Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 6 >> 

1Para bocah, manut-mituruta marang wong-tuwamu ana ing patunggilané Gusti, mangkono iku kang bener.

2"Sira ngajènana bapa-biyungira", iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki,

3"supaya sira slamet lan dawa umurira ana ing donya."

4Lan kowé para bapa, aja padha gawé seriking atiné anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepéling kang saka Gusti.

5Para batur, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Kristus,

6aja mung menawa ana ing ngarepé baé kanggo nyenengaké atining wong, nanging dikaya abdiné Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakaké karsané Allah,

7lan kang kanthi éklas anggoné leladi, kaya wong kang lelados marang Gusti lan ora marang manungsa.

8Kowé padha sumurup, menawa saben wong, apa batur-tukon, apa wong mardika, yèn wus nindakaké kabecikan, bakal tampa pituwasé saka Gusti.

9Lan kowé para bendara, iya mangkonoa uga pangrengkuhmu marang para baturmu lan aja nganggo pangancam. Élinga, menawa Gustiné wong-wong mau lan Gustimu ana ing swarga, lan Panjenengané iku ora pilih kasih.

10Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilané Gusti, lan ing kakiyataning pangwaosé.

11Padha nggawaa gegamané peranging Allah, supaya kowé bisa nglawan kajuligané Iblis;

12awit anggon kita perang iku ora nglawan daging lan getih, nanging para pamaréntah, para pangwasa, para panggedhéning jagat kang peteng iki, para roh ala kang ana ing langit.

13Mulané padha nggawaa sakèhing praboté peranging Allah, supaya kowé bisa nindakaké panglawan ing tekané dina kang ala iku lan tetep ngadeg jejeg, sawusé kowé ngrampungaké iku kabèh.

14Mulané padha ngadega kang jejeg, pinggangmu sabukana ing kayektèn lan nganggoa kotang-waja arupa kaadilan,

15sikilmu nganggoa trumpahing suka-lila tumrap pangundhanging Injilé tentrem-rahayu;

16ing kaanan apa baé padha nganggoa pangandel minangka tamèng, sabab iya tamèng kang kaya mangkono iku kang kena kokanggo nangkis sakèhing panah geni saka si pangawak dursila,

17karomanèh padha nampanana tetopong karahayon lan pedhang Roh, yaiku sabdaning Allah,

18kanthi sakèhing pandonga lan panyuwunmu, padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meléka ing sajroné pandongamu iku kanthi panyuwun kang tanpa kendhat kanggo para suci kabèh;

19uga kanggo aku, supaya menawa aku ngucap, aku diparingana tetembungan kang bener, lan supaya kanthi kendel anggonku nggiyaraké kekeraning Injil,

20kang dakladosi nganti aku dadi utusan kang dikunjara. Padha ndedongaa, supaya aku bisa nglairaké bab iku kalawan kendel, awit pancèn kudu mangkono.

21Supaya kowé uga padha sumurup marang kaananku, mula Tikhikus, sadulur kita tunggal pracaya kang kinasih lan abdi kang tumemen ana ing Gusti, bakal awèh sumurup marang kowé bab iku mau kabèh.

22Iya kanthi maksud kang mangkono mau anggonku kongkonan Tikhikus nemoni kowé kabèh, supaya kowé padha ngerti kaananku lan supaya nglipur atimu.

23Tentrem-rahayu lan katresnan kang kanthi pracaya saka Allah Sang Rama lan saka Gusti kita Yésus Kristus nunggila ing para Sadulur kabèh.

24Sih-rahmat nunggila ing wong kabèh, kang padha nresnani Gusti kita Yésus Kristus kanthi katresnan kang ora bisa sirna.



 <<  Efesus 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel