Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Yohanes 2 >> 

1Anak-anakku, prakara iki daktulis marang kowé supaya kowé aja padha gawé dosa. Éwadéné menawa ana kang gawé dosa, kita padha duwé Pantara ana ing ngarsané Sang Rama, yaiku: Yésus Kristus kang adil.

2Iya Panjenengané iku kang dadi pangruwat tumrap sakèhé dosa kita lan ora mung kanggo dosa kita baé, nanging uga kanggo dosané wong sajagat kabèh.

3Déné titikané menawa kita padha wanuh marang Allah yaiku menawa kita padha netepi pepakèné.

4Sapa kang ngucap, "Aku wanuh Panjenengané," mangka ora netepi pepakèné, iku wong goroh lan ora kadunungan kayektèn.

5Ananging sapa baé kang netepi pangandikané, iku kang sanyata kadunungan sihing Allah kang sampurna; iya iku margané anggon kita padha sumurup, yèn kita padha dumunung ana ing Panjenengané.

6Sapa kang ngucap yèn nunggil karo Panjenengané, uripé wajib kaya sugengé Kristus.

7Para Sadulur kinasih, kang daktulis marang kowé iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wis ana ing kowé wiwit wiwitan mula. Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wis padha kokrungu.

8Éwasamono kang daktulis marang kowé iku, uga pepakon anyar, kang sanyata ana ing Panjenengané lan ana ing kowé, amarga pepeteng iku lagi sirna lan pepadhang kang sejati wis sumunar.

9Sing sapa ngucap yèn dumunung ana ing pepadhang, nanging sengit marang saduluré tunggal pracaya, iku isih dumunung ana ing pepeteng nganti sapréné.

10Sing sapa tresna marang saduluré tunggal pracaya, iku kang lestari ana ing pepadhang, sarta ora dadi sandhungan.

11Nanging sing sapa sengit marang saduluré tunggal pracaya, iku dumunung ana ing pepeteng, sarta urip ana ing pepeteng. Wong iku ora weruh menyang ngendi parané, amarga pepeteng mau wis gawé picaking mripaté.

12Hé, anak-anak, aku nulis marang kowé, awit dosamu wis padha kaapura marga saka asmané.

13Hé, para bapa, aku nulis marang kowé, amarga kowé wis padha wanuh marang Panjenengané kang ing wiwitan mula wis ana. Hé, para wong anom, aku nulis marang kowé, amarga kowé wis padha ngalahaké piala.

14Hé, anak-anak, aku nulis marang kowé, amarga kowé wis padha wanuh marang Sang Rama. Aku nulis marang kowé, hé, para bapa, amarga kowé padha wanuh marang Panjenengané, kang ing kala purwa wis ana. Aku nulis marang kowé, hé, para wong anom, amarga kowé padha santosa, sarta pangandikané Allah dumunung ana ing kowé lan kowé wis padha ngalahaké piala.

15Kowé kabèh aja padha nresnani donya lan samubarang kang ana ing kono. Menawa wong nresnani donya, iku ora kadunungan katresnan marang Sang Rama.

16Sabab samubarang kang ana ing donya, yaiku pepénginané daging lan pepénginané mripat tuwin angkuhing urip, iku pinangkané ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya.

17Lan donya iki dalah pepénginané lagi sirna, nanging sapa wong kang nglakoni karsané Allah iku tetep urip ing salawas-lawasé.

18Anak-anakku, saiki-iki jaman kang wekasan. Lan kaya kang wis padha kokrungu yèn antikristus bakal teka, samengko iya wis akèh antikristus kang padha jumedhul. Kang mangkono iku dadi pratandha yèn saiki-iki jaman kang wekasan temenan.

19Pancèn asalé antikristus iku saka ing antara kita, nanging sanyatané padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadi panunggalan kita, mesthi tetep padha nunggal karo kita. Nanging iku kelakon mangkono, supaya tetéla yèn wong-wong iku kabèh dudu panunggalan kita.

20Balik kowé iku wis padha kajebadan déning Kang Suci lan marga saka mangkono kowé dadi padha mangerti.

21Aku nulis marang kowé iku ora marga kowé padha ora sumurup marang kayektèn, nanging iya marga kowé padha sumurup marang bab iku, lan uga marga kowé padha sumurup yèn sakèhing goroh iku ora ana kang asalé saka kayektèn.

22Sapa ta si pangawak goroh iku? Apa dudu kang nyélaki yèn Yésus iku Kristus? Iku antikristus, yaiku kang nyélaki marang Sang Rama lan Sang Putra.

23Amarga sapa baé kang nyélaki Sang Putra iku iya ora nduwèni Sang Rama. Sapa baé kang ngakoni Sang Putra, iya nduwèni Sang Rama.

24Mungguh ing kowé kabèh, apa kang wis padha kokrungu wiwit wiwitan mula, iku tetepa dumunung ana ing kowé. Menawa apa kang wis kokrungu wiwit wiwitan mula iku tetep dumunung ana ing kowé, kowé iya bakal padha tetep ana ing Sang Putra lan ana ing Sang Rama.

25Anadéné prasetya kang wis kaprasetyakaké déning Panjenengané piyambak marang kita, yaiku urip langgeng.

26Kabèh kang daktulis marang kowé iku mau, yaiku bab wong-wong kang sumedya nasaraké kowé.

27Sabab jebadan kang wis padha koktampani saka Panjenengané iku tetep ana ing kowé. Marga saka iku kowé padha ora prelu diwulang déning wong liya. Nanging kayadéné jebadan saka Panjenengané iku mulang marang kowé bab samubarang -- lan piwulangé iku nyata, ora goroh -- sarta kayadéné anggoné Panjenengané biyèn wis mulang marang kowé, mangkono uga kowé padha tetepa ana ing Panjenengané.

28Ing samengko, anak-anakku, padha tetepa ana ing Kristus, supaya samangsa Panjenengané ngatingal, kita padha kanthi tatag lan ora usah isin ana ing ngarsané bésuk ing dina rawuhé.

29Menawa kowé padha sumurup yèn Panjenengané iku leres, kowé iya padha mangertia yèn saben wong kang nglakoni apa kang bener, iku lairé saka Panjenengané.



 <<  1 Yohanes 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel