Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 17 >> 

1Daérah sakuloné Kali Yardèn ana sapérangan sing dipandumaké marang trah-trah anak-turuné Manasyè, anaké Yusuf sing mbarep. Makir, bapakné Giléad, kuwi pembarepé Manasyè. Sarèhné Makir mau pahlawan, mulané daérah Giléad lan Basan sing dunungé ing sawétané Kali Yardèn, diwènèhaké marang dhèwèké.

2Daérah sakuloné Kali Yardèn diwènèhaké marang trah-trah anak-turuné Manasyè liyané, yakuwi trah Abièzèr, Hèlèk, Asrièl, Sèkèm, Hèfèr lan Semida; kuwi kabèh wong lanang-lanang tetuwané trah turuné Manasyè, anaké Yusuf.

3Hèfèr kuwi anaké Giléad, lan Giléad anaké Makir, déné Makir anaké Manasyè. Anaké Hèfèr jenengé Zélaféhad ora duwé anak lanang, anaké wadon kabèh, yakuwi: Mahla, Noa, Hogla, Milka lan Tirza.

4Anak-anaké Zélaféhad mau padha nemoni Imam Èléazar lan Yosua bin Nun sarta para pinituwa, aturé, "Gusti Allah sampun ngandika dhateng Musa, bilih kula inggih kedah nampi panduman siti kados sedhèrèk-sedhèrèk kula jaler." Mulané anak-anaké wadon Zélaféhad iya diparingi panduman lemah, padha kaya sedulur-seduluré lanang, kaya sing didhawuhaké déning Allah.

5(17:5-6) Mulané ora mung turuné Manasyè sing lanang waé sing olèh panduman lemah, nanging turuné wadon iya olèh. Kuwi sebabé Manasyè uga olèh panduman Giléad lan Basan sing ana ing sawétané Kali Yardèn. Anak-turuné Manasyè liyané nampa panduman daérah Giléad.

6(17:5)

7Tapel watesé daérahé Manasyè wiwit saka Asyèr tekan Mikmétat ing sawétané Sikèm. Saka kono tapel wates mau medhun mengidul tekan daérahé bangsa Èn-Tapuah.

8Daérah Tapuah kuwi mèlu Manasyè, nanging kutha Tapuah sing ana ing tapel wates, mèlu Éfraim.

9Saterusé tapel watesé daérahé Manasyè mau medhun tekan Kali Kana. Kutha-kutha sing ana ing sakidulé kali kuwi mèlu Éfraim, senajan dunungé ana ing daérahé Manasyè. Tapel watesé daérahé Manasyè mau saterusé metu sauruté kali sing sisih Lor, nganti tekan ing Segara Tengah.

10Dadiné Éfraim kuwi daérahé ana ing sisih Kidul lan Manasyè ing sisih Lor; déné Segara Tengah dadi watesé sing sisih Kulon. Ing sisih Lor-kulon, daérahé Manasyè gathuk karo daérahé taler Asyèr, lan ing sisih Lor-wétan gathuk karo daérahé Isakar.

11Ing wilayahé Isakar lan Asyèr kuwi ana palemahané Manasyè, yakuwi Bèt-Séan karo désa-désa sakiwa-tengené. Uga Dhor (kutha sing dunungé ing sapinggiring segara), Èndor, Taanak, Megido lan désa-désa ing kiwa-tengené.

12Nanging wong Manasyè ora bisa nglungakaké wong Kenaan saka kutha-kutha kono. Kuwi sebabé wong-wong Kenaan isih tetep manggon ing kono.

13Malah mbésuké senajan wong Israèl wis mundhak kekuwatané, dhèwèké meksa ora gelem nglungakaké wong Kenaan mau, nanging padha didadèkaké batur-tukoné.

14Anak-turuné Yusuf padha kandha karo Yosua mengkéné, "Kénging menapa panduman kula siti namung sekedhik, mangka tiyang kula awit saking berkahipun Gusti Allah, cacahipun kathah sanget?"

15Wangsulané Yosua, "Yèn wongmu akèh, nganti pegunungan Éfraim kuwi keciuten kanggo kowé, lungaa menyang daérah-daérah sing dienggoni wong Fèris lan wong Réfaim. Padha mbukaka alas-alasé wong-wong mau, lan ngedegna kutha-kutha anyar ing kana."

16Anak-turuné Yusuf mau mangsuli, "Daérah paredèn menika mboten cekap kanggé kula sedaya, mangka bangsa Kenaan ingkang sami manggèn ing aré ngandhap sami gadhah kréta perang saking tosan, inggih ingkang sami manggèn ing Bèt-Séan utawi ing dhusun-dhusun sakiwa-tengenipun, mekaten ugi ingkang sami manggèn ing Lebak Yésreèl."

17Wangsulané Yosua marang taler-taler Éfraim lan Manasyè Kulon kali mengkéné, "Kuwi bener, cacahmu pancèn akèh, lan kekuwatanmu uga gedhé. Pancèn pandumanmu kuduné luwih saka siji.

18Mulané ngenggonana daérah pegunungan, sebab senajan daérah kuwi isih wujud alas, rak bisa kokbukak lan kokdadèkaké tanah pusakamu. Lan bab wong Kenaan, kowé rak bisa nglungakaké wong-wong mau saka kono, senajan dhèwèké kuwat lan duwé kréta perang saka wesi."



 <<  Yosua 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel