Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 7 >> 

1Bareng wus rampung anggoné ngandika marang wong akèh, Yésus banjur tindak lumebet ing Kapèrnaum.

2Ing kono ana opsir kang duwé batur, kang banget kanggepé, iku lara banget lan wus mèh mati.

3Bareng opsir mau krungu bab Yésus, tumuli kongkonan pinituwané wong Yahudi sawatara, sowan ing ngarsané, nyuwun supaya Panjenengané karsa rawuh nyarasaké batur mau.

4Wong-wong mau iya banjur sowan sarta nyuwun tulung kanthi adreng, aturé, "Tiyang punika pantes kapitulungan,

5amargi tresna dhateng bangsa kita, saha inggih tiyang punika ingkang ngyasakaken kita papan pangibadah."

6Yésus banjur tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wus cedhak karo omahé opsir iku, opsir iku kongkonan para mitrané matur marang Panjenengané, "Dhuh, Gusti, mugi sampun dados damel Panjenengan, amargi kawula mboten pantes Panjenengan rawuhi;

7awit saking punika kawula inggih rumaos mboten pantes sowan ing ngarsa Panjenengan. Nanging Panjenengan mugi karsa ngandika satembung kémawon, temahan réncang kawula tamtu badhé saras.

8Amargi kawula piyambak inggih tiyang ingkang kapréntah, sarta inggih mbawahaken prajurit. Menawi kawula akèn dhateng salah satunggaling prajurit punika: Lungaa, piyambakipun inggih lajeng késah. Punapa déné menawi kawula akèn dhateng satunggalipun: Mrénéa, inggih lajeng dhateng; utawi dhateng réncang kawula: Iki tindakna, inggih lajeng dipun tindakaken."

9Bareng Yésus midhanget atur kang mangkono iku, Panjenengané éram, nuli minger mriksani wong akèh kang padha ndhèrèkaké sarta ngandika, "Aku pitutur marang kowé, pangandel kang saméné gedhéné iki Aku durung tau tumon, sanadyan ing antarané wong Israèl!"

10Bareng kongkonan mau wus padha bali lan wus tekan ing ngomah, baturé wus ketemu waras.

11Sawusé iku Yésus tindak menyang kutha kang aran Nain. Para sakabaté padha ndhèrèkaké, lan iya ana wong akèh kang padha gumrudug mèlu ndhèrèk uga.

12Bareng tindaké wus cedhak karo gapuraning kutha, ana layon kapikul metu, iku bocah lanang, anak ontang-anting, embokné wus randha. Wong akèh saka ing kutha padha ngiringaké.

13Nalika Gusti pirsa randha mau, trenyuh banget panggalihé marga saka welasé, banjur ngandika marang randha mau, "Aja nangis!"

14Yésus banjur nyelaki lan bandhosané diasta. Kang padha mikul mandheg. Panjenengané tumuli ngandika, "Anggèr, Aku dhawuh marang kowé: Tangia!"

15Kang mati tumuli njenggèlèk, linggih lan wiwit guneman, banjur dipasrahaké marang ibuné.

16Wong kabèh padha wedi lan banjur padha ngluhuraké Allah, pangucapé, "Ana nabi agung kang karawuhaké ing tengah-tengah kita", sarta, "Allah wus nuwèni tuwin milujengaké umaté."

17Pawarta bab Yésus iku banjur sumebar ing satanah Yudéa lan sakiwa-tengené kabèh.

18Nalika Yohanes nampa pawarta bab lelakon iku kabèh saka para sakabaté,

19banjur ngundang sakabaté loro, kadhawuhan matur marang Gusti, "Punapa Panjenengan punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanèsipun?"

20Bareng wis padha ana ing ngarsané Yésus, banjur matur, "Kawula sami kautus déning Yohanes Pambaptis, kadhawuhan matur pitakèn: Punapa Panjenengan punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanèsipun?"

21Nalika samana Yésus pinuju marasaké wong akèh kang padha nandhang sawarnaning lelara lan memala sarta kang kasurupan roh-roh ala, apadéné sakèhé wong wuta padha kaparingan pandeleng.

22Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané, "Padha mundura, aturna marang Yohanes apa kang kokdeleng lan kokrungu: Wong wuta padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong budhugen padha kabirat najisé, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangèkaké, lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.

23Lan rahayu wong kang ora nampik Aku."

24Bareng utusané Yohanes wus padha mundur, Yésus banjur wiwit medhar pangandika marang wong akèh iku bab Yohanes, mangkéné, "Apa prelumu lunga menyang ara-ara samun? Apa arep ndeleng glagah kang mobat-mabit marga kanginan?

25Utawa arep apa kowé mrana iku? Apa arep ndeleng wong kang manganggo sarwa alus? Wong kang manganggo éndah lan kang uripé méwah iku panggonané ana ing kraton.

26Dadi apa prelumu mrana? Apa arep ndeleng nabi? Bener, lan Aku pitutur marang kowé, malah ngungkuli nabi.

27Awit ana pangandika, mangkéné: Lah Ingsun dhawuh marang utusaningsun supaya ndisiki Sira, lan nyawisaké dalanira ana ing ngarepira.

28Aku pitutur marang kowé: Ing antarané wong kang kalairaké déning wong wadon ora ana kang ngungkuli Yohanes, éwadéné kang cilik dhéwé ana ing Kratoning Allah iku ngungkuli wong iku."

29Wong akèh kang padha ngrungokaké pangandikané, kalebu para juru-mupu-béya, kabèh padha ngakoni marang adiling Pangéran, amarga wus padha dibaptis déning Yohanes.

30Nanging wong-wong Farisi lan para ahli Torèt padha nampik marang karsané Allah tumrap awaké dhéwé, sarana anggoné padha ora gelem dibaptis déning Yohanes.

31Yésus banjur ngandika, "Wong-wong jaman iki bakal dakupamakaké apa lan dakpadhakaké karo apa?

32Wong-wong iku upamané kaya bocah-bocah kang linggih ana ing pasar lan kang padha alok sesauran: Kowé wus padha daksulingi, kok ora njogèd. Aku wus padha ngidungaké kidung pangadhuh, kowé kok ora nangis.

33Amarga Yohanes Pambaptis iku teka tanpa mangan roti sarta ngombé anggur, kowé banjur kandha: Iku wong kepanjingan sétan.

34Sawusé iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengané dhahar lan ngunjuk. Kowé banjur ngucap: Delengen, Iku rak wong kang karem mangan lan tukang minum, kancané para juru-mupu-béya lan wong dosa.

35Nanging kawicaksananing Allah iku kabeneraké déning sakèhing wong kang padha nampani."

36Tumuli ana wong Farisi kang ngaturi dhahar Yésus ana ing omahé. Yésus iya banjur rawuh, nuli lenggah dhahar.

37Ing kutha kono ana wong wadon kang wus kondhang dosané. Nalika krungu, yèn Yésus lagi dhahar ana ing omahé wong Farisi mau, banjur mrono karo nggawa botol marmer isi lenga wangi,

38nuli ngadeg karo nangis ana ing pengkerané Yésus, cedhak sampéyané, nganti luhé crocosan nelesi sampéyané, diusapi nganggo rambuté, lan banjur diambungi sarta dijebadi kalawan lengané wangi mau.

39Bareng para Farisi kang ngaturi Yésus weruh kang kaya mangkono iku, banjur duwé osik mangkéné, "Menawa Panjenengané iku Nabi, mesthi pirsa, sapa lan wong apa sing nggepok sarirané iku; mesthi pirsa, yèn iku wong kang kondhang dosané."

40Yésus nanggapi sarana ngandika, "Simon, ana prakara kang arep dakpituturaké marang kowé." Simon mangsuli, aturé, "Sumangga, kula aturi ngandika, Guru."

41"Ana wong loro kang padha duwé utang, kang siji limang atus dinar, sijiné sèket dinar.

42Sarèhné padha ora bisa nyaur, kang ngutangi banjur nglilakaké utangé wong loro mau. Wong loro iku endi kang luwih tresna marang kang ngutangi?"

43Atur wangsulané Simon, "Kula kinten inggih ingkang sambutanipun kathah, lajeng dipun lilakaken punika." Pangandikané Yésus, "Bener penemumu iku."

44Banjur ngandika marang Simon manèh kalawan mirsani wong wadon mau, "Kowé weruh wong wadon iki? Aku mau mlebu ing omahmu, kowé ora mènèhi banyu kanggo wisuh sikil, nanging wong iki nelesi sikilku nganggo luhé, banjur ngusapi nganggo rambuté.

45Kowé ora ngambung Aku, nanging wiwit nalika Aku mlebu, wong wadon iki tansah ngambungi sikilku.

46Kowé ora nglengani sirahku, nanging wong wadon iki njebadi sikilku nganggo lenga wangi.

47Mulané Aku pitutur marang kowé: Dosané kang akèh iku wus kaapura, amarga wus nindakaké katresnan akèh. Nanging kang kaapura sathithik, iya nindakaké katresnan sathithik."

48Banjur ngandika marang wong wadon mau, "Dosamu wus kaapura."

49Wong kang padha linggih mangan bebarengan karo Panjenengané, padha mosik mangkéné, "Sapa ta, Panjenengané iku, déné kok nganti bisa ngapura dosa?"

50Nanging Yésus nuli ngandika marang wong wadon mau, "Pangandelmu kang mitulungi kowé, mundura klawan tentrem-rahayu!"



 <<  Lukas 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel