Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 8 >> 

1Gusti Allah ngandika karo Yosua, "Lungaa karo tentaramu kabèh menyang Ai. Aja geter lan aja wedi! Kowé bakal ngalahaké raja Ai; rakyaté, kuthané lan tanah jajahané kabèh bakal dadi duwèkmu.

2Ai lan rajané kudu kokpatèni kaya Yérikho lan rajané dhèk semana. Nanging saiki barang-barang lan raja-kayané olèh kokjupuk lan kokpèk dhéwé. Padha cecawisa nyerang kutha mau saka mburi, ing wektu sing ora kanyana-nyana."

3Yosua banjur tata-tata nglurugi Ai karo nggawa balané kabèh. Yosua milih prejurit telung puluh èwu sing apik dhéwé, dikon nyerang kutha mau ing wayah bengi,

4karo dikandhani mengkéné, "Kowé ndhelika ing sisih kanané kutha, nanging aja adoh-adoh; kowé kudu terus siaga, siap nyerbu kutha kuwi.

5Aku lan wongku daknyedhaki kutha mau saka sisih kéné. Yèn wong Ai metu saka ing kuthané arep methukaké perang nglawan aku, aku dakréka-réka mbalik lan mlayu kaya dhèk biyèn.

6Wong Ai bakal ngoyak aku terus nganti adoh saka kuthané, kaya sing wis.

7Yèn wis ngono kowé nuli metua saka pandhelikanmu lan ngrebut kutha kuwi. Pangéran Allahmu bakal ngulungaké kutha Ai marang kowé.

8Sawisé kokrebut kutha mau banjur kudu kokobong kaya dhawuhé Gusti Allah. Wis, lakonana!"

9Sing padha kautus banjur mangkat, nuli padha ndhelik ngentèni ing sakuloné kutha Ai, yakuwi ing antarané Ai lan Bètèl. Yosua dhéwé nginep ana ing palèrènan.

10Ésuké sawisé tangi, Yosua ngabani prejurit-prejurité supaya padha nglumpuk. Yosua lan para penggedhéné Israèl nuli ngirid tentara mau menyang Ai.

11Lakuné ngener ing gapurané sing gedhé dhéwé, nuli pasang kémah ing saloré kutha. Ing antarané panggonané pasang kémah lan kutha Ai ana tanahé rata.

12Sakuloné kutha ana prejurité kurang luwih limang èwu sing dikon ndhelik ana ing antarané Ai lan Bètèl.

13Tentarané Yosua ditata mengkéné: pasukan tempur diprenahaké ing saloré kutha, pasukan liyané ing sisih Kulon. Yosua dhéwé nginep ing lebak sing tanahé rata.

14Bareng raja Ai weruh prejurité Yosua, banjur énggal-énggal tumindak. Raja mau lan tentarané kabèh metu menyang Lebak Yardèn arep nempuh wong-wong Israèl ing panggonané sing dhisik; ora ngerti yèn sedhéla menèh dhèwèké bakal diserang saka mburi.

15Yosua lan tentarané réka-réka keplayu; playuné ing ara-ara samun.

16Wong lanang ing kutha Ai kabèh dikon metu ngoyak Yosua lan tentarané. Saya adoh enggoné ngoyak Yosua, saya adoh wong-wong mau saka ing kuthané.

17Mengkono saben wong ing Ai metu mburu wong Israèl, temah kuthané ditinggal suwung, tanpa dijaga.

18Gusti Allah banjur ngandika marang Yosua, "Tumbakmu angkaten lan acungna menyang Ai. Kutha kuwi wis Dakulungaké marang kowé." Yosua banjur nindakaké apa sing didhawuhaké déning Pangéran.

19Weruh Yosua ngacungaké tangané, pasukan sing ndhelik énggal-énggal metu saka pandhelikané, banjur nyerbu mlebu ing kutha lan ngrebut kutha mau.

20(8:20-21) Wong-wong Ai bareng nolèh memburi banjur weruh kebul kumelun sundhul ing langit. Yosua lan wadyabalané uga weruh kebul mau lan ngerti yèn pasukan liyané wis mlebu lan ngrebut kuthané.

21(8:20)

22Pasukan sing wis mlebu kutha mau banjur mèlu campuh ing perang. Kaya mengkono wong-wong Ai kakepung déning tentara Israèl, lan dipatèni kabèh. Siji waé ora ana sing lolos, kabèh dipatèni.

23Mung raja Ai sing urip. Raja mau dicekel lan digawa ngadhep marang Yosua.

24Kaya mengkono tentara Israèl wis matèni tentarané mungsuh sing mauné ngoyak dhèwèké tekan ara-ara samun. Sabaliné ing Ai saka pesamunan, mungsuh mau dipatèni kabèh.

25(8:25-26) Yosua terus waé ngacungaké tumbaké menyang Ai lan ora didhun-dhunaké nganti wong Ai wis dipatèni kabèh. Ing dina kuwi wong saisiné kutha Ai mati kabèh. Cacahé lanang lan wadon ana rolas èwu.

26(8:25)

27Déné raja-kaya lan barang-barang ing kutha kono dijarah-rayah lan olèh-olèhané kena dipèk wong Israèl dhéwé, kaya sing didhawuhaké déning Pangéran marang Yosua.

28Ai diobong déning Yosua lan ditogaké dadi gempuran tekan sepréné.

29Raja Ai digantung ing wit lan ditogaké ing kono nganti soré. Bareng srengéngéné surup, Yosua kongkonan wong ngedhunaké jisimé raja mau digawa menyang dalan sing arep mlebu ing kutha. Jisimé banjur diurugi nganggo watu akèh banget. Watu-watu mau isih ana tekan sepréné.

30Sawisé mengkono Yosua banjur yasa mesbèh ing Gunung Ébal konjuk marang Pangéran, Allahé Israèl.

31Mesbèh mau digawé miturut pituduh-pituduhé Musa, abdiné Allah, marang Israèl, merga ing Kitabé Musa ana tulisan mengkéné, "Mesbèh mono kudu digawé saka watu-watu sing durung tau digarap nganggo piranti saka wesi." Wong-wong Israèl padha nyaosaké kurban obongan lan korban keslametan konjuk marang Allah.

32Yosua nulis dhawuh-dhawuhé Allah sing kasebut ing Kitabé Musa, ana ing watuné mesbèh mau, diseksèni déning wong Israèl kabèh.

33Wong-wong Israèl karo para penggedhé, para perwira, para hakim lan uga wong-wong manca sing manggon ing antarané wong Israèl padha ngadeg ing sisih kiwa lan sisih tengené Pethi Prejanjian. Patrapé ngadhepaké para imam Lèwi sing mikul Pethi mau, sing separo madhep marang Gunung Gérizim, sing separo madhep marang Gunung Ébal. Kabèh mau wis didhawuhaké déning Musa, abdiné Allah, marang bangsa Israèl lan kudu ditindakaké samasa wis nampa berkah sing dijanjèkaké déning Allah.

34Yosua banjur maos dhawuh-dhawuhé Gusti Allah klawan swara sora, cocog karo sing katulis ing Kitab Angger-anggeré Allah, sing isi berkah-berkah lan paukuman-paukuman.

35Saben dhawuh sing katulis Musa ana ing Kitab Angger-anggeré Allah mau diwaosaké déning Yosua marang umat Israèl sing nglumpuk ana ing kono, semono uga wong wadon, bocah lan wong-wong manca sing manggon ing tengahé wong Israèl.



 <<  Yosua 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel