Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 2 >> 

1Awit saka iku, kang dhisik dhéwé aku mituturi: Padha ngaturna panyuwun, pandonga safaat lan panuwun sokur tumrap ing wong kabèh,

2tumrap para raja sarta tumrap sakèhing panggedhé, supaya urip kita bisa tentrem lan ayem ana ing sajroning sakèhé kamursidan lan kaurmatan.

3Iya iku kang becik lan kang dadi keparenging Allah, Pamarta kita,

4kang ngarsakaké, supaya wong kabèh padha kapitulungan rahayu lan padha olèh kawruh bab kang bener.

5Amarga Allah iku asipat tunggal, samono uga Pantawis antarané Allah lan manungsa iya mung siji, yaiku Kristus Yésus kang jumeneng Manungsa,

6kang wis masrahaké sarirané minangka panebus kanggo wong kabèh: Iku paseksi ing waktu kang wis katemtokaké.

7Iya kanggo paseksi iku aku wus katetepaké dadi juru-warta lan rasul, -- kang dakkandhakaké iki bener, aku ora goroh -- lan dadi guruné wong-wong dudu Yahudi, sajroning pracaya lan apa kang bener.

8Awit saka iku, aku kepéngin supaya ing sadhéngah papan wong lanang padha ndedonga kalawan ngulukaké tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon.

9Mangkono uga wong wadon, padha manganggoa kang pantes, sopan lan prasaja, rambuté aja diklabang, aja manganggo mas-masan, mutiyara utawa sandhangan kang larang-larang,

10nanging manganggoa sandhangan kang wujud panggawé becik, dikaya sapatuté wong wadon kang ngibadah.

11Wong wadon iku kuduné anteng lan nampani piwulang kalawan mbangun-turut.

12Wong wadon ora dakwenangaké memulang sarta ora dakwenangaké ngwasani wong lanang, padha antenga baé.

13Awitdéné Adam kang katitahaké dhisik, banjur lagi Hawa.

14Apamanèh dudu Adam kang kagodha, nanging wong wadon iku kang kagodha lan tumiba ing dosa.

15Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu amarga saka anggoné duwé anak, anggeré ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucèn kalawan prasaja.



 <<  1 Timotius 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel