Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 23 >> 

1Gusti Allah paring katentreman marang umat Israèl srana kauwalaké saka sakèhé mungsuhé. Yosua umuré saya akèh lan dadi tuwa banget.

2Umat Israèl banjur diklumpukaké, bebarengan karo para penggedhé, para pemimpin, para hakim, lan para perwira, dikandhani mengkéné, "Aku saiki wis tuwa banget.

3Kowé wis weruh dhéwé apa sing ditindakaké déning Pangéran, Allahmu marang bangsa-bangsa kéné kabèh kanggo kowé. Sing maju perang sejatiné Pangéran Allah piyambak.

4Tanahé bangsa-bangsa sing durung kita telukaké, mengkono uga tanahé bangsa-bangsa sing wis kita telukaké, yakuwi wiwit saka sawétané Kali Yardèn sapengulon tekan Segara Tengah, kabèh wis dakedum lan dakwènèhaké dadi duwèkmu.

5Pangéran Allahmu bakal gawé kalahé bangsa-bangsa mau, nganti samangsa koklurugi perang bakal padha keplayu. Lan kowé bakal ngenggoni tanahé dadi tanah pusakamu, kaya sing wis dijanjèkaké déning Pangéran Allahmu marang kowé.

6Mulané padha prelokna enggonmu ngèstokaké lan nglakoni kabèh sing katulis ing Kitabé Musa. Dhawuh-dhawuh mau aja ana sing kokrèmèhaké, senajan mung sapérangan waé.

7Kowé aja pisan-pisan sesrawungan karo bangsa-bangsa sing isih kari lan saiki ana ing tengah-tengahmu. Aja pisan-pisan ngucapaké jenengé allah-allahé bangsa-bangsa mau utawa sumpah atas jenengé. Kowé aja pisan-pisan ngabekti utawa sujud marang allah-allah mau.

8Malah kowé padha sing setya karo Pangéran Allahmu, kaya setyamu saiki.

9Bangsa-bangsa sing luwih kuwat ketimbang karo kowé wis padha disingkiraké déning Allah saka ing ngarepmu; ora ana bangsa siji waé sing tahan nglawan perang karo kowé.

10Wong siji panunggalanmu bisa ngalahaké wong éwon, merga Pangéran Allahmu sing maju perang kanggo kowé, kaya sing wis dadi janjiné.

11Mulané aja padha lali nresnani marang Pangéran Allahmu.

12Yèn kowé ora setya marang Allah, lan kèlu karo bangsa-bangsa mau,

13élinga, yèn Gusti Allah ora bakal nglungakaké bangsa-bangsa mau marang kowé. Malah bangsa-bangsa kuwi bakal mbebayani lan dadi memala kanggo kowé. Bangsa-bangsa mau bakal gawé sengsaramu, merga bakal dadi pecut kanggo nggitiki gegermu lan dadi klilip ing mripatmu. Kowé selawasé bakal nandhang sangsara nganti ora ana wong siji waé ing antaramu sing kari ana ing tanah sing ngresepaké, sing diparingaké Pangéran Allahmu marang kowé iki.

14Saiki wis tekan titi mangsané aku tinggal-donya. Kowé kabèh lan sawiji-wijiné wong ing antaramu, padha weruh dhéwé enggoné Pangéran Allahmu wis maringaké samubarang sing dijanjèkaké marang kowé. Saben prekara sing dijanjèkaké wis dileksanani. Siji waé ora ana sing kliwatan.

15Kaya déné Panjenengané enggoné wis ngleksanani apa sing dijanjèkaké, mengkono uga Panjenengané bakal ngganjar kowé nganggo paukuman sing wis didhawuhaké.

16Yèn kowé nerak prejanjiané Allah karo kowé, lan kowé nyembah marang allah-allah liyané, Gusti Allah bakal duka lan nekakaké paukumané marang kowé kabèh. Lan ora suwé sawisé kuwi kowé bakal ditumpes nganti ora ana wong siji waé sing kari urip ana ing tanah sing ngresepaké iki, sing diparingaké déning Allah marang kowé."



 <<  Yosua 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel