Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 26 >> 

1Agripa tumuli ngandika marang Paulus, "Kowé wus kalilan ngaturaké panjawab." Paulus banjur paring sasmita ngagem astané sarta ngaturaké panjawab mangkéné,

2"Dhuh, Raja Agripa, kawula rumaos tampi kabegjan, déné ing dinten punika kawula dipun parengaken ngaturaken panjawab wonten ing ngarsa panjenengan tumrap sadaya gigatanipun tiyang-tiyang Yahudi dhateng kula,

3punapa malih margi panjenengan nguningani saèstu bab adat utawi tata-cara tuwin padudonipun tiyang Yahudi. Awit saking punika kula keparenga nyuwun wonten ing ngarsa panjenengan, mugi karsa midhangetaken atur kula kalayan sabar.

4Sadaya tiyang Yahudi sami nyumerepi gesang kula wiwit anèm, amargi wiwit wiwitan mila kula gesang wonten satengahing bangsa kula ing Yérusalèm.

5Sampun dangu sanget anggènipun sami pitepangan kaliyan kula saha manawi purun, sami saged suka paseksi, bilih kula gesang kadosdéné tiyang Farisi manut golongan ingkang keras wonten ing salebeting agami kita.

6Déné sapunika kula kedah ngadhep wonten ing ngarsaning pangadilan punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng kaleksananing prajanjian, ingkang dipun paringaken déning Allah dhateng para leluhur kita,

7saha ingkang dipun antos-antos déning taler kita kalih welas ing salebetipun sami nindakaken pangibadahipun rinten-dalu kaliyan tegen. Inggih margi saking pangajeng-ajeng punika, dhuh, Raja Agripa, kula dipun gigat déning tiyang-tiyang Yahudi.

8Kadospundi, déné panjenengan sadaya manggalih mokal, bilih Allah nangèkaken tiyang pejah?

9Sanadyan kadospundia kémawon, kula piyambak naté nginten, bilih kula kedah tumindak keras nglawan asmanipun Yésus saking Nasarèt.

10Bab punika kawula tindakaken ugi wonten ing Yérusalèm. Kula mboten namung nglebetaken para suci kémawon dhateng pakunjaran, nanging sasampunipun kula tampi pangwaos saking para pangajenging imam, kula inggih nyarujuki, bilih tiyang-tiyang punika sami kaukum pejah.

11Wonten ing papan-papan pangibadah, kula asring nganiyaya tiyang-tiyang wau, saha sami kula peksa supados sami nyélaki kapitadosanipun, punapadéné margi saking sanget muntabing manah kula, tiyang-tiyang wau sami kawula oyak-oyak, malah ngantos dumugi nagari-nagari manca."

12"Lan ing salebeting kawontenan ingkang makaten punika, nalika kula kanthi kebak pangwaos sarta mundhi dhawuhipun para pangajenging imam, lumampah dhateng Damsyik,

13dumadakan, dhuh, Raja Agripa, ing wanci siang, wonten ing tengah margi kula sumerep cahya ingkang nglangkungi padhanging surya, tumurun saking langit ingkang lajeng nglimputi kula saha kanca-kanca ingkang sareng kula.

14Kula sadaya nunten sami rebah ing siti, tuwin lajeng mireng swanten ingkang ngandikani kula mawi basa Ibrani: Saulus, Saulus, yagéné sira nganiaya Ingsun? Rekasa tumraping sira nglawan marang Kang ngwasani sira.

15Kula tumunten munjuk: Paduka punika sinten, Gusti? Paring wangsulanipun Gusti: Ingsun iki Yésus kang sira aniyaya.

16Nanging saiki tangia lan ngadega. Ingsun ngatingal marang sira iku prelu netepaké sira dadi paladèn sarta seksi tumrap samubarang kabèh kang wus sira deleng saka Ingsun lan kang bakal Ingsun katingalaké marang sira ing tembé.

17Sira bakal Ingsun sengker saka bangsa iki tuwin bangsa-bangsa liyané, sarta sira bakal Ingsun utus marani bangsa-bangsa iku,

18supaya ngelèkaké mripaté, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing pangwasaning Iblis lan ngungsi marang Allah, karebèn padha olèh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadéné banjur tampa warisan ana ing satengahé para kang wus kasucèkaké.

19Awit saking punika, dhuh, Raja Agripa, kula mboten naté mboten mbangun miturut dhateng wahyu saking swarga punika.

20Nanging ing sakawit kula martosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi ing Damsyik, ing Yérusalèm saha ing tanah Yudéa sadaya, tuwin ugi dhateng bangsa-bangsa sanès, bilih kedah sami mratobat lan ngabekti dhumateng Allah, punapadéné lajeng nglampahi pandamel-pandamel ingkang laras kaliyan pamratobat wau.

21Inggih margi saking punika tiyang-tiyang Yahudi lajeng sami nangkep kula wonten ing Padaleman Suci saha ngangkah pejah kula.

22Nanging margi saking pitulunganipun Allah, kula saged gesang ngantos dumugi samangké sarta saged nglairaken paseksi dhateng tiyang-tiyang alit saha dhateng para pangageng. Wondéné ingkang kula wartosaken punika mboten sanès kajawi ingkang sadèrèngipun sampun kawartosaken déning para nabi lan ugi déning Musa,

23inggih punika, bilih Mesias kedah nandhang sangsara saha Panjenenganipun punika ingkang rumiyin piyambak badhé wungu saking antawisipun tiyang pejah, saha Panjenenganipun badhé martosaken pepadhang dhateng bangsa punika saha dhateng bangsa-bangsa sanès."

24Bareng Paulus ngaturaké bab iku mau kabèh minangka panjawab, Féstus banjur ngandika kalawan sora, "Kowé iku gendheng, Paulus! Kawruhmu kang akèh iku njalari kowé dadi édan."

25Nanging Paulus nuli matur, "Kula mboten gendheng, dhuh, Féstus ingkang minulya! Kawula ngaturaken kasunyatan kalayan pikiran ingkang saras!

26Raja Agripa ugi nguningani prakawis punika sadaya, awit saking punika kula kalayan tatag saha tanpa tèdhèng aling-aling matur wonten ing ngarsanipun. Kula yakin, bilih sadaya punika mboten wonten satunggal kémawon ingkang dèrèng naté kapirengaken, awit prakawis punika mboten kalampahan wonten ing panggénan ingkang kepencil.

27Punapa panjenengan, dhuh, Raja Agripa, pitados dhateng para nabi? Kula sumerep, bilih panjenengan pitados."

28Paring wangsulané Raja Agripa, "Mèh baé kowé ngyakinaké aku supaya dadi wong Kristen!"

29Unjuké Paulus, "Kula badhé ndedonga dhateng Allah, supados mboten namung panjenengan kémawon, nanging ugi tiyang-tiyang sanès ingkang wonten ngriki saha mirengaken atur kula punika, énggal utawi dangu, sami dados kadosdéné kula, kajawi blenggu punika."

30Raja, Gubernur tuwin Bèrniké lan wong kabèh kang padha lenggah banjur padha jumeneng.

31Nalika miyos, padha reraosan, "Tiyang punika mboten nglampahi pandamel ingkang kénging kaukum pejah utawi paukuman kunjara."

32Agripa ngandika marang Féstus, "Tiyang punika sajatosipun sampun saged luwar, upami mboten minggah bandhing dhateng Kaisar."



 <<  Kisah Para Rasul 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel