Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Petrus 2 >> 

1Kayadéné dhèk biyèn ing antarané umaté Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono uga ing antaramu iya bakal ana guru-guru palsu, kang padha nylundupaké piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyélaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakané dhéwé.

2Bakal akèh wong kang niru pratingkahé wong-wong iku kang dikwasani hawa-napsu, sarta marga saka pokal-gawéné iku Marganing Kayektèn bakal dicecamah.

3Sarta marga saka srakahé, guru-guru palsu iku bakal padha ngudi golèk kauntungan saka kowé kabèh kanthi dongèng-dongèngé kang ngayawara. Nanging paukuman tumrap tumindaké iku wus katetepaké lan karusakané bakal ora kacandhet.

4Jalaran Allah ora ngéman marang para malaékat kang padha gawé dosa, mulané dicemplungaké ing naraka, padha diranté, ing kono ana ing sajroné pepeteng nganti tekan dinaning pangadilan;

5Allah uga ora ngéman jagating jaman kuna; Panjenengané mung milujengaké Nuh kang martakaké kayektèn iku, karo wong pitu liyané, nalika ndhatengaké banjir patopan tumrap jagaté para wong mblasar;

6Allah ngukum kutha Sodom lan Gomora sarta nyirnakaké kalawan geni, minangka pepéling marang wong kang ing tembé uripé padha mblasar,

7nanging Panjenengané milujengaké Lot, kang mursid, kang tansah sangsara déning tingkah lakuné wong-wong kang padha ora mreduli marang angger-angger lan mung tansah nuruti hawa-napsuné baé,

8-- jalaran wong mursid iki manggon ing satengahé wong-wong mau sarta ing sadina-dina krungu lan weruh pratingkah-pratingkahé kang ala iku, satemah atiné kang mursid iku kaya kasiksa --

9dadi tetéla, menawa Pangéran pirsa carané ngentasaké wong mursid saka ing godha-rencana sarta nyadhangaké para wong duraka iku kasiksa ing dina pangadilan,

10luwih manèh wong kang padha ngumbar hawa-napsuné, kang ndadèkaké awaké jember sarta nyenyamah pangrèhé Allah. Wong-wong iku padha kumawani sarta gumunggung, nganti tanpa rikuh-pakéwuh nyenyamah marang para titah kang luhur,

11mangka para malaékat dhéwé, sanadyan luwih peng-pengan sarta luwih kwasa katimbang wong-wong iku, ora nggunakaké pitembungan panyenyamah menawa nggugat wong-wong mau ana ing ngarsaning Allah.

12Nanging wong-wong iku padha baé karo kéwan kang tanpa budi, kang tinitahaké dadi kéwan kang mung dicekel sarta dipatèni. Wong-wong iku padha nyenyamah marang kang ora dimangretèni, temahan marga saka panggawéné kang duraka, bakal padha nemoni karusakané dhéwé kaya kéwan alasan,

13sarta bakal ngalami nasib ala minangka opahing durakané. Nguja kasenengan ing wayah awan kaanggep sawijining kanikmatan. Padha dadi jejember lan blentong, kang mendem ing sajroning hawa napsuné, samangsa padha mangan lan ngombé bebarengan karo kowé kabèh.

14Mripaté kebak napsu cabul, ora bosen-bosen anggoné gawé dosa. Wong-wong iku padha mbujuki wong-wong kang ringkih atiné. Wateké wis kulina srakah. Pancèn wong kang padha kena ing ipat-ipat!

15Sarehné wis padha ninggal dalan kang bener, mulané padha kesasar, banjur ngetutaké lakuné Biléam anaké Béor kang seneng tampa opah tumrap panggawé-panggawé ala.

16Nanging Biléam kawelèhaké kalawan keras marga saka tumindaké kang ala iku, jalaran kuldi momotan kang bisu, bisa guneman nganggo basaning manungsa, sarta nyegah tumindaké nabi kang ora bener iku.

17Guru-guru palsu iku kaya sumber kang asat, kaya méga kang kabuncang ing prahara; wong-wong iku wis padha kacawisan panggonan ana ing pepeteng kang nggegirisi banget.

18Jalaran wong-wong mau padha ngucapaké tetembungan kang muluk-muluk nanging kothong, sarta migunakaké napsu cabul kanggo mbujuki wong-wong kang lagi baé uwal saka ing para wong kang kesasar uripé.

19Padha njanjèni kamardikan marang wong liya, mangka awaké dhéwé padha dadi baturing karusakan. Jalaran sing sapa katelukaké déning wong, iku iya dadi baturé wong iku.

20Sabab menawa wong-wong mau marga saka anggoné wis wanuh marang Gusti sarta Juru-wilujeng kita Yésus Kristus, wis padha ngoncati jejemberé donya, mangka banjur kasrimped manèh ing kono, wekasané kaanané luwih ala katimbang sadurungé.

21Jalaran saka iku, tumraping wong-wong mau luwih becik menawa padha ora tau mangretèni marganing kayektèn, katimbang mangertèni, nanging banjur nyingkur saka pepakon suci kang wis kadhawuhaké marang wong-wong mau.

22Kaanané wong-wong iku cocog karo uniné paribasan kang bener iki, mangkéné, "Asu mbalèni utah-utahané, sarta babi kang wis diguyang bali manèh menyang ing blethokané."



 <<  2 Petrus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel