Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 2 >> 

1Ana ing wahyu liyané aku weruh ana priya nyekel tali ukuran.

2Aku banjur takon, "Panjenengan badhé tindak dhateng pundi?" Wangsulané wong mau, "Arep ngukur Yérusalèm, kepéngin weruh pira ambané lan pira dawané."

3Malaékat sing ngandikan karo aku mau banjur majeng, lan ana malaékat liyané sing methukaké.

4Malaékat sing kapisan mau ngandika karo sing methukaké, "Mlayua, nonoman sing nggawa tali ukuran kaé kandhanana, yèn merga saka akèhé wong lan kéwan sing manggon ing Yérusalèm kéné, kuthané bakal kegedhèn saupama diubengi bètèng.

5Pangéran wis janji, yèn Panjenengané piyambak sing bakal jumeneng dadi témbok geni ing sakubengé kutha lan ngreksa kutha mau. Panjenengané bakal dedalem ana ing kana ngagem sakèhing kamulyané."

6(2:6-7) Pangandikané Pangéran marang umat kagungané, "Kowé wis padha Dakgawé buyar saenggon-enggon. Nanging saiki, hé wong sing padha ana ing pembuwangan, padha metua saka tanah Babil, balia menyang Yérusalèm.

7(2:6)

8Sing sapa nggepok kowé presasat nggepok maniking mripat-Ku." Pangéran Kang Mahakwasa ngutus aku martakaké pangandika mau marang para bangsa sing biyèn padha njarah-rayah umat kagungané. Dhawuhé,

9"Pangéran piyambak sing bakal perang nglawan kowé, lan kowé bakal gentèn dijarah-rayah déning umat sing biyèn dadi baturmu." Samasa kuwi kelakon, saben wong bakal ngerti yèn Pangéran piyambak sing ngutus aku.

10Pangandikané Pangéran, "Hé wong sing padha manggon ing Yérusalèm, padha surak-suraka! Aku bakal dedalem ana ing tengahmu!"

11Ing mangsa kuwi bakal akèh bangsa sing padha sowan ing ngarsané Pangéran sarta dadi umaté. Panjenengané bakal dedalem ana ing tengahmu, lan kowé bakal weruh yèn Panjenengané sing ngutus aku marang kowé.

12Yéhuda bakal dadi umat pilihané Pangéran menèh ana ing tanahé kang suci, lan Yérusalèm bakal dadi kutha sing ditresnani piyambak.

13Padha menenga, hé saben wong sing ana ing ngarsané Pangéran, awit Panjenengané tedhak saka Pedalemané Kang Suci.



 <<  Zakharia 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel