Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 21 >> 

1(21:1-2) Ing sawijining dina para penggedhéné trah-trahé taler Lèwi padha ngadhep marang Imam Èléazar, Yosua bin Nun lan para penggedhéné trah-trahé taler-taleré Israèl kabèh. Tembungé, "Lantaran Musa, Gusti Allah sampun dhawuh, supados kula, tiyang-tiyang Lèwi, dipun paringi kitha-kitha ingkang kula enggèni lan siti pangènan ing sakiwa-tengenipun kitha kanggé ngengèn raja-kaya."

2(21:1)

3Wong-wong Israèl nuli nisihaké lemah saka tanah pusakané, yakuwi kutha-kutha lan tanah pangonan, diwènèhaké marang wong-wong Lèwi, kaya sing didhawuhaké déning Allah.

4Trahé Kéhat nampa pandumané dhisik dhéwé. Kulawarga-kulawarga turuné Imam Harun nampa kutha telulas saka taler Yéhuda, Siméon lan Bènyamin.

5Kulawarga-kulawargané Kéhat liyané nampa panduman kutha sepuluh saka taler Éfraim, taler Dhan lan taler Manasyè Kulon kali.

6Trahé Gèrson nampa kutha telulas saka taler Isakar, taler Naftali lan taler Asyèr, taler Manasyè Wétan kali.

7Trah Mérari nampa kutha rolas saka taler Rubèn, taler Gad lan taler Zébulon.

8Kuwi kabèh kutha-kutha lan tanah pangonan sing diedum srana undhi saka pandumané umat Israèl marang wong-wong Lèwi, kaya sing didhawuhaké déning Allah lantaran Musa.

9(21:9-19) Trah Kéhat, yakuwi imam-imam tedhak-turuné Harun, olèhé nampa kutha-kuthané dhisik dhéwé; kabèh ana kutha telulas karo pangonané, yakuwi saka Yéhuda lan Siméon kutha sanga: Libna, Yatir, Èstemoa, Holon, Debir, Ain, Yuta, Bèt-Sèmès lan Arba. Arba kuwi jenengé bapakné Anakin. Kutha mau saiki jenengé Hébron, lan dadi kutha pangungsèn ing pegunungan Yéhuda. Pategalan lan désa-désané kutha kuwi wis diwènèhaké marang Kalèb bin Yéfuné dadi tanah pusakané. Saka Bènyamin wong-wong Lèwi nampa panduman kutha papat, yakuwi: Gibéon, Géba, Anatot lan Almon.

10(21:9)

11(21:9)

12(21:9)

13(21:9)

14(21:9)

15(21:9)

16(21:9)

17(21:9)

18(21:9)

19(21:9)

20(21:20-26) Para kulawarga trah Kéhat nampa kutha sepuluh karo pangonané. Saka taler Éfraim wong-wong Lèwi nampa kutha papat, yakuwi: Bèt-Horon, Kibzaim, Gèzèr, lan Sikèm. Sikèm kuwi kutha pangungsèn ing pegunungan Éfraim. Saka taler Dhan wong-wong Lèwi nampa kutha papat, yakuwi: Èlteké, Gibeton, Ayalon, lan Gat-Rimon. Saka taler Manasyè sisih Kulon nampa kutha loro, yakuwi Taanak lan Gat-Rimon.

21(21:20)

22(21:20)

23(21:20)

24(21:20)

25(21:20)

26(21:20)

27(21:27-33) Trah saka taler Lèwi liyané, yakuwi trah Gèrson, nampa kutha telulas karo pangonané. Saka taler Manasyè sisih Wétan trah Gèrson nampa kutha loro, yakuwi Beèstérah lan Golan. Golan mau klebu wilayahé kutha pangungsèn ing Basan. Saka taler Isakar wong-wong Lèwi nampa kutha papat, yakuwi kutha Kisyon, Dobrat, Yarmut lan Èn-Ganim. Saka taler Asyèr nampa kutha papat, yakuwi: Misal, Abdon, Hèlkat lan Réhob. Saka taler Naftali nampa kutha telu, yakuwi Hamatdor, Kartan, lan Kèdès. Kèdès kuwi kutha pangungsèn, ing tanah Galiléa.

28(21:27)

29(21:27)

30(21:27)

31(21:27)

32(21:27)

33(21:27)

34(21:34-40) Wong-wong Lèwi liyané, yakuwi trah Mérari, nampa kutha rolas sapangonané. Saka taler Zébulon nampa kutha papat, yakuwi kutha Yoknéam, Kartah, Dimna lan Nahalal. Saka taler Rubèn nampa kutha papat: Bèzèr, Yahas, Kedémot, lan Méfaat. Saka taler Gad nampa kutha papat, yakuwi: Mahanaim, Hèsbon, Yaézèr lan Ramot; (Ramot kuwi kutha pangungsèn ing Giléad).

35(21:34)

36(21:34)

37(21:34)

38(21:34)

39(21:34)

40(21:34)

41(21:41-42) Dadi saka tanah duwèké bangsa Israèl kabèh ana kutha patang puluh wolu sing diwènèhaké marang wong-wong Lèwi. Saben kutha mau ana pangonané.

42(21:41)

43Mengkono patrapé Allah maringaké marang umat Israèl tanah sing biyèn dijanjèkaké klawan supaos marang para leluhuré. Sawisé tanah mau direbut, umat Israèl nuli padha manggon ing kono.

44Gusti Allah ngayomi tanah mau, kaya janjiné marang para leluhuré umat Israèl. Mungsuh-mungsuhé Israèl siji waé ora ana sing wani ngganggu, merga Allah piyambak sing ngulungaké mungsuh-mungsuh mau marang umat Israèl.

45Gusti Allah ngleksanani sarupaning prekara sing dijanjèkaké marang umat Israèl; siji waé ora ana sing kliwatan.



 <<  Yosua 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel