Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 10 >> 

1Padha nyuwuna udan marang Pangéran ing mangsa semi! Sebab Pangéran sing yasa mendhung lan udan; sing damel tanduran ijo royo-royo kanggo saben wong.

2Wong padha takon karo reca-reca lan tukang ramal, nanging wangsulané kuwi goroh, kothong tanpa teges. Ana sing nerangaké impèn, nanging kuwi mung nasaraké kowé; panglipuré tanpa guna. Mulané wong-wong mau padha nglembara kaya wedhus tanpa pangon. Padha nampa karubedan, merga ora duwé pemimpin.

3Pangandikané Pangéran, "Aku duka marang wong manca sing padha njajah bangsa-Ku, mulané bakal padha Dakukum. Bangsa Yéhuda kuwi kagungan-Ku, lan Aku Pangéran Kang Mahakwasa sing bakal ngrimati wong-wong mau. Bakal Dakgawé tentara jaranan sing prakosa.

4Saka turuné Yéhuda bakal muncul raja-raja lan pangwasa-pangwasa sarta sénapati-sénapati sing ngerèh marang umat-Ku.

5Bangsa Yéhuda bakal unggul kaya prejurit sing ngidak-idak mungsuhé ana ing blethoking dalan. Umat mau bakal perang kanthi kendel, merga Pangéran ngamping-ampingi dhèwèké, mulané bakal padha ngremuk mungsuhé senajan mungsuh mau nggawa tentara jaranan.

6Umat Yéhuda bakal Dakgawé rosa; Israèl bakal Dakluwari. Bakal padha Dakwelasi lan Dakulihaké menyang tanahé. Kaanané kaya-kaya ora tau Daksébrataké. Aku iki Pangéran Allahé; Aku bakal nyembadani sapanyuwuné.

7Umat Israèl bakal padha dadi rosa kaya pahlawan, atiné bakal bingar kaya kena dayaning anggur. Para turun-turuné bakal padha kèlingan kemenangané, sarta padha bungah merga saka pakaryané Pangéran.

8Aku bakal nimbali umat-Ku sarta Dakklumpukaké dadi siji. Bakal padha Dakluwari lan tangkar-tumangkar kaya mauné.

9Senajan wis Dakbuyaraké ana ing antarané bangsa-bangsa, éwasemono ana ing tanah sing adoh mau tansah padha éling marang Aku. Wong-wong mau lan anak-turuné bakal padha tetep urip sarta bakal bali bebarengan menyang tanahé.

10Bakal padha Dakulihaké saka Mesir lan saka Asyur, sarta Dakpapanaké ana ing tanahé dhéwé. Bakal Dakpapanaké ing Giléad lan iya ing Libanon; satanah kono kabèh bakal kebak wong.

11Samasa padha nyabrang lan ngalami karubedan, Aku, Pangéran, bakal nyabet aluné segara, sarta kedhung-kedhungé Bengawan Nil bakal dadi garing. Asyur sing umuk kuwi bakal kwirangan, lan Mesir sing rosa bakal kélangan kekuwatané.

12Umat-Ku bakal Dakgawé rosa; lan bakal padha ngabekti marang Aku sarta mbangun-turut marang Aku. Mengkono pangandikané Pangéran."



 <<  Zakharia 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel