Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 1 >> 

1Téofilus, ingkang kinurmatan, ing kitab kula ingkang kapisan, kula nyariyosaken sakathahing pakaryan lan piwulangipun Yésus,

2ngantos dumugi ing dinten anggènipun kasengkakaken dhateng swarga. Sadèrèngipun, Panjenenganipun sampun paring dhawuh lantaran Roh Suci dhateng para rasul pepilihanipun.

3Sareng sampun rampung anggènipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggèning wongsal-wangsul ngatingal saha paring pangandika bab Kratoning Allah dhateng para rasul wau.

4Ing sawijining dina nalika Yésus dhahar bebarengan karo para rasul, padha ora diparengaké ninggal Yérusalèm, sarta padha didhawuhi tetep ana ing kono, ngentèni janjiné Sang Rama, kang mangkéné pangandikané, "Kowé wus padha krungu saka Aku,

5Menawa Yohanes iku anggoné mbaptis nganggo banyu, nanging ora suwé manèh kowé bakal padha kabaptis sarana Roh Suci."

6Para rasul kang padha ngumpul iku nuli nyuwun pirsa, "Gusti, punapa sapunika anggèn Panjenengan badhé mulihaken kraton tumrap Israèl?"

7Paring wangsulané, "Kowé ora prelu nyumurupi mangsa lan waktu, kang katamtokaké déning Sang Rama piyambak, manut pangwaosé.

8Nanging kowé bakal padha tampa pangwasa, samangsa Roh Suci wus nedhaki kowé kabèh, sarta kowé bakal padha dadi seksi-seksiku ana ing Yérusalèm lan ing Yudéa sarta Samaria kabèh, tuwin tumeka ing pungkasaning bumi."

9Sawisé ngandika mangkono, Panjenengané nuli sinengkakaké menyang swarga, sineksènan déning para rasul, banjur wus ora katingal, amarga kaaling-alingan méga.

10Nalika lagi padha tumenga ing langit ngawasaké anggoné Panjenengané sumengka iku, dumadakan ana priya loro jumeneng ing sacedhaké, padha ngagem ageman putih,

11kang tumuli mangandikani mangkéné, "Hé, wong-wong Galiléa, yagéné kowé padha ngadeg tumenga ing langit? Yésus, kang sinengkakaké menyang swarga, nilar kowé kabèh iki, bakal rawuh manéh kanthi patrap kaya kang padha kokdeleng nalika Panjenengané minggah menyang swarga."

12Para rasul banjur padha bali menyang Yérusalèm saka gunung Zaitun, kang saka Yérusalèm adohé mung salakon ing dina Sabat.

13Satekané ing kutha, nuli padha munggah menyang kamar ing dhuwur, kang dipondhoki, yaiku: Pétrus lan Yohanes, Yakobus lan Andréas, Filipus lan Tomas, Bartoloméus lan Matius, Yakobus anaké Alféus, lan Simon wong Zélot sarta Yudas anaké Yakobus.

14Kabèh padha saiyeg anggoné mempeng ing pandonga, bebarengan karo wanita sawatara sarta Maria, ibuné Yésus, tuwin para sadhèrèké Yésus.

15Ing nalika samana Pétrus banjur jumeneng ana ing satengahé para sadulur tunggal pracaya, kang lagi padha nglumpuk, cacahé watara satus rong puluh, sarta ngandika,

16"Hé, para Sadulur, pangandika ing Kitab Suci, kang kalairaké déning Roh Suci lantaran Daud, iku kudu kayektènan, yaiku bab Yudas, kang dadi pangiridé wong-wong kang nyekel Yésus.

17Mauné wong iku klebu ing golongan kita sarta mèlu nindakaké ayahan leladi iki."

18Yudas iku wis tuku palemahan sarana opahing pialané, banjur tiba krungkeb, wetengé bedhah, nganti jeroané mbrodhol kabèh.

19Bab iku kasumurupan ing wong Yérusalèm kabèh, mulané palemahan mau banjur diarani nganggo basané wong-wong mau dhéwé, "Hakal-Dama", tegesé Palemahan Getih.

20"Sabab ing kitab Masmur tinulis mangkéné: ‘Kémah-kémahipun dadosa suwung, sampun ngantos wonten ingkang ngenggèni.’ Sarta: ‘Kalenggahanipun kapendheta déning tiyang sanès.’

21Awit saka iku anaa siji kang diwuwuhaké marang kita saka panunggalané wong-wong kang tansah kekumpulan karo kita, nalika Gusti Yésus isih tetunggilan karo kita,

22yaiku wiwit saka pambaptisé Yohanes nganti tekan dina sumengkané Yésus menyang swarga, nilar kita, supaya mèlu dadi seksi bab wunguné."

23Wong-wong banjur ngusulaké wong loro: Yusuf kang karan Barsabas lan kang uga karan Yustus, tuwin Matias.

24Kabèh nuli padha ndedonga lan munjuk, "Dhuh, Gusti, Paduka ingkang nguningani manahipun sadaya tiyang, mugi karsa paring pitedah, tiyang kalih punika pundi ingkang Paduka pilih,

25supados nampèni kalenggahan lelados, inggih punika kalenggahan rasul, ingkang katilar déning Yudas, ingkang sampun késah dhateng panggénan ingkang samesthinipun tumrap tiyang wau."

26Banjur padha diundhi, satemah kang kena Matias, mula banjur kawuwuhaké marang para rasul sawelas.



 <<  Kisah Para Rasul 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel