Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 24 >> 

1Taler-taler Israèl diklumpukaké kabèh déning Yosua ana ing Sikèm. Mulané para penggedhé, para pemimpin, para hakim lan para perwira padha teka ngadhep ing ngarsané Allah.

2Yosua banjur kandha karo umat Israèl kabèh mengkéné, "Padha rungokna pangandikané Pangéran, Allahé Israèl marang kowé. Allah ngandika, ‘Dhèk biyèn, para leluhurmu padha manggon ing sawétané Bengawan Éfrat. Nalika semono padha nyembah brahala utawa tetironé allah, yakuwi Térah, bapakné Abraham lan Nahor.

3Aku banjur nimbali Abraham, yakuwi leluhurmu, saka sabrangé Bengawan Éfrat mau, banjur Dakirid, Dakdhawuhi ndlajahi tanah Kenaan kabèh. Abraham Dakparingi turun akèh. Sekawit Dakparingi anak Iskak.

4Iskak Dakparingi anak loro, yakuwi Yakub lan Ésau. Ésau Dakparingi pegunungan Édom dadi tanah pusakané. Nanging Yakub, leluhurmu, boyongan menyang tanah Mesir karo anak-anaké.

5Aku banjur ngutus Musa lan Harun lan nekakaké kasangsaran gedhé marang Mesir; déné umat Israèl Dakentasaké.

6Leluhurmu Dakirid metu saka ing tanah Mesir, banjur dioyak déning wong Mesir nganggo kréta perang lan bala jaranan. Bareng leluhurmu tekan Segara Teberau,

7banjur padha sesambat marang Aku nyuwun tulung. Panggonan sing misahaké wong Israèl lan wong Mesir Dakgawé peteng ndhedhet, lan banyuné segara Daktekakaké, ngelebi wong Mesir nganti padha kleleb kabèh. Sebanjuré, apa sing Daktindakaké tumrap wong Mesir kowé wis padha ngerti kabèh. Sawisé mengkono kowé padha nglembara ing pesamunan nganti suwé banget.

8Kowé banjur Dakirid menyang tanahé wong Amori, sing manggon ing sawétané Kali Yardèn. Wong Amori padha nglawan marang kowé, nanging kowé Dakgawé menang. Tanahé wong Amori mau kokrebut, lan wong Amori Dakulungaké marang kowé srana perang.

9Banjur gentèn Moab, yakuwi Balak anaké Zipor, nglawan marang kowé. Balak mau akon ngundang Biléam anaké Béor, supaya nyupatani kowé.

10Nanging Biléam ora nyupatani, malah mberkahi kowé. Nganggo cara mengkono kowé padha Dakslametaké saka tangané Balak.

11Kowé banjur padha nyabrang Kali Yardèn, lan teka ing kutha Yérikho. Wong-wong Yérikho perang mungsuh kowé, semono uga wong Fèris, Kenaan, Hèt, Girgasi, Hèwi, lan wong Yébus. Nanging bangsa-bangsa kabèh mau Dakgawé kalah perangé karo kowé.

12Nalika kowé padha maju nempuh bangsa-bangsa mau, dhèwèkné Dakgawé bingung lan giris, temah raja Amori loro-loroné padha keplayu. Dudu pedhangmu lan dudu panahmu sing marakaké kowé menang.

13Tanah sing Dakparingaké marang kowé kuwi dudu asilé penggawému. Kutha-kutha sing Dakparingaké marang kowé kuwi dudu kowé sing yasa. Kowé rak kari ngenggoni. Saiki kowé mangan wohé wit anggur lan wit zaitun, nanging dudu kowé sing nandur.’"

14Sebanjuré Yosua kandha mengkéné, "Mulané saiki kowé padha ngabektia marang Allah. Padha ngabdia marang Panjenengané klawan éklasing ati lan kasetyan. Sarupané brahala sing disembah déning leluhurmu dhèk ana ing Mésopotamia lan ing tanah Mesir buwangen. Padha ngemungna ngabekti marang Allah piyambak.

15Saupama kowé padha ora gelem ngabdi marang Allah, padha netepna putusan ing dina iki uga, sapa sing arep kokbektèni. Apa brahala-brahala sing biyèn disembah déning para leluhurmu ing Mésopotamia, apa brahala-brahalané wong Amori sing panggonané saiki kokenggoni. Déné aku lan kulawargaku, arep padha ngabekti marang Allah."

16Umat Israèl banjur padha mangsuli, "Kula mboten badhé nilar Gusti Allah lan gentos ngabekti dhateng brahala-brahala!

17Pangéran Allah piyambak ingkang sampun ngluwari leluhur kita lan kula sedaya saking enggèn kula dados réncang tumbasan ing tanah Mesir. Kula sampun sami sumerep kaélokan-kaélokan ingkang kaasta déning Allah. Allah sampun ngreksa lan ngayomi kula ing samargi-margi, nalika kula sami mlampah nglangkungi tanah-tanah ngamanca.

18Lan nalika kula sami mlebet ing negari menika, inggih Gusti Allah piyambak ingkang ngésahaken tiyang Amori sedaya, ingkang suwau manggèn ing ngriki. Pramila kula sami purun ngabekti dhateng Pangéran, mergi Panjenenganipun menika Allah kula."

19(24:19-20) Yosua banjur kandha menèh, "Nanging Pangéran mono Allah kang suci. Panjenengané ora kersa ditandhingi. Dadi bisa uga kowé mbésuk bakal ora kuwat nerusaké enggonmu ngabdi marang Panjenengané. Sebab yèn nganti kowé nyingkur Panjenengané lan nyembah marang allah-allah liyané, Panjenengané bakal ora ngapura dosamu, malah bakal nglawan lan ngukum kowé kabèh. Kowé bakal ditumpes, senajan Panjenengané biyèn ngasihi kowé."

20(24:19)

21Wong-wong Israèl nuli padha mangsuli, "Èstu mboten, kula mboten badhé nyembah dhateng allah sanèsipun. Kula namung badhé ngabekti dhateng Gusti Allah kémawon!"

22Yosua banjur kandha menèh, "Saiki kowé dhéwé sing neksèni yèn kowé wis mutusaké mung arep ngabekti marang Allah piyambak." Wangsulané wong akèh mau, "Inggih, kula piyambak seksinipun."

23Kandhané Yosua menèh, "Yèn mengkono, allah-allahan sing padha koksimpen kuwi buwangen, lan padha sumpaha yèn kowé bakal setya marang Pangéran, Allahé Israèl."

24Wong-wong mau banjur padha matur marang Yosua mengkéné, "Kula badhé sami ngabekti dhateng Pangéran Allah kémawon. Kula badhé sami ngèstokaken dhawuh-dhawuhipun."

25Ing dina iku ing Sikèm, Yosua gawé prejanjian karo bangsa Israèl, banjur medharaké dhawuh-dhawuh lan prenatan-prenatan sing kudu padha ditetepi.

26Dhawuh-dhawuh lan prenatan-prenatan mau banjur ditulis déning Yosua ana ing Kitab Angger-anggeré Allah. Dhèwèkné banjur njupuk watu gedhé, diedegaké ing ngisor wit gedhé ing panggonan sing disucèkaké kagem Gusti Allah.

27Sawisé mengkono banjur kandha karo wong kabèh, "Watu iki dadia seksi kanggo kowé lan aku. Sakèhé tembung sing diucapaké, kuwi wis diucapaké ana ing ngarepé watu iki. Dadiné watu iki sing bakal dadi seksi ing ngatasé kowé kabèh, samasa kowé mbésuk mbangkang marang Allahmu."

28Sawisé mengkono Yosua nglilani wong-wong mau mulih; mula wong kabèh banjur padha bali menyang omahé dhéwé-dhéwé.

29Sawisé mengkono Yosua bin Nun, abdiné Allah, banjur tilar-donya; nalika semono umuré satus sepuluh taun.

30Yosua dikubur ana ing lemahé dhéwé ing Timnat-Sérah, ing pegunungan Éfraim, saloré Gunung Gaas.

31Selawasé Yosua isih urip, umat Israèl padha ngabekti marang Allah. Semono uga sawisé Yosua tilar-donya lan selawasé pemimpin-pemimpin sing padha nyipati dhéwé pakaryané Gusti Allah kanggo umat Israèl, isih padha urip.

32Jisimé Yusuf sing biyèn digawa umat Israèl saka tanah Mesir, dikubur ing Sikèm, ing palemahan sing biyèn dituku déning Yakub saka anak-anaké Hémor, bapakné Sikèm, rega satus dhuwit slaka. Palemahan mau diwarisaké marang anak-turuné Yusuf.

33Déné Èléazar anaké Harun, uga tilar-donya lan dikubur ing Gibéa, yakuwi kutha sing dunungé ing daérah pegunungan Éfraim. Kutha mau wis diwarisaké marang Pinéhas, anaké Èléazar.



 <<  Yosua 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel