Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 6 >> 

1Wong kabèh kang nyangga momotan marga anggoné dadi batur, iku nganggepa bendarané wus sapantesé nampa sakèhing pakurmatan, supaya asmané Allah lan piwulang kita aja dicamah.

2Menawa bendarané mau wong pracaya, aja nganti dikurangi pakurmatané amarga padha tunggal-sadulur ana ing Kristus, nanging malah saya dibecik anggoné ngladèni, amarga bendara kang nampa wohing leladiné iku sadulur kang pracaya lan kinasih. (6:2b) Kabèh iki wulangna lan pituturna.

3Menawa ana wong kang mulangaké piwulang liya lan ora miturut pangandika kang bener -- yaiku pangandikané Gusti kita Yésus Kristus -- lan kang ora miturut piwulang kang laras karo paugeraning kamursidan kita,

4wong iku kaya ngerti-ngertia, nanging sejatiné ora ngerti apa-apa. Penyakité yaiku golèk-golèk prakara lan waton sulaya, kang njalari drengki, padudon, pitenah, sangga-runggi,

5regejegan ing antarané wong-wong kang pikirané ora waras manèh lan kang wis kélangan kayektèn, kang ngira yèn iku dadi sumbering kauntungan.

6Pancèn menawa kamursidan iku dikanthèni ati kang marem, iku ngolèhaké kauntungan gedhé.

7Sabab anggon kita teka ana ing donya ora kanthi nggawa apa-apa, lan kita uga ora bisa nggawa apa-apa, anggon kita ninggalaké donya mau.

8Angger wis ana pangan lan sandhang, wis cukup.

9Nanging wong kang kepéngin sugih padha tumiba ing panggodha lan kena ing kala-jiret sarta pepénginan warna-warna kang kothong lan gawé cilaka, kang ngèremaké manungsa marang bilai tuwin karusakan.

10Awit oyoding sakèhing piala iku karem bandha, lan karana anggoné mburu dhuwit iku sawenèhing wong padha nyimpang saka pracaya sarta nyiksa awaké dhéwé sarana kasusahan warna-warna.

11Nanging kowé, hé, manungsaning Allah, ngedohana iku kabèh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, pangandel, katresnan, kasabaran lan budi sarèh.

12Nindakna tetandhingan kang becik ana ing gelangganging pangandel, nggayuha urip langgeng. Iya tumrap kang kaya mangkono iku anggonmu katimbalan sarta nglairaké sahadat kang bener, sineksènan déning wong akèh.

13Ana ing ngarsané Allah kang maringi urip marang samubarang lan ana ing ngarsané Kristus Yésus kang wis paring paseksi kang bener ing ngarepé Pontius Pilatus, aku ngatag marang kowé:

14Pepakon iki tetepana ditanpa cacad lan tanpa luput, nganti tumekané titimangsa Gusti kita Yésus Kristus ngatingal,

15yaiku ing titimangsa kang bakal katemtokaké déning Pangwaos tunggal lan kang dadi sumbering karahayon, Rajané para raja sarta Gustiné para gusti.

16Iya mung Panjenengané iku kang kalis ing pati, kang ngedhaton ana ing pepadhang, kang tan kena cinelakan. Ora ana wong siji baé kang tau weruh Panjenengané, jalaran pancèn ora bisa ndeleng Panjenengané. Kagem Panjenengané iku kaurmatan lan pangwaos kang langgeng! Amin.

17Para wong sugih ing donya iki padha élingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha duwé pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanané, kayata kasugihan, nanging ngarep-arepa marang Allah, kang maringi kita samubarang kanthi lubèr, supaya padha kita rasakaké.

18Padha élingna, supaya padha nglakoni panggawé becik, dadi sugih ing bab kabecikan, dhangan wèwèh lan ngedum-edum barang darbèké

19sarta sarana mangkono padha ngumpulaké bandha kanggo pawitan kang becik, supaya ing tembé, padha olèh urip kang sanyata.

20Hé, Timotius, apa kang wis kapitayakaké marang kowé iku reksanen. Guneman kang ngayawara lan ora suci sarta padudon kang asalé saka apa kang dianggep kawruh, iku singkirana.

21Amarga ana wong sawatara kang mulangaké iku, lan sarana mangkono wis padha nyimpang saka pracayané. Sih-rahmat nunggila ing kowé!



 <<  1 Timotius 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel