Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 7 >> 

1Ing taun sing kaping papat jamané Dharius jumeneng raja, ing dina kaping papat, sasi ping sanga (sasi Kislèw), Pangéran ngandika marang aku.

2Wong-wong sing manggon ing Bètèl padha kongkonan Sarèzèr lan Règèm-Mèlèkh sakancané menyang Pedalemané Allah Pangéran Kang Mahakwasa, supaya ndedonga nyuwun berkahé Pangéran.

3Sarta takon marang para imam lan para nabi mengkéné, "Menapa kula sami kedah nglajengaken enggèn kula sami siyam nangisi risaking Pedalemanipun Allah ing wulan kaping gangsal kados ingkang sampun sami kula lampahi mataun-taun?"

4Pangandikané Pangéran sing diparingaké aku mengkéné,

5"Wong kabèh lan para imam kandhanana yèn enggoné padha pasa lan nangis ing sasi lima lan kapitu sajroné pitung puluh taun iki, kuwi ora kanggo ngurmati Aku.

6Samasa padha mangan lan ngombé kuwi apa ora kanggo awaké dhéwé?"

7Kaya mengkono pangandikané Pangéran lantaran para nabi sing dhisik, nalika Yérusalèm isih makmur lan dienggoni wong akèh, ora mung sing padha manggon ana ing kutha-kutha sakiwa-tengené kutha Yérusalèm, nanging iya ing wilayah sisih Kidul lan ing pegunungan sisih Kulon.

8Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang Zakharia,

9"Dhèk jaman kuna umat-Ku Dakdhawuhi mengkéné, ‘Nindakna keadilan, nindakna katresnan lan kawelasan siji karo sijiné.

10Aja nindhes randha, bocah lola lan wong manca sing padha manggon ana ing satengahmu, sarta sedhéngah wong kecingkrangan liyané. Apa menèh aja padha ngrancang gawé piala marang padha sedulur.’

11Nanging umat-Ku wangkal lan wegah ngrungokaké. Padha nutupi kupingé lan ngatosaké atiné kaya watu.

12Sarèhné padha ora gelem ngrungokaké piwulang sing Dakpréntahaké lantaran para nabi sing Dakutus dhèk jaman biyèn, mulané Aku duka banget.

13Sarèhné padha ora ngrungokaké pangandika-Ku, mulané Aku iya ora midhangetaké pandongané.

14Kaya carané angin prahara, mengkono wong-wong mau padha Daksebul, mula padha buyar manggon ing tanah manca. Tanah iki dadi panggonan sing suwung, sepi mamring."



 <<  Zakharia 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel