Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 25 >> 

1Telung dina sawisé rawuh ing propinsi iku, Féstus banjur tindak saka Kaisaréa menyang Yérusalèm.

2Para pangareping imam lan wong-wong Yahudi kang kajèn kéringan padha sowan lan ngaturaké pandakwa mungguhing Paulus,

3sarta nyuwun kamirahan, kang gawé ruginé Paulus, yaiku supaya Paulus didhawuhi menyang Yérusalèm. Sabab wong-wong mau padha ngrancang arep nyédani panjenengané ana ing dalan.

4Nanging Féstus paring wangsulan, menawa Paulus tetep ditahan ana ing Kaisaréa, déné panjenengané piyambak bakal énggal-énggal kondur mrana.

5Pangandikané, "Mulané wong-wong panunggalanmu kang padha nyekel pangwasa supaya padha mrana bebarengan karo aku lan ngajokaké pandakwané, menawa ana kaluputané."

6Féstus anggoné lereb ana ing Yérusalèm ora luwih saka wolu utawa sapuluh dina, banjur kondur menyang Kaisaréa. Ésuké panjenengané nggelar pangadilan lan dhawuh ngladosaké Paulus.

7Bareng Paulus wus disowanaké, wong Yahudi kabèh kang teka saka Yérusalèm padha ngadeg ngepung lan ngaturaké gugatan akèh kang abot tumrap panjenengané, tanpa bisa mbuktèkaké.

8Kosok-baliné Paulus ngaturaké panjawab mangkéné, "Kula sakedhik kémawon mboten lepat, dadosa tumrap angger-anggering Torètipun tiyang Yahudi, punapadéné Padaleman Suci utawi dhateng Kaisar."

9Éwadéné sarèhné Féstus karsa nglegani atiné wong Yahudi, nuli maringi wangsulan marang Paulus, pangandikané, "Apa kowé saguh menyang Yérusalèm, supaya diadili ana ing kana ana ing ngarepku bab prakara iki?"

10Nanging Paulus matur, "Sapunika kula wonten ing ngarsaning pangadilanipun Kaisar, kula kedah dipun adili wonten ing ngriki. Kadosdéné ingkang sampun panjenengan uningani saèstu, sakedhik kémawon kula mboten damel kalepatan dhateng tiyang Yahudi.

11Dados, manawi kula saèstu lepat lan nindakaken piawon ingkang pantes kaukum pejah, kula éklas pejah, nanging manawi punapa ingkang kagigataken tumrap kula punika kabuktèn mboten leres, mboten wonten tiyang ingkang wenang masrahaken kula dhateng tiyang-tiyang punika minangka kamirahan. Kula nyuwun minggah bandhing dhateng Kaisar!"

12Bareng wus karembag karo para anggotaning pangadilan, Féstus banjur ngandika, "Kowé nyuwun munggah bandhing marang Kaisar, yèn mangkono kowé kudu sowan ing ngarsané Kaisar."

13Let sawatara dina, Raja Agripa karo Bèrniké rawuh ing Kaisaréa minangka pakurmatan marang Féstus.

14Sarèhné lereb ana ing kono sawatara dina, Féstus nyariyosaké prakarané Paulus marang Raja, aturé, "Ing ngriki wonten tiyang tahanan tilaranipun Féliks.

15Kala kula wonten ing Yérusalèm, para pangajenging imam saha para pinisepuhipun tiyang Yahudi sami nggigat tiyang wau, saha nyuwun supados tiyang punika dipun ukum.

16Kula mangsuli, bilih tiyang Roma mboten gadhah adat masrahaken dakwa, sadèrèngipun dipun aben-ajengaken kaliyan ingkang sami ndakwa saha dipun lilani ngaturaken panjawab tumrap gigatanipun.

17Pramila tiyang-tiyang wau lajeng sami tumut mriki sesarengan kaliyan kula. Énjingipun kula lajeng ngawontenaken parepatan pangadilan saha akèn ngladosaken tiyang punika.

18Nanging sareng tiyang-tiyang ingkang sami nggigat ngadeg ngupengi tiyang wau, sami mboten ngajengaken gigatan bab pandamel awon, kados panginten kula.

19Tiyang-tiyang wau namung sami padudon bab-bab ingkang gegayutan kaliyan agaminipun saha wonten tiyang nama Yésus ingkang sampun pejah, mangka Paulus mratélakaken kanthi yakin, bilih Yésus wau gesang.

20Sarèhning kula ajrih anggèn kula mriksa prakawis ingkang kados makaten punika, kula lajeng naros piyambakipun, punapa purun dhateng Yérusalèm, supados prakawisipun dipun adili wonten ing ngrika.

21Nanging Paulus minggah bandhing. Pramila nyuwun, supados lestantun dipun tahan, ngantos prakawisipun kaputus déning Kaisar. Milanipun lajeng kula préntahaken, supados tiyang punika lestantun katahan ngantos saged kula sowanaken dhateng ngarsanipun Kaisar."

22Agripa ngandika marang Féstus, "Kula kepéngin mirengaken panjawabipun tiyang punika piyambak." Atur wangsulané Féstus, "Bénjing-énjing panjenengan badhé midhangetaken."

23Ésuké Agripa lan Bèrniké padha rawuh kalayan sakèhing ubarampé upacara kaprabon sarta bareng wus lumebet ing gedhong pangadilan bebarengan karo para panggedhéning wadya-bala lan para panggedhé ing kono, Féstus banjur dhawuh, supaya Paulus disowanaké.

24Féstus nuli ngandika, "Raja Agripa saha para priyagung ingkang sami lenggah ing ngriki sesarengan kaliyan kula sadaya. Sami kula aturi mirsani tiyang punika, ingkang dipun gigat déning tiyang Yahudi sadaya, wonten ing Yérusalèm saha wonten ing ngriki. Tiyang-tiyang sadaya sami ndhatengi kula saha sami pratéla kaliyan bengok-bengok, bilih tiyang punika mboten pantes gesang langkung dangu malih.

25Nanging tumrap kula sampun cetha, bilih tiyang punika mboten nglampahi prekawis ingkang kénging kaukum pejah sarta sarèhning tiyang punika nyuwun minggah bandhing dhateng Kaisar, mila kula lajeng mutus badhé nyowanaken ing ngarsanipun Kaisar.

26Namung kémawon mboten wonten alesan ingkang maton, ingkang kedah kula aturaken ing serat dhateng ngarsanipun Kaisar bab tiyang punika. Inggih jalaran saking punika mila lajeng kula ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, mirungganipun panjenengan Raja Agripa, supados sasampunipun kapriksa lajeng wontena ingkang saged kula serat.

27Amargi pamanggih kula, mokal nyowanaken tiyang tahanan tanpa kinanthènan gigatan ingkang dipun ajengaken tumrap tiyang wau."



 <<  Kisah Para Rasul 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel