Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 9 >> 

1Anadéné mungguh prajanjian kang wiwitan iku uga pancèn ana pranatan-pranatané bab pangibadah sarta bab pasucèn gawéané manungsa.

2Jalaran ana kémah kang kapasang, yaiku pérangan kang ngarep dhéwé lan ing kono ana cagak padamaran sarta méja kanggo roti caosan. Pérangan iku kaaranan pasucèn.

3Ing samburiné geber kang kapindho ana kémahé manèh siji kang diarani pasucèn pinunjul.

4Ing kono ana misbyahé padupan emas sarta pethi prajanjian kang kalapis emas warata; ing njeroné ana guci emas isi manna sarta teken kagungané Harun kang wis tau semi sarta watu blèbèkan kang isi prajanjian,

5lan ing sandhuwuré ana kerubé kamulyan loro kang ngaubi tutup pangruwatan. Nanging prakara iki ing samengko ora bisa kacaritakaké kanthi wijang.

6Iya mangkono iku anggoné mranata papan kang suci iku. Dadiné para imam tansah lumebu ing pérangan kémah kang ngarep dhéwé prelu nindakaké pangibadahé,

7nanging ing kémah kang kapindho iku mung dilebeti imam agung piyambak setaun sapisan, lan kudu ngasta getih kang kacaosaké marga saka sarirané piyambak sarta marga saka panerak-paneraking umaté kang ora kajarag.

8Kalawan mangkono iku Roh Suci anggoné nélakaké menawa dalan menyang papan suci durung kawengakaké, salawasé kémah kang ngarep iku isih ana.

9Iku minangka pasemon tumrap jaman saiki. Cundhuk karo iku ana kurban lan pisungsung kang kasaosaké, kang ora bisa ndadèkaké sampurna tumrap rumangsaning atiné wong-wong kang padha nyaosaké,

10nanging mung magepokan karo bab pangan, ombèn-ombèn sarta cara sesuci rupa-rupa, yaiku pranatan-pranatan tata-lair kang mung tumindak nganti tumekané jaman samubarang kaanyaraké.

11Ananging Kristus wis rawuh jumeneng Imam Agung tumrap prakara-prakara becik kang bakal kelakon; Panjenengané wis nglangkungi kémah kang luwih gedhé lan luwih sampurna, kang ora kayasa déning tangané manungsa, -- tegesé dudu panunggalané kang tumitah iki --,

12sarta Panjenengané wis lumebet ing pasucèn sapisan kanggo salawas-lawasé, ora ngasta getihé wedhus lanang sarta getihé pedhèt, nanging ngasta rahé piyambak. Lan marga saka iku Panjenengané wis ngangsalaké tebusan kang langgeng.

13Jalaran, menawa getihé wedhus lanang sarta getihé sapi lanang lan kepyuraning awuné pedhèt iku ndadèkaké suciné wong kang najis, satemah padha kasucèkaké tata-lair,

14méndahané manèh rahé Kristus, kang marga déning Roh kang langgeng wis ngurbanaké sarirané piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku bakal nucèkaké rumangsaning ati kita saka panggawé kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Allah kang gesang.

15Mulané Panjenengané jumeneng Pantawisé prajanjian anyar, supaya wong-wong kang wis katimbalan padha bisa tampa warisan langgeng kang kaprasetyakaké, amarga wis ana kang séda kanggo nebus panerak-panerak kang ditindakaké sajroning prajanjian kang kawitan.

16Jalaran menawa ana layang wasiyat, ing kono iya kudu ana katrangan kang mratélakaké matiné kang gawé wasiyat iku.

17Sabab layang wasiyat iku lagi sah, menawa kang gawé wasiyat iku wis tilar donya, sabab wasiyat iku ora kena katindakaké, sajroné kang gawé wasiyat mau isih urip.

18Iya iku sababé, prajanjian kang kawitan ora dianggep sah menawa tanpa getih.

19Sabab nalika Musa wis ndhawuhaké sakèhing pepakon miturut angger-anggering Torèt marang umat kabèh, banjur mendhet getihé pedhèt lan getihé wedhus lanang sarta banyu lan wulu abang sarta isop, banjur dikepyuraké piyambak ing kitab iku sarta marang umat kabèh,

20kalawan ngandika, "Iki getihing prajanjian kang katetepaké déning Allah tumrap kowé."

21Mangkono uga kémahé lan sakèhé piranti kang kanggo ing pangibadah iya padha dikepyuri getih.

22Sarta mèh samubarang kabèh karesikaké sarana getih manut angger-anggering Torèt, sarta ora ana pangapura menawa tanpa wutahing getih.

23Dadiné, samubarang kang dadi lambangé kabèh kang ana ing swarga iku kudu kasucèkaké kalawan patrap mangkono, nanging barang-barang kaswargan dhéwé kasucèkaké sarana kurban-kurban kang luwih becik katimbang iku.

24Sabab Kristus ora lumebet ing pasucèn gawéaning tangané manungsa kang mung dadi gegambarané kang sejati, nanging lumebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsané Allah kanggo kapreluwan kita.

25Panjenengané ora prelu bola-bali lumebet ngurbanaké sarirané piyambak, kayadéné imam agung kang saben taun lumebet ing pasucèn ngasta getih kang dudu rahé piyambak.

26Jalaran menawa mangkono, Panjenengané kudu bola-bali anggoné nandhang sangsara wiwit jagat iki dititahaké. Nanging saiki Panjenengané mung sapisan anggoné ngetingalaké sarirané, yaiku ing jaman wekasan kanggo mbirat dosa sarana ngurbanaké sarirané piyambak.

27Kayadéné manungsa anggoné katetepaké mati mung sapisan baé, lan sawisé iku diadili,

28mangkono uga Kristus iya mung sapisan baé anggoné ngurbanaké sarirané kanggo nanggel dosané wong akèh. Sawisé iku, Panjenengané bakal ngatingalaké sarirané kang kaping pindhoné ora kanggo nanggel dosa, nanging kanggo maringaké karahayon marang wong kang padha nganti-anti Panjenengané.



 <<  Ibrani 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel