Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 12 >> 

1Saiki bab peparingé Roh. Para Sadulur, karepku kowé padha nyumurupana ing sanyatané.

2Kowé rak padha sumurup, yèn ing nalikané kowé durung padha wanuh karo Allah, kowé padha kagèndèng marang brahala-brahala kang bisu.

3Mulané kowé padha daksumurupaké, menawa ora ana wong kang guneman marga saka Rohé Allah kok bisa kandha, "Yésus kena ing ipat-ipat!" lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni, "Yésus iku Gusti," yèn ora marga déning Roh Suci.

4Peparing iku warna-warna, nanging Roh iku mung siji.

5Lan wujuding paladosan iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji.

6Apadéné panggawé kang ngéram-éramaké iku manéka warna, nanging Allah mung siji kang nindakaké samubarang ana ing wong kabèh.

7Nanging saben wong kaparingan wedharané Roh kanggo kapreluaning wong akèh.

8Sabab, kang siji kaparingan déning Roh ganjaran bisa guneman kanthi kawicaksanan, sijiné tampa peparing bisa guneman kanthi kawruh iya saka Roh iku uga.

9Kang siji kaparingan pracaya, iya déning Roh iku mau, lan sijiné tampa peparing bisa marasaké iya saka Panjenengané uga.

10Kang siji peparing bisa nganakaké mukjijat, sijiné pamedhar wangsit, sijiné manèh kabisan mbédak-mbédakaké sawarnaning roh. Kang siji kabisan guneman nganggo basa roh, sijiné manèh kabisan njarwakaké basa roh mau.

11Nanging iki mau kabèh katindakaké déning Roh siji iku uga, kang paring ganjaran marang saben wong dhéwé-dhéwé ing sakarsané.

12Sabab, kayadéné badan iku siji, mangka anggotané akèh; sarta sakèhing anggotané badan iku sanadyan akèh, padha dadi badan siji; mangkono uga Sang Kristus.

13Marga sajroning Roh siji kita kabèh wus padha kabaptis dadi badan siji, padha kaombénan saka Roh siji, dadia wong Yahudi, dadia wong Yunani; dadia batur tukon, dadia wong mardika.

14Awitdéné badan iku pérangané rak ora mung siji, nanging akèh.

15Saupama sikil kandha mangkéné, "Sarèhné aku dudu tangan, mulané aku ora klebu péranganing badan," apa bener yèn sikil iku ora klebu péranganing badan?

16Lan saupama kuping kandha mangkéné, "Sarèhné aku dudu mripat, mulané aku ora klebu péranganing badan," kang iku apa iya bener yèn kuping mau ora klebu péranganing badan?

17Saupama badan sakojur iku mung wujud mripat, banjur pangrunguné ana ing ngendi? Saupama badan sakojur iku mung wujud kuping, panggandané ana ing ngendi?

18Nanging Allah wus mrenahaké anggota iku, ing papané dhéwé-dhéwé ana ing badan, manut ing sakarsané.

19Saupama kabèh iku mau mung dadi anggota siji, banjur badané iku ana ing ngendi?

20Pancèn anggotané iku akèh, nanging badané mung siji.

21Kang iku mripat ora kena kandha marang tangan mangkéné, "Aku ora butuh kowé." Lan sirah ora kena kandha marang sikil mangkéné, "Aku ora butuh kowé."

22Malah péranganing badan kang katoné ringkih dhéwé, iku kang dibutuhaké banget.

23Lan anggotaning badan kang miturut wawasan kita ora pati ana ajiné, iku padha kita paèsi ngluwihi liyané. Sarta péranganing badan kita kang saru, iku padha kita rumati kalawan kusus.

24Déné pérang-péranganing badan kita kang wus pantes iku ora prelu karumat mangkono. Ujer Allah anggoné ndhapuk badan kita iku kalawan paring pangaji-aji kang linuwih marang pérangan kang rupané ora pantes,

25supaya ing sajroning badan aja nganti ana pasulayan, nanging kabèh pérangan kang béda-béda kaanané iku malah padha reksa-rineksa.

26Mulané yèn ana pérangan siji kang lara, pérangan liyané kabèh padha mèlu ngrasakaké; menawa ana siji kang ingajénan, kabèh padha mèlu bungah.

27Kowé iku padha dadi sarirané Kristus, sarta siji-sijiné padha dadi pérangané.

28Lan Allah wus netepaké wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping teluné dadi guru. Sabanjuré ana kang kaparingan ganjaran nganakaké mukjijat, marasaké, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakaké basa roh.

29Apa kabèh iku dadi rasul utawa nabi utawa guru? Apa kabèh mau padha tampa peparing nganakaké mukjijat,

30utawa marasaké, utawa migunakaké basa roh utawa njarwakaké basa roh?

31Mulané padha nggayuha marang peparing-peparing kang luwih penting. Anadéné aku nuduhaké kowé dalan kang ora ana tandhingé.



 <<  1 Korintus 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel