Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 23 >> 

1Ing kono warga Pradata Agama kabèh banjur padha ngadeg, Yésus diladèkaké marang ngarsané Pilatus.

2Nuli wiwit padha nggugat, aturé, "Kula sadaya sampun sami nyumerepi, bilih tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken pajeg dhateng Kaisar, saha ngaken, bilih piyambakipun punika Kristus, inggih punika Raja."

3Pilatus banjur ndangu marang Yésus, "Punapa Panjenengan punika Rajanipun tiyang Yahudi?" Paring wangsulané Yésus, "Panjenengan piyambak sampun mastani."

4Pilatus nuli ngandika marang para pangareping imam lan marang wong akèh iku, "Tumraping aku wong iki ora tinemu kaluputané."

5Nanging wong-wong mau saya banget panggugaté, aturé, "Tiyang punika ngojok-ojoki rakyat supados mbaléla kanthi piwulangipun radin ing sa-Yudéa, kawiwitan saking Galiléa, lan sapunika sampun dumugi ing ngriki."

6Bareng midhanget atur mangkono iku Pilatus banjur ndangu, apa wong iku wong Galiléa.

7Bareng pirsa yèn Yésus iku saka wilayah kang kalebet bawahé Hérodès, nuli kaladosaké marang ngarsané Hérodès, kang ing wektu iku pinuju ana ing Yérusalèm.

8Bareng Hérodès pirsa Yésus, banget renané, amarga wus suwé anggoné kepéngin pirsa, awit wus kerep midhanget bab Panjenengané, apadéné ngajeng-ajeng bisané nguningani anggoné Yésus damel mukjijat.

9Akèh kang kadangokaké marang Yésus, nanging Panjenengané ora paring wangsulan babar pisan.

10Nalika samana para pangareping imam lan para ahli Torèt padha maju lan ngaturaké pandakwa-pandakwa kang abot.

11Hérodès dalah para prajurité banjur padha nggeguyu lan moyoki Panjenengané, tumuli ngagemi jubah kamulyan sarta banjur mangsulaké marang ngarsané Pilatus.

12Ing dina iku uga Hérodès karo Pilatus banjur padha memitran, awit mauné padha sesatron.

13Pilatus banjur nimbali para pangareping imam lan para panggedhé sarta wong akèh, padha kadhawuhan nglumpuk,

14nuli padha dipangandikani, mangkéné, "Kowé padha ngladèkaké wong iki marang aku kokdakwa nyasaraké rakyat. Kowé padha sumurup dhéwé, yèn wus dakpriksa, nanging mungguh ing aku, bab kang kokdakwakaké kabèh tumrap wong iku, ora tinemu.

15Hérodès uga ora nemokaké kesalahané, sabab wong iku banjur dibalèkaké mréné. Satemené apa kang ditindakaké iku ora ana kang murwat kapatrapan paukuman pati.

16Mulané mung bakal dakpatrapi ukuman cemethi, banjur dakluwari."

17[Amarga Pilatus ing dina riyaya iku wajib ngluwari wong siji kanggo wong-wong mau.]

18Nanging wong kabèh mau tumuli padha mbengok bebarengan, "Kasirnakna tiyang punika! Barabas kaluwarana kanggé kula sadaya!"

19Barabas iku kalebokaké ing pakunjaran marga kasangkut ing kraman ing sajroning kutha lan gawé pepati.

20Pilatus ngandika manèh marang wong-wong mau kanthi swara kang sora, karsané ngluwari Yésus.

21Nanging wong-wong padha mangsuli kanthi swara sora uga pambengoké, "Kasaliba, kasaliba!"

22Pangandikané Pilatus kang kaping teluné, "Nglakoni piala apa ta wong iki sabeneré? Aku ora bisa nemokaké kaluputané kang kena ing paukuman pati. Dadi mung bakal dakpatrapi ukuman cemethi banjur dakluwari."

23Nanging kalawan bengok-bengok wong-wong padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengané kasalib, lan wekasané wong-wong mau menang kalawan bengok-bengoké iku.

24Pilatus banjur ndhawuhaké karampungan, panyuwuné wong-wong mau dituruti.

25Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokaké ing pakunjaran marga kasangkut ing kraman lan matèni wong, ngetrepi panyuwuné wong-wong mau, déné Yésus nuli kapasrahaké marang wong-wong mau supaya dipatrapi manut sakarepé.

26Nalika padha ngirid Yésus iku, ana wong kang jenengé Simon, saka ing Kiréné, kang lagi baé teka saka ing jaban kutha, iku diendheg banjur dikon manggul salibé Yésus lan mlaku ing sawingkingé.

27Sarta ana wong akèh kang padha ndhèrèkaké Panjenengané; ing antarané akèh wong wadon kang padha nangisi Panjenengané.

28Yésus nuli minger mirsani wong-wong wadon mau lan ngandika, "Hé para putriné Yérusalèm, aja padha nangisi Aku, awakmu dhéwé lan anak-anakmu baé kang padha tangisana!

29Amarga sumurupa, bakal ana wektuné wong padha duwé pangucap mangkéné: Rahayu wong wadon kang gabug lan weteng kang ora tau nglairaké anak, sarta susu kang ora tau nusoni.

30Wong-wong banjur bakal padha ngucap marang gunung-gunung: Aku padha jugrugana! Lan marang punthuk-punthuk: Aku padha urugana!

31Amarga menawa kaya mangkéné iki panggawéné wong marang kayu kang urip, saya manèh kang garing bakal dikapakaké?"

32Ana durjana loro kang uga padha kairid bakal kaukum pati bebarengan karo Panjenengané.

33Satekané ing panggonan kang aran Pacumplungan, Yésus banjur disalib ana ing kono, mangkono uga durjana loro mau, kang siji ana ing tengen, sijiné ana ing kiwané Yésus.

34[Yésus tumuli munjuk, "Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami mboten mangertos punapa ingkang dipun tindakaken."] Agemané banjur kaedum-dum sarana kaundhi.

35Wong akèh padha ngadeg ing kono lan maspadakaké sakabèhé. Nanging para panggedhé padha nyenyamah Panjenengané, pangucapé, "Wong-wong liya padha dipitulungi, cikbèn saiki mitulungi awaké dhéwé, menawa pancèn Mésias, Pilihané Allah!"

36Mangkono uga para prajurit iya padha moyoki Panjenengané lan padha nyaosi anggur kecut,

37karo ngucap, "Menawa kowé rajané wong Yahudi, tulungana awakmu dhéwé!"

38Ing sandhuwuré mustakané ana tulisan, kang uniné mangkéné, "Iki rajané wong Yahudi."

39Durjana kang padha digantung mau ana siji kang ngala-ala marang Yésus, pangucapé, "Kowé iku rak Kristus? Énggal, tulungana awakmu dhéwé lan aku kabèh."

40Nanging sing siji banjur nyaruwé, ujaré, "Apa kowé ora wedi marang Allah, jalaran kowé tampa paukuman kang padha?

41Aku lan kowé iku pancèn wus pantes diukum, padha tampa piwales kang murwat karo panggawé kita, bareng Panjenengané iki ora nindakaké kaluputan apa-apa."

42Banjur munjuk, "Dhuh Yésus, mugi Panjenengan karsa ngèngeti dhateng kawula, manawi Panjenengan rawuh jumeneng Raja."

43Paring wangsulané Yésus, "Aku pitutur marang kowé, satemené ing dina iki uga kowé bakal bebarengan karo Aku ana ing Firdaus."

44Bareng watara jam rolas, banjur ana pepeteng kang nglimputi satanah kabèh, nganti jam telu,

45amarga srengéngé ora sumunar. Kacarita gubahing Padaleman Suci suwèk ing tengah dadi loro.

46Yésus banjur ngandika kanthi sora, "Dhuh Rama, kawula masrahaken nyawa Kawula wonten ing asta Paduka." Sawusé ngandika mangkono banjur masrahaké nyawané.

47Nalika panggedhéning prajurit nyumurupi lelakon iku, tumuli ngluhuraké Allah, pangucapé, "Nyata, yèn wong iki tanpa kaluputan."

48Sakèhé wong kang padha gegrombolan nonton, bareng wus nyumurupi apa kang kelakon mau, padha mulih kalawan tebah-tebah dhadha.

49Sakèhé wong kang wus wanuh marang Yésus, kalebu uga para wong wadon kang padha ndhèrèkaké Panjenengané saka Galiléa, padha ngadeg ana ing kadohan, ndeleng lelakon iku kabèh.

50Ana wong kang jenengé Yusuf, warganing Pradata Agama, wong kang becik lan mursid.

51Iku ora mèlu nyarujuki putusan lan tumindaking Pradata Agama, asalé saka Arimatéa, sawenèhing kutha Yahudi, kang nganti-anti marang Kratoning Allah.

52Iku séba ing ngarsané Pilatus, nyuwun layoné Yésus.

53Sawusé layon diandhapaké, banjur diulesi mori alus, sarta disarèkaké ing kubur kang tinatah ing pepunthuk parang, kang durung tau kanggo.

54Nalika samana pinuju dina pacawisan, ngarepaké Sabat.

55Apamanèh wong-wong wadon kang wus ndhèrèkaké Yésus saka ing Galiléa, iku iya padha mèlu ngiringaké sarta maspadakaké pasaréan mau lan patrap anggoné nyarèkaké layoné.

56Saulihé banjur padha nyawisaké rempah-rempah wangi lan lenga jebad. Déné ing dina Sabat padha lèrèn, netepi angger-angger.



 <<  Lukas 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel