Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 13 >> 

1Iki kang kaping teluné anggonku nemoni kowé: Sahing prakara iku menawa wis ana katrangané seksi loro utawa telu.

2Tumrap wong-wong kang ing waktu kang kapungkur padha nglakoni dosa, lan sakèhé wong liyané, wis dakkandhakaké luwih dhisik lan bakal dakkandhakaké sapisan manèh -- saiki sajroné aku adoh karo kowé kabèh padha kaya nalika tekaku kang kapindho -- menawa aku teka manèh aku ora bakal ngéman sapa baé.

3Marga kowé kepéngin bukti, yèn Kristus ngandika lumantar aku. Lan Panjenengané iku ora apes ana ing ngarepmu, malah nindakaké pangwaosé ana ing antaramu.

4Sabab sanadyan Panjenengané wis kasalib marga saka kaapesan, nanging gesang awit saka pangwaosé Allah. Pancèn aku kabèh iki apes ana ing Panjenengané, nanging bakal padha urip bebarengan karo Panjenengané kanggo kowé marga saka pangwaosé Allah.

5Awakmu dhéwé ujinen, apa padha isih teguh ing pracaya. Titinen awakmu! Apa padha ora yakin ora tahan uji, menawa Kristus Yésus dumunung ana ing kowé? Awit yèn ora mangkono, kowé ora tahan uji.

6Nanging pangarep-arepku, kowé bakal padha sumurup menawa dudu aku kang padha ora tahan uji.

7Pandongaku marang Allah, supaya kowé aja nindakaké piala, ora supaya aku padha katitik tanggon, nanging supaya kowé padha nglakoni apa kang becik, sanadyan aku dhéwé katon padha kaya ora tahan uji.

8Marga aku kabèh padha ora bisa nglakoni apa-apa kang sulaya karo kayektèn, nanging kang bisa daklakoni yaiku kang cundhuk karo kayektèn.

9Awit aku padha bungah, menawa aku apes nanging kowé padha rosa. Déné kang padha daksuwun, yaiku supaya kowé dadi sampurna.

10Iya iku sababé anggonku nulis prakara-prakara iki saka kadohan, supaya menawa aku mengko ana ing antaramu, aku ora kapeksa tumindak kereng miturut wewenang kang kaparingaké déning Gusti marang aku, kanggo mbangun, ora kanggo ngrubuhaké.

11Wasana, para Sadulurku, padha bungaha, ngudia dadi sampurna. Tampanana sakèhing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olah atut-rukun, temahan Allah etuking sih-katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowé!

12Padha salam-salamana kanthi pangambung suci.

13(13-12b) Sakèhé para suci kirim salam marang kowé kabèh.

14(13-13) Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus, lan sihé Allah tuwin patunggilané Roh Suci, anaa ing kowé kabèh!



 <<  2 Korintus 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel