Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 4 >> 

1Bareng wong kabèh wis rampung enggoné nyabrang Kali Yardèn, Gusti Allah banjur ngandikani Yosua mengkéné,

2"Miliha wong rolas, saben taler siji.

3Dhawuhana njupuk watu rolas saka ing tengahé Kali Yardèn, ing panggonané para imam padha ngadeg. Watu-watu mau konen nggawa menyang panggonan sing arep dienggo pasang kémah, kanggo turu mengko bengi."

4Yosua banjur nglumpukaké wong rolas sing wis dipilih mau,

5nuli dikandhani mengkéné, "Menyanga ing Kali Yardèn, ing sangarepé Pethi Prejanjiané Pangéran Allahmu. Njupuka watu sing ana ing kono, saben wong nggawa siji, kanggo saben taleré Israèl watu siji.

6Watu-watu mau minangka pengéling-éling kanggo umat Israèl, bab apa sing wis katindakaké déning Pangéran. Mbésuk yèn anak-anakmu padha takon apa tegesé watu-watu kuwi,

7kandhakna yèn nalika Pethining Prejanjian dipikul, nyabrang, iliné Kali Yardèn kandheg ing kéné. Watu-watu mau bakal tansah ngélingaké bangsa Israèl marang apa sing kelakon ana ing kéné."

8Wong rolas mau nuli nglakoni apa sing didhawuhaké. Lan kaya sing wis dingandikakaké déning Allah marang Yosua, wong-wong mau padha njupuk watu rolas saka ing tengahé Kali Yardèn, saben taler watu siji, lan digawa menyang panggonané pasang kémah.

9Ana ing tengahé Kali Yardèn, Yosua iya numpuk watu rolas, pas ing panggonané para imam sing mikul Pethining Prejanjian mau padha ngadeg. (Watu-watu mau isih ana tekan sepréné.)

10Para imam sing padha mikul Pethining Prejanjian mau tetep padha ngadeg ana ing tengahé Kali Yardèn kono nganti wong-wong sing didhawuhi njupuk watu rampung enggoné nindakaké dhawuhé Gusti Allah lantaran Yosua. Iki kabèh cocog karo pituduh-pituduh sing diparingaké déning Musa marang Yosua. Umat Israèl énggal-énggal nyabrang.

11(4:11-13) Cocog karo pituduhé Musa, para prejurité taler Rubèn, Gad lan sapérangané taler Manasyè sing wis siaga ing perang mlaku ing ngarep dhéwé, ndisiki lakuné umat kabèh, nyabrang ing Kali Yardèn. Allah nunggil karo prejurit sing nggawa gegaman sapepaké mau. Cacahé kabèh ana patang puluh èwu; enggoné mentas ana ing aréné Yérikho. Sawisé umat Israèl kabèh rampung enggoné nyabrang, para imam sing padha mikul Pethining Prejanjian banjur mlaku menèh ing ngarepé umat.

12(4:11)

13(4:11)

14Ing dina kuwi Allah nindakaké kaélokan-kaélokan sing marakaké bangsa Israèl kabèh éring marang Yosua lan ngakoni Yosua dadi pemimpining bangsa. Kaya mengkono umat Israèl enggoné ngurmati marang Yosua, sajegé uripé, ora béda karo enggoné ngurmati marang Musa.

15Gusti Allah dhawuh karo Yosua,

16supaya para imam sing padha mikul Pethining Prejanjian padha mentas.

17Yosua nuli nglakoni apa sing didhawuhaké déning Allah.

18Kacrita, bareng para imam mentas saka ing Kali Yardèn, kaliné banjur mili menèh kaya sing uwis-uwis.

19Mentasé umat Israèl saka ing Kali Yardèn mau mbeneri tanggal sepuluh sasi kapisan. Banjur padha pasang kémah ing Gilgal, sawétané kutha Yérikho.

20Ana ing papan kono Yosua numpuk watuné rolas olèhé nggawa saka kali.

21Yosua banjur kandha karo umat Israèl, "Mbésuk yèn anak-anakmu padha takon apa tegesé watu-watu iki,

22padha critakna lelakon sing dialami umat Israèl nalika nyabrang ing Kali Yardèn kéné, yaiku enggoné mlaku ngambah lemah gasik.

23Anak-anakmu critanana yèn Pangéran Allahmu ndadèkaké Kali Yardèn garing kanggo umaté, nganti wong kabèh rampung enggoné nyabrang, ora béda karo nalika Panjenengané ndadèkaké Segara Teberau asat kanggo umaté.

24Merga saka lelakon mau wong sajagad kabèh bakal padha weruh gedhéning pangwasané Allah. Lan kowé kabèh iya bakal ngluhuraké Pangéran Allahmu ing selawas-lawasé."



 <<  Yosua 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel