Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 4 >> 

1Ananging ana pangandikané Roh kanthi cetha, yèn ing tembé bakal ana wong kang padha murtad banjur kèlu marang roh-roh panasaran lan piwulangé sétan-sétan

2marga saka pambujuking para tukang ngapusi, kang swaraning batiné nganggo ecaping sétan-sétan mau,

3wong-wong iku nganakaké larangan jejodhoan, larangan mangan pangan kang dititahaké déning Allah, supaya dipangan kalawan saos sokur déning para wong kang pracaya lan kang wis wanuh marang kayektèn.

4Awitdéné kabèh kang dititahaké déning Allah iku becik, lan siji baé ora ana kang haram, angger ditampani kanthi saos sokur,

5amarga kabèh iku wis kasucèkaké déning pangandikané Allah lan déning pandonga.

6Sarana ngélingaké bab-bab iku marang sadulur-sadulur kita, kowé bakal dadi abdiné Kristus Yésus kang becik, kang kagulawenthah ing bab dhasar-dhasaring pracaya kita sarta ing bab piwulang kang becik kang wis kokanut nganti sapréné.

7Nanging dohana dongèng-dongèng gugontuhoné wong nini-nini. Nggegulanga ing pangibadah.

8Nggegulang kajasmanèn iku winates paédahé, nanging pangibadah iku maédahi tumrap samubarang kabèh, awit iku isi prajanji kanggo urip saiki lan ing tembé.

9Tembung iki bener lan wajib ditampani kalawan temen-temen.

10Iya iku sababé anggon kita padha rekasa lan mbudidaya kanthi ngetog kakuwatan, jalaran kita padha nduwèni pangarep-arep marang Allah kang gesang, kang dadi Pamartané wong kabèh, kususé para wong kang pracaya.

11Iku kabèh wartakna lan wulangna.

12Aja nganti ana wong kang ngrèmèhaké kowé, amarga kowé isih enom. Dadia tuladha tumrap para wong kang pracaya, ing bab tembung-tembungmu, tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmu tuwin ing kasucènmu.

13Sabanjuré, nganti satekaku tegena anggonmu macakaké pérangan-péranganing Kitab Suci, sarta anggonmu mbangun lan memulang.

14Aja nglirwakaké anggonmu migunakaké kanugrahan kang ana ing kowé, kang wis kaparingaké marang kowé sarana pameca lan sarana tumpangan-tanganing parepatané para pinituwa.

15Kabèh iku mau gatèkna, uripa sajroning iku kabèh, supaya kemajuanmu tetéla marang wong kabèh.

16Awasana awakmu dhéwé lan piwulangmu. Tegena anggonmu nindakaké iku kabèh, amarga sarana mangkono, kowé bakal mitulungi awakmu dhéwé lan wong kabèh kang padha ngrungokaké piwulangmu.



 <<  1 Timotius 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel