Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 5 >> 

1Nanging para Sadulur, mungguh mangsa lan waktuné ora prelu ditulis kanggo kowé,

2amarga kowé dhéwé wis padha sumurup kalawan cetha, yèn dinané Gusti iku tekané kaya maling ing wayah bengi.

3Menawa wong-wong padha kandha: Kabèh tentrem lan ora ana bebaya -- mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadéné wong wadon ngandheg dhadhakan nglarani -- mesthi bakal padha ora bisa ngoncati.

4Nanging kowé, para Sadulur, kowé padha ora urip ana ing pepeteng, nganti kowé padha keblejog ing dina iku kang tekané kaya maling,

5amarga wong kabèh iku padha dadi anaking pepadhang lan anaking raina. Kita iku dudu wong-wonging wengi utawa wong-wonging pepeteng.

6Awit saka iku prayogané kita aja padha turu kaya wong-wong liyané, nanging padha tangia lan siyaga.

7Jalaran wong kang padha turu, iku turuné ing wayah bengi, lan kang padha mendem, iku anggoné mendem ing wayah bengi.

8Nanging kita iki wong-wonging raina, mulané kita padha diwaspada, kudu ngrasuk keréning pracaya lan katresnan sarta tetopong pangarep-areping karahayon.

9Awit Allah ora netepaké kita supaya nampa deduka, nanging supaya olèh karahayon marga déning Yésus Kristus, Gusti kita,

10kang wis séda kanggo kita, supaya kita, dadia siyaga, dadia turu, padha urip bareng karo Panjenengané.

11Mulané kowé padha éling-ingélingna lan bangun-binanguna, kayadéné kang pancèn padha koklakoni.

12Panjalukku marang kowé kabèh, para Sadulur, padha urmatana wong-wong kang mempeng ing gawé ana ing antaramu, kang nuntun kowé ana ing Gusti lan kang awèh pepéling marang kowé,

13lan supaya padha kokajèni kang banget kalawan katresnan marga saka pagawéané. Tansah padha uripa kanthi rukun ana ing antaramu.

14Aku uga padha awèh pitutur marang kowé, para Sadulur, wong kang uripé padha ora tumata, perdinen; wong kang padha cilik atiné, bombongen; wong kang padha ringkih, bélanana; disabar marang wong kabèh.

15Padha gatèkna, supaya aja ana wong kang males ala marang wong kang gawé piala, nanging tansah padha ngudia marang kang becik, marang pepadhamu lan marang wong kabèh.

16Tansah padha bungaha.

17Aja kendhat anggonmu ndedonga.

18Padha ngunjukna panuwun ing sabarang prakara, awit iku kang dikarsakaké déning Allah ana ing Kristus Yésus tumrap kowé.

19Aja nyirep Roh,

20lan aja ngrèmèhaké pamedhar wangsit.

21Titinen samubarang kabèh, lan ugemana kang becik.

22Padha ngedohana sarupaning piala.

23Muga Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucèkaké kowé ing sasampurnané lan muga roh, jiwa lan badanmu kareksa kanthi tanpa cacad nalika rawuhé Yésus Kristus, Gusti kita.

24Panjenengané kang nimbali kowé iku setya, Panjenengané uga bakal minangkani.

25Para Sadulur, aku kabèh padha dongakna.

26Salamku kabèh marang para Sadulur tunggal pracaya kalawan pangambung kang suci.

27Demi asmané Gusti panjalukku kanthi banget marang kowé, supaya layang iki kawacakaké marang sadulur tunggal pracaya kabèh.

28Sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh.



 <<  1 Tesalonika 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel