Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 20 >> 

1Gusti Allah banjur dhawuh marang Yosua,

2supaya kandha karo umat Israèl, kaya sing didhawuhaké marang Musa mengkéné, "Kowé padha miliha kutha-kutha pangungsèn.

3Wong sing njalari patiné pepadhané tanpa dijarag, bisaa ngungsi ing kutha kono, supaya uwal saka wong-wong sing arep nindakaké pemales.

4Wong mau kena mlebu ing salah sawijining kutha pangungsèn mau, lan ngadhep marang pengadilan ing gapuraning kutha kono, sarta nerangaké kedadéan sing mentas dialami. Para penggedhéné kutha kono bakal ngidini wong mau mlebu ing kutha, lan manggon ing kono.

5Yèn wong sing arep males mau ngoyak mrono, penduduk ing kutha kono ora kena masrahaké wong sing ngungsi mau marang sing ngoyak. Wong mau kudu diayomi, merga enggoné nyebabaké patiné pepadhané mau ora dijarag, dadi ora merga sengit karo wong sing mati.

6Sing matèni mau kena manggon ing kutha kono nganti prekarané diadili ana ing ngarepé wong akèh. Wongé kena manggon terus ing kutha kono nganti satilaré wong sing nalika semono dadi Imam Agung. Sawisé mengkono wongé kena mulih ing papan panggonané dhéwé."

7Umat Israèl banjur netepaké kutha-kutha ing sakuloné Kali Yardèn dadi kutha-kutha pangungsèn, yakuwi: kutha Kèdès ing pegunungan Galiléa wilayahé taler Naftali; Sikèm ing pegunungan Éfraim; Hébron ing pegunungan wilayahé taler Yéhuda.

8Kanggo wilayah sawétané Kali Yardèn, ing aréné ara-ara samun sawétané Yérikho, sing ditetepaké dadi kutha-kutha pangungsèn yakuwi: Bèzèr kanggo wilayahé Rubèn; kutha Ramot ing Giléad, ing wilayahé taler Gad, lan kutha Basan ing wilayahé Manasyè.

9Kuwi kabèh kutha-kutha sing ditetepaké dadi kutha pangungsèn kanggo umat Israèl kabèh lan kanggo saben wong manca sing manggon ing satengahé umat Israèl mau. Saben wong sing ora njarag nyebabaké patiné pepadhané kena golèk pengayoman ing kutha-kutha mau, supaya uwal saka wong sing arep males matèni. Sadurungé diadili ing ngarepé wong akèh, wongé ora kena dipatèni.



 <<  Yosua 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel