Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 7 >> 

1Gusti Allah wis ndhawuhi umat Israèl, yèn apa waé sing ana ing kutha Yérikho kudu disirnakaké. Ora ana barang siji waé sing olèh dijupuk. Nanging dhawuh mau ora dièstokaké. Ana wong lanang, jenengé Akhan, nerak larangan mau, temah Gusti Allah duka banget karo umat Israèl kabèh. (Akhan kuwi anaké Karmi, putuné Zabdi, trahé Zérah, saka taler Yéhuda.)

2Nalika semono Yosua ngutus wong sawetara lunga saka kutha Yérikho menyang kutha Ai, sawijining kutha cilik ing sawétané kutha Bètèl, cedhak Bèt-Awèn. Wong-wong sing diutus mau dikon nelik kutha Ai. Sawisé nglakoni tugasé,

3wong-wong mau banjur padha lapur marang Yosua, aturé, "Kula kinten mboten prelu kita sedaya nglurug dhateng kitha Ai. Tiyang kalih utawi tigang èwu kémawon sampun cekap, mergi kithanipun namung alit kémawon."

4Dadiné sing dikirim nyerang kutha Ai mung wong telung èwu. Nanging wong-wong mau dilawan nganti kepeksa mundur,

5lan dioyak déning wong Ai saka gapurané kutha nganti adoh banget, karo matèni wong Israèl telung puluh nem ing pèrèngé gunung. Mulané wong Israèl banjur geter atiné.

6Yosua lan para penggedhéné umat Israèl padha sedhih banget. Banjur padha nyuwèk-nyuwèk penganggoné lan sedina sewengi ungkeb-ungkeb ing bumi, ing sangarepé Pethi Prejanjian, karo sirahé diuwur-uwuri awu, kanggo nélakaké sedhihing atiné, merga kepatèn.

7Unjuké Yosua marang Allah, "Dhuh Pangéran, Allah kawula! Menapa ginanipun Paduka ngirid kawula sami dumugi ing sabranging Lèpèn Yardèn menika? Menapa namung badhé ngulungaken kawula dhateng tanganipun tiyang Amori? Menapa supados kawula sami dipun pejahi ing ngriki? Rak langkung prayogi menawi kawula sami pejah wonten ing sawétaning Lèpèn Yardèn kémawon?

8Dhuh Pangéran. Tiyang Israèl sampun dipun lawan lan kadhesek mundur. Samenika kawula kedah matur kadospundi?

9Tiyang-tiyang Kenaan lan tiyang sanès-sanèsipun ing daérah ngriki sedaya badhé mireng prekawis menika. Temtu kawula lajeng sami badhé dipun kepung lan dipun pejahi sedaya! Lajeng menapa ingkang badhé Paduka tindakaken kanggé mulihaken kaluhuran Paduka?"

10Pangandikané Allah, "Tangia! Yagéné kowé kokungkeb-ungkeb ana ing bumi mengkono?

11Wong Israèl wis gawé dosa. Rak wis padha Dakdhawuhi supaya ngèstokaké prejanjian-Ku, nanging padha diterak! Barang-barang sing mesthiné kudu disirnakaké, ana sing dijupuk. Barang-barang mau dicolong lan didhelikaké ing antarané barang-barangé dhéwé, lan éthok-éthok ora ngerti!

12Yakuwi sebabé olèhé perang kalah. Enggoné kadhesek mundur kuwi merga dhèwèké dhéwé wis kena ing paukuman lan arep disirnakaké. Aku ora arep nunggil karo kowé menèh, yèn barang-barang sing ora kena dijupuk mau durung disirnakaké.

13Saiki ngadega, Yosua! Umat Israèl sucèkna, konen ngadhep ing ngarsa-Ku. Préntahna supaya sésuk padha nglumpuk, merga Aku Pangéran, Allahé Israèl arep ngandika mengkéné, ‘Hé wong Israèl! Barang-barang sing wis Dakdhawuhaké supaya disirnakaké, sapérangan ana sing kokpèk. Sadurungé barang-barang mau kokbuwang, kowé bakal tansah kalah karo mungsuhmu.’

14Mulané Yosua, kandhanana yèn sésuk-ésuk saben taler bakal dipriksa. Yèn ana taler sing katuding, kabèh trah sing ana ing taler mau kudu maju. Lan yèn Aku nuding salah sijiné trah, kabèh brayat sing ana ing trah mau kudu maju. Sawisé kuwi yèn Aku nuding salah sijiné brayat, kabèh wong sing ana ing brayat mau kudu maju siji-siji.

15Lan wong sing dituding lan ketitik nyimpen barang-barang larangan mau, wong mau kudu diobong, bareng karo brayaté lan barang-darbèké kabèh. Merga wong kuwi sing nerak prejanjian lan nekakaké kanisthan gedhé ing ngatasé umat Israèl."

16Ésuké, isih umun-umun, Yosua nyowanaké bangsa Israèl ing ngarsané Pangéran, sataler-sataler. Taler Yéhuda katuding.

17Yosua banjur ngakon maju, trah siji-siji. Trahé Zérah katuding. Yosua banjur ngajokaké trahé Zérah, sebrayat-sebrayat. Brayaté Zabdi sing katuding.

18Sawisé mengkono Yosua banjur ngajokaké brayaté Zabdi, wongé ditimbali siji-siji. Sing katuding Akhan, anaké Karmi, putuné Zabdi.

19Kandhané Yosua marang Akhan, "Nggèr, akonana lan matura ing ngarsané Pangéran, Allahé Israèl. Blakakna marang aku apa sing wis koklakoni, aja ana sing koktutup-tutupi."

20Aturé Akhan, "Leres, Pak; kula sampun damel dosa ing ngarsanipun Pangéran, Allahipun Israèl. Kula sampun nglampahi mekaten:

21Ing antawisipun barang-barang ingkang kita rebat, kula sumerep wonten jubah Babilonia ingkang saé sanget. Kula inggih sumerep wonten slaka menapa, wetawis kalih kilogram, lan emas salonjor ingkang awratipun wetawis setengah kilogram. Kula kepéngin nggadhahi barang-barang menika, mila lajeng kula pendhet. Barang-barang wau sedaya lajeng kula pendhem wonten ing tengahing kémah kula; slakanipun kula sukakaken wonten ing ngandhap piyambak."

22Yosua banjur énggal-énggal utusan wong menyang kémahé Akhan. Nyata barang-barang mau kabèh dipendhem ana ing kémahé Akhan, slakané disèlèhaké ana ing ngisor dhéwé.

23Barang-barang mau banjur dijupuk lan digawa menyang ngarepé Yosua lan wong Israèl kabèh, nuli disuntak ana ing ngarsané Allah.

24Akhan banjur dicekel déning Yosua lan wong Israèl kabèh, digawa menyang Lebak Akhor, saanak-anaké, sapiné, kuldiné, wedhusé, kémahé lan sabarang duwèké kabèh, mengkono uga slaka, jubah lan emas olèh-olèhané nyolong.

25Kandhané Yosua marang Akhan, "Yagéné kowé kokgawé susahé umat Israèl? Saiki genti Pangéran bakal nekakaké kasusahan marang kowé." Wong Israèl kabèh banjur mbenturi Akhan nganggo watu nganti mati. Brayaté lan barang-darbèké kabèh iya dibenturi watu lan diobong nganti entèk.

26Sawisé mengkono banjur ditumpuki watu akèh banget. Watu-watu mau isih ana tekan sepréné. Mulané panggonan kono tekan sepréné karan "Lebak Akhor". Dukané Allah banjur lilih.



 <<  Yosua 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel