kuwi cedhak, mangka ésuké wis dina Sabbat, mulané layoné Gusti Yésus nuli disarèkaké ana ing kono.



 <<  Yohanes 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel