Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 6 >> 

1Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli tindak menyang sabrangé Tlaga Galiléa, sing uga disebut: Tlaga Tibérias.

2Akèh wong sing ndhèrèkaké Panjenengané, sebab wis padha ndeleng mujijat-mujijat sing ditindakaké déning Gusti Yésus, nalika Panjenengané marasaké wong-wong lara.

3Gusti Yésus nuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono karo para sekabaté.

4Nalika semana ngarepaké Paskah, riayané wong Yahudi.

5Bareng mirsani ngiwa-nengen, Gusti Yésus mirsa wong akèh gumrudug marani Panjenengané. Gusti Yésus nuli ngandika marang Filipus: "Ana ing ngendi enggoné bisa tuku pangan, kanggo wong kabèh iki?"

6(Enggoné Gusti Yésus ngandika mengkono mau mung kanggo nyoba Filipus; Gusti piyambak wis pirsa apa sing arep ditindakaké.)

7Filipus mangsuli: "Roti pengaos kalih atus dinar dèrèng cekap kanggé tiyang-tiyang menika, senajan saben tiyang namung dipun sukani sekedhik-sekedhik."

8Sekabaté Gusti Yésus liyané, yakuwi Andréas, seduluré Simon Pétrus, matur,

9"Ing ngriki wonten laré jaler, ingkang gadhah roti sair gangsal iji lan ulam loh kalih. Nanging menapa ginanipun kanggé tiyang semanten kathahipun?"

10Gusti Yésus nuli dhawuh marang para sekabaté: "Wong-wong kabèh konen padha linggih!" Ing panggonan kono suketé akèh banget. Wong-wong nuli padha linggih !!— sing lanang cacahé wetara limang èwu.

11Gusti Yésus mundhut roti mau, banjur saos sukur marang Gusti Allah. Nuli ngedum-edum marang sing padha linggih ana ing kono; mengkono uga iwaké. Wong kabèh padha mangan nganti wareg.

12Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté: "Sisané padha klumpukna; aja ana sethithik waé sing dibuang."

13Para sekabat nuli njupuki sisa-sisa mau kabèh. Bareng diwadhahi dadi rolas rinjing kebak; semono sisané roti sair lima lan iwak loh loro, sing dipangan déning wong-wong mau.

14Bareng wong akèh mau weruh kaélokan sing ditindakaké déning Gusti Yésus, nuli padha muni: "Nyata, iki Sang Nabi sing rawuhé kita anti-anti!"

15Sarèhné Gusti Yésus pirsa, yèn wong-wong mau arep meksa ngangkat Panjenengané dadi ratu, Gusti Yésus nuli sumingkir, sarta minggah gunung menèh piyambakan.

16Bareng wis surup, para sekabaté Gusti Yésus nuli padha mudhun menyang tlaga.

17Banjur padha mrau, arep nyabrang menyang kutha Kapèrnaum. Nalika semana wis bengi, éwasemono Gusti Yésus durung rawuh.

18Kocapa, ombaké tlaga saya gedhé, sebab anginé sansaya banter.

19Bareng para sekabat enggoné nunggang prau kira-kira wis olèh papat tekan limang kilomèter, dumadakan padha weruh Gusti Yésus tindak napak ing banyu nyedhaki prauné. Para sekabat padha wedi banget,

20nanging Gusti Yésus ngandika: "Aja padha wedi, iki Aku dhéwé!"

21Sawisé mengkono para sekabat ngaturi Gusti Yésus mlebet ing prau. Nanging prauné wis tekan panggonan sing dituju.

22Ésuké wong-wong sing isih ana ing sabrangé tlaga padha weruh yèn ing kono prauné mung kari siji. Wong-wong mau iya padha weruh, yèn para sekabaté Gusti Yésus wis padha mangkat dhisik, lan Gusti Yésus ora nitih prau bebarengan karo para sekabaté.

23Prau-prau liyané teka saka kutha Tibérias, padha labuh cedhak panggonané wong-wong wingi padha mangan roti, sing didongani Gusti Yésus.

24Bareng wong-wong mau padha weruh, yèn Gusti Yésus lan para sekabaté ora ana ing kono, nuli padha nunggang prau, nggolèki menyang kutha Kapèrnaum.

25Bareng wong-wong mau padha ketemu karo Gusti Yésus ana ing sabrangé tlaga, nuli padha nyuwun pirsa marang Panjenengané: "Guru, kala menapa Panjenengan dumugi ing ngriki?"

26Gusti Yésus ngandika: "Aku kandha satemené: Enggonmu padha nggolèki Aku kuwi ora merga kowé wis padha ngerti tegesé kaélokan-kaélokan sing Daktindakaké, nanging merga kowé wis padha mangan roti nganti wareg.

27Aja padha ngudi marang pangan sing bisa rusak, nanging padha ngudia olèh pangan sing tahan selawasé, lan sing mènèhi urip sejati. Pangan sing mengkono kuwi bakal diparingaké déning Putraning Manungsa; awit Panjenengané wis diparingi pangwasa déning Allah Sang Rama."

28Wong-wong mau nuli padha nyuwun pirsa: "Menapa ingkang kedah sami kula lampahi, supados saged nindakaken kersanipun Gusti Allah?"

29Pangandikané Gusti Yésus: "Sing dikersakaké déning Gusti Allah supaya koklakoni, yakuwi precaya marang wong sing diutus déning Panjenengané."

30Pitakoné wong-wong mau: "Menawi mekaten, mujijat menapa ingkang Panjenengan tindakaken, supados kula saged sami nyipati, lajeng pitados dhateng Panjenengan? Panjenengan saged nindakaken menapa?

31Para leluhur kula sami nedha manna wonten ing ara-ara samun, kados ingkang kaserat ing Kitab Suci: ‘Padha diparingi mangan roti saka swarga.’"

32Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong mau: "Aku kandha satemené marang kowé: Roti sing diparingaké déning Nabi Musa kuwi roti saka swarga; sing maringi roti sejati saka swarga marang kowé kabèh kuwi Rama-Ku.

33Awit roti sing diparingaké déning Gusti Allah, yakuwi Putraning Allah sing tumedhak saka swarga, sarta sing maringi urip sejati marang jagad."

34Aturé wong-wong mau: "Guru, kula mugi Panjenengan paringi roti menika ing selaminipun."

35Pangandikané Gusti Yésus: "Aku iki roti sing nguripi; sing sapa marani Aku, ora bakal luwé menèh. Lan wong sing precaya marang Aku, ora bakal ngelak menèh.

36Kowé wis padha Dakkandhani: senajan kowé wis padha ndeleng Aku, éwasemono kowé padha ora precaya.

37Kabèh wong sing diparingaké déning Sang Rama marang Aku, kuwi bakal padha marani Aku. Aku ora bakal nampik sapa waé sing marani Aku.

38Sebab enggon-Ku tumedhak saka swarga kuwi ora supaya Aku nglakoni karep-Ku dhéwé, nanging kersané Gusti Allah sing ngutus Aku.

39Déné kersané Gusti Allah sing ngutus Aku kuwi mengkéné: Kabèh wong sing wis diparingaké marang Aku, kuwi aja nganti ana sing ilang, nanging supaya Daktangèkaké menèh ing Dina Kiamat.

40Sebab yakuwi kersané Rama-Ku: supaya wong kabèh sing ndeleng Sang Putra lan precaya marang Panjenengané bisa olèh urip langgeng lan mbésuk ing Dina Kiamat Daktangèkaké."

41Wong-wong Yahudi padha pating kedumel, nggrenengi Gusti Yésus, sebab Panjenengané ngandika: "Aku iki roti sing tumurun saka swarga."

42Wong-wong mau padha muni mengkéné: "Apa kuwi dudu Yésus, anaké Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyungé? Kepriyé bisané kandha yèn dhèwèké kuwi tumurun saka swarga?"

43Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong mau: "Kowé aja padha nggrundel.

44Ora ana wong siji waé sing bisa marani Aku, kejaba menawa Sang Rama, sing ngutus Aku kuwi, nggèndèng wong mau marang Aku, temah wong mau bakal Daktangèkaké ing Dina Kiamat.

45Ing Kitabé para nabi ana tulisan mengkéné: ‘Wong kabèh bakal diwulang déning Gusti Allah!’ Mulané sakèhing wong sing wis padha ngrungokaké lan sing nampani piwulang saka Sang Rama mau, bakal marani Aku.

46Kuwi ora ateges yèn wis ana wong sing tau weruh marang Sang Rama. Mung Sang Putra, sing pinangkané saka Allah, kuwi sing wis ndeleng Sang Rama.

47Padha élinga! Sing sapa precaya marang Aku, bakal ngrasakaké urip sejati.

48Aku iki roti sing nguripaké.

49Leluhurmu padha mangan manna ana ing ara-ara samun, nanging padha ngalami mati.

50Béda banget karo roti, sing tumurun saka swarga; wong sing mangan roti kuwi ora bakal mati.

51Aku iki roti sing nguripaké, yakuwi roti sing tumurun saka swarga. Wong sing mangan roti mau bakal urip selawasé. Roti sing Dakwènèhaké yakuwi daging-Ku. Daging-Ku Dakwènèhaké, supaya jagad iki urip."

52Pangandikané Gusti Yésus sing mengkono mau marakaké wong-wong Yahudi banjur padha bebantahan siji karo sijiné. Uniné: "Kepriyé bisané wong kuwi mènèhaké dagingé, supaya kita pangan?"

53Gusti Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau: "Élinga, yèn kowé padha ora mangan dagingé Putrané Manungsa kuwi lan ora ngombé getihé, kowé mesthi padha ora kadunungan urip.

54Wong sing mangan daging-Ku lan ngombé getih-Ku, wong kuwi nduwèni urip langgeng, sarta Aku bakal nangèkaké wong mau ing Dina Kiamat.

55Awit daging-Ku kuwi pangan sing sejati, lan getih-Ku kuwi ombèn-ombèn sing sejati.

56Wong sing mangan daging-Ku lan ngombé getih-Ku, wong kuwi uripé bakal nunggil karo Aku lan Aku bakal nunggil karo wong mau.

57Padha kaya Sang Rama, sing ngutus Aku sipat gesang, lan Aku urip déning Sang Rama. Mengkono uga wong sing mangan daging-Ku bakal urip déning Aku.

58Iki roti sing tumurun saka swarga. Dudu roti kaya sing dipangan déning para leluhurmu, awit sawisé padha mangan roti mau isih ngalami mati. Nanging wong sing mangan roti iki bakal urip ing selawasé."

59Iku mau kabèh dingandikakaké déning Gusti Yésus nalika Panjenengané memulang ana ing sinagogé ing Kapèrnaum.

60Akèh para muridé Gusti Yésus sing padha krungu pangandikané mau. Banjur padha muni: "Piwulangé kuwi kokangèl temen. Sapa sing ngerti?"

61Tanpa ana sing matur marang Panjenengané, Gusti Yésus wis pirsa yèn para muridé padha nggrundeli piwulangé. Mulané Gusti Yésus nuli ngandika: "Apa kowé padha ora seneng karo piwulang iki?

62Yèn mengkono, kepriyé saupama kowé mengko padha weruh Putraning Manungsa sumengka kondur menyang ing swarga?

63Sing nguripaké manungsa kuwi Rohé Allah. Kekuwatané manungsa ora ana paédahé babar-pisan. Tembung-tembung sing Dakkandhakaké marang kowé iki saka Rohé Allah lan tembung-tembung kuwi sing nguripaké.

64Éwasemono ing antaramu ana sing ora precaya." (Saka wiwitan mula Gusti Yésus wis pirsa sapa waé sing ora padha gelem precaya, lan sapa sing bakal ngulungaké Panjenengané.)

65Gusti Yésus nuli ngandika menèh: "Kuwi sebabé Aku ngandhani kowé, yèn ora ana wong siji waé sing bisa marani Aku, yèn ora digèndèng déning Sang Rama."

66Wiwit nalika semana akèh para muridé sing padha mundur lan ora gelem ndhèrèkaké Panjenengané.

67Gusti Yésus nuli ndangu marang para sekabaté rolas mengkéné: "Apa kowé uga padha arep ninggal Aku?"

68Simon Pétrus mangsuli: "Gusti, sinten ingkang badhé kula dhèrèki? Panjenengan ingkang kagungan pangandika ingkang maringi gesang sejatos.

69Samenika kula sampun sami pitados lan yakin bilih Panjenengan menika Tiyang Suci, Utusanipun Allah."

70Gusti Yésus nuli ngandika: "Sing milih kowé wong rolas kuwi Aku dhéwé. Nanging siji saka panunggalanmu kuwi Iblis!"

71Sing dikersakaké déning Gusti Yésus yakuwi Yudas, anaké Simon Iskariot. Sebab senajan Yudas mau panunggalané murid rolas, nanging bakal ngulungaké Panjenengané.



 <<  Yohanes 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel