Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 13 >> 

1Bareng Yosua wis tuwa banget, banjur dingandikani déning Gusti Allah mengkéné, "Yosua, kowé saiki wis tuwa! Mangka isih akèh daérah sing kudu ditelukaké, yakuwi:

2wilayah Filistia kabèh lan Gésur,

3wilayah Awi kabèh sapengidul. (Daérah saka Kali Sihor, tapel watesé tanah Mesir mengalor tekan watesé Ékron; kabèh mau klebu daérahé bangsa Kenaan; lan raja-raja Filistia sing manggon ing Gaza, Asdod, Askelon, Gat lan Ékron.)

4Iya isih kudu ditelukaké: daérah Kenaan kabèh lan Meara (tanahé wong Sidon), tekan Afèk, tapel watesé daérahé wong Amori;

5banjur daérahé bangsa Gebal, lan daérah Libanon kabèh mengétan, saka Baal-Gad sakidulé Gunung Hèrmon, terus tekan dalan sing menyang Hamat.

6Klebu uga daérahé wong-wong Sidon kabèh, sing manggon ing pegunungan antarané gunung-gunung Libanon lan kutha Mesrefot Maim." Saterusé Gusti Allah ngandika marang Yosua mengkéné, "Yèn mengko umat Israèl nglurug perang, bangsa-bangsa kuwi kabèh bakal Daklungakaké saka ing kono. Tanah kuwi edum-edumna marang umat Israèl dadia tanah pusakané, kaya sing Dakdhawuhaké marang kowé.

7Mulané tanah kuwi saiki wènèhna taler Israèl sanga karo taleré Manasyè sing separo, supaya dadi pandumané."

8Taler Rubèn lan Gad sarta separoné taler Manasyè wis padha tampa panduman tanah saka Musa, abdiné Allah; yakuwi tanah sawétané Kali Yardèn.

9Wilayah kuwi tekan Aroèr (ing pucuké Lebak Arnon), lan kutha ing tengahé lebak mau, klebu uga kabèh daérah aréné pegunungan saka Médeba tekan Dibon.

10Sabanjuré tekan tapel watesé daérah Amon; klebu ing kono kabèh kutha sing biyèn dadi duwèké Sihon, raja Amori, sing manggon ing Hèsbon.

11Daérah Giléad, daérah sakiwa-tengené Gésur lan Maaka, sarta Gunung Hèrmon kabèh, apa déné daérah Basan tekan Salkha kabèh; (daérah-daérah mau kabèh klebu wilayahé taler Rubèn, Gad lan separoné taler Manasyè).

12Klebu uga daérah sing dikwasani Og, rajané wong Réfaim sing kari dhéwé, sing manggon ing Astarot lan Édrèi. Bangsa-bangsa mau wis ditelukaké Musa sarta dilungakaké saka daérah kono.

13Nanging penduduk Gésur lan Maaka ora padha ditundhung saka daérahé déning wong Israèl; wong-wong mau isih tetep manggon ing antarané wong Israèl.

14Taler Lèwi ora nampa panduman tanah saka Musa; kaya dhawuhé Allah, yèn pandumané wong Lèwi yakuwi saka kurban sing diobong ana ing mesbèh konjuk marang Allahé Israèl.

15Daérah sing dijanjèkaké Pangéran marang bangsa Israèl sapérangan wis diwènèhaké déning Musa marang trah-trahé taler Rubèn dadi tanah pusakané.

16Wilayahé tekan Aroèr (ing pucuké Lebak Arnon) lan kutha-kutha ing tengahé lebak mau, sarta aréné pegunungan sakiwa-tengené Médeba;

17klebu uga Hèsbon lan kabèh kutha ing aréné pegunungan mau, yakuwi: Dibon, Bamot-Baal, Bèt-Baal-Meon,

18Yahas, Kedémot, Méfaat,

19Miriataim, Sibma, Zèrèt-Hasahar, sing dumunung ing gunungé lebak,

20Bètpéor, pèrèng-pèrèngé Gunung Pisga, lan Bèt-Yérimot,

21klebu uga kutha-kutha sing ana ing aréné pegunungan, lan daérah sing dikwasani Sihon kabèh, yakuwi rajané bangsa Amori, sing biyèn manggon ing kutha Hèsbon. Sihon lan para penggedhé ing Midian, yakuwi Èwi, Rèkèm, Zur lan Réba, kabèh wis ditelukaké Musa. Para penggedhé mau kabèh tau nindakaké pepréntahan ana ing kono kanggo Raja Sihon.

22Ing antarané wong-wong sing dipatèni bangsa Israèl klebu uga Biléam anaké Béor, dhukun sing gawéné ngramal.

23Déné Kali Yardèn dadi tapel watesé wilayahé taler Rubèn sing sisih Kulon. Kutha-kutha lan désa-désa kuwi pandumané para trahé taler Rubèn, dadi tanah pusakané.

24Tanah sing dijanjèkaké Pangéran marang bangsa Israèl sapérangan wis diwènèhaké déning Musa marang trah-trahé taler Gad dadi tanah pusakané.

25Wilayahé tekan Yaézèr lan kabèh kutha-kutha ing Giléad sarta separoné bangsa Amon, tekan Aroèr sawétané Raba;

26daérah saka Hèsbon tekan Ramat-Mizpa lan Bètonim, sarta daérah saka Mahanaim tekan tapel watesé Lodebar, kabèh mau klebu wilayahé taler Gad.

27Ing lebaké Kali Yardèn, wilayahé Gad kuwi tekan Bèt-Haram, Bèt-Nimra, Sukot lan Zafon, yakuwi daérah sing tau dikwasani Sihon, raja sing manggon ing Hèsbon. Tapel wates wilayahé Gad sing sisih Kulon, Kali Yardèn mengalor tekan Tlaga Galiléa.

28Yakuwi kutha-kutha lan désa-désa pandumané trah-trahé taler Gad, sing dadi tanah pusakané.

29Tanah sing dijanjèkaké Pangéran marang bangsa Israèl sapérangan wis diwènèhaké déning Musa marang separoné trah-trahé taler Manasyè dadi pandumané.

30Tapel wates wilayahé tekan Mahanaim, klebu daérah Basan kabèh, yakuwi tilas wengkoné Og, raja Basan lan uga désa-désa Yair ing Basan sing cacahé sewidak.

31Klebu uga separoné daérah Giléad, Astarot lan Édrèi, yakuwi kutha-kutha krajan sing dikwasani Raja Og ing Basan. Daérah mau kabèh diwènèhaké marang separoné trah-trah turuné Makir, anaké Manasyè.

32Mengkono carané Musa ngedum tanah sing ana ing sawétané kutha Yérikho lan Kali Yardèn, nalika bangsa Israèl isih padha ana ing aréné tanah Moab.

33Nanging taler Lèwi ora olèh panduman lemah sethithik-thithika saka Musa. Musa wis kandha karo taler Lèwi yèn pandumané saka kurban sing disaosaké marang Pangéran Allahé Israèl.



 <<  Yosua 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel