Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Galatia 6 >> 

1Para Sadulur, yèn ana wong kang tinemu nglakoni panerak, kowé kang kasukman, kudu nuntun wong iku marang dalan kang bener kalawan budi kang sarèh, karo njaga awakmu dhéwé, supaya kowé aja kena ing panggodha.

2Padha tulung-tinulungana ing bot-répot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi angger-anggeré Kristus.

3Sabab yèn ana sawenèhing wong kang rumangsa menawa awaké aji, mangka babar pisan ora aji, iku ngapusi awaké dhéwé.

4Beciké saben wong ndadara pagawéané dhéwé; lagi kena mongkog ndeleng kaanané dhéwé lan ora ndeleng kaanané wong liya.

5Sabab saben wong bakal mikul tanggungané dhéwé.

6Lan wong kang nampani piwulanging pangandika iku ngedumna samubarang kang becik marang wong kang awèh piwulang iku.

7Aja padha kesasar! Allah ora kena digawé geguyon. Awit apa kang disebar ing wong, iya iku kang bakal dienèni.

8Sabab sing sapa nyebar ing dagingé, bakal ngenèni karusakan saka dagingé -- nanging sapa kang nyebar ing Roh, iya bakal ngenèni urip langgeng saka ing Roh iku.

9Aja nganti kita bosen anggon kita gawé kabecikan, awit menawa wis tekan ing kala-mangsané, kita bakal ngenèni, anggeré kita ora nganti nglokro.

10Awit saka iku mumpung isih ana wewengan, ayo padha gawé becik marang wong kabèh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang nunggal pracaya.

11Padha delengen, sapira gedhéné aksara-aksara kang daktulis marang kowé nganggo tanganku dhéwé.

12Wong-wong kang cara lair seneng nonjolaké awaké dhéwé, iya wong-wong iku kang padha mbudidaya bisané meksa kowé supaya tetak, karepé mung supaya padha ora dikuya-kuya marga saka salibé Kristus.

13Sabab wong-wong kang padha tetak iku iya padha ora netepi angger-anggering Torèt. Nanging karepé supaya kowé padha tetak amrih wong mau bisa gumunggung ing bab kaananmu tata lair.

14Déné aku ora pisan-pisan gelem gumunggung, kajaba ing salibé Gusti kita Yésus Kristus, sabab marga saka Panjenengané jagat wis disalib kanggo aku lan aku kanggo jagat.

15Sabab tetak utawa ora tetak ora ana paédahé, nanging dadi titah kang anyar iku kang ana paédahé.

16Lan tumrap wong kabèh kang lakuné katuntun déning wewaton iki, tentrem-rahayu lan rahmat muga tumurun marang wong-wong iku lan marang Israèl kagungané Allah.

17Sabanjuré aja ana kang gawé ribedku, marga ing awakku ana tilas-tilas tatu tandha kagungané Yésus.

18Sih-rahmaté Gusti kita Yésus Kristus nunggila ing rohmu, Sadulur-sadulur! Amin.



 <<  Galatia 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel