Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 11 >> 

1Hé Libanon, wengakna gapuramu, supaya wit èrèsmu kena diobong nganti tapis.

2Hé wit sanobar, nangisa lan sambat-sambata, sebab wit-wit èrès wis padha rubuh; wit sing dhuwur-dhuwur wis sirna kabèh! Padha nangisa lan sesambata, hé wit élon ing Basan, alas sing gedhé kuwi wis dibabadi nganti resik!

3Para raja padha tangisan saka sedhihing atiné, wis ilang kaluhurané. Padha rungokna panggeroning singa-singa; merga alas-alas sauruté Kali Yardèn, panggonané ndhelik wis sirna kabèh!

4Pangéran Allahmu ngandika marang aku mengkéné, "Dadia pangoné golongané wedhus gèmbèl sing arep disembelèh.

5Wedhus-wedhus mau padha dipatèni déning sing duwé, lan ora ana wong sing ngukum. Wong-wong mau padha ngedol dagingé sarta kandha, ‘Pinujia Pangéran! Kita wis dadi sugih!’ Senajan pangoné wedhus dhéwé padha ora duwé welas karo wedhusé."

6Pangéran ngandika, "Aku bakal ora maringi kawelasan menèh ana ing bumi. Sakèhing umat bakal Dakpasrahaké ing tangané para penggedhéné. Para penggedhé mau bakal ngrusak bumi, lan Aku bakal ora nguwalaké bumi saka pangwasané para penggedhé mau."

7Aku banjur diséwa déning wong sing adol lan wong sing tuku wedhus, mulané aku banjur dadi pangoné wedhus-wedhus sing bakal disembelèh. Aku banjur nggawa teken loro: sing siji dakjenengaké: "Kawelasan," sijiné "Manunggal". Pepanthan mau banjur dakengon.

8Sajroning sesasi aku mecat pangon telu, sing padha sengit karo aku, merga aku wis ora sabar menèh.

9Aku banjur kandha karo pepanthaning wedhusku, "Aku wis emoh ngengon kowé menèh. Sing arep mati, matia, sing arep ilang, ilanga. Sing isih kari karebèn padha patèn-patènan dhéwé."

10Tekenku sing jeneng "Kawelasan" banjur dakjupuk, dakputung kanggo mbatalaké prejanjiané Pangéran karo para bangsa.

11Dadiné ing dina kuwi prejanjian mau wis batal. Wong sing padha tuku lan adol wedhus padha nyawang aku, merga padha ngerti yèn Pangéran ngandika lantaran penggawéku.

12Kandhaku karo-karo wong-wong mau, "Yèn kowé cocog, aku wènèhana opah. Yèn ora, iya wis." Aku banjur dibayar telung puluh dhuwit slaka minangka opahku.

13Pangéran ngandika marang aku mengkéné, "Dhuwit kuwi simpenen ana ing Kas Pedaleman-Ku." Dhuwit slaka telung puluh iji mau banjur daksimpen ing Kas Pedalemané Allah; dhuwit semono mau rumangsané wong-wong wis akèh banget kanggo ngregani tenagaku.

14Teken sing kapindho sing karan "Manunggal" banjur dakputung, mretandhani yèn Yéhuda lan Israèl wis pecah.

15Pangéran banjur ngandika mengkéné, "Kowé dadia pangon sepisan menèh, saiki dadia pangon sing tanpa-guna.

16Aku wis ngangkat pangon, Dakdhawuhi ngrumati golongané wedhus-wedhus-Ku, nanging pangon mau ora njaga para wedhus, sing kaancam déning karusakan. Sing ilang ora digolèki, sing ketaton ora ditambani, lan wedhus liyané ora dipakani. Nanging wedhus sing lemu dhéwé malah disembelèh, dipangan dagingé tekan tracaké.

17Cilaka pangon sing tanpa guna kuwi! Pangon mau wis ninggal pepanthané. Samasa ketekan perang, pangwasané bakal sirna; tangané bakal apus lan mripaté tengen bakal dadi wuta."



 <<  Zakharia 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel