Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 9 >> 

1Kacarita Yésus nimbali sakabaté rolas, padha kaparingan kasektèn lan wisésa kanggo ngwasani sétan-sétan lan marasaké lelara.

2Banjur padha diutus martakaké Kratoning Allah lan marasaké wong-wong lara,

3sarta padha dipangandikani mangkéné, "Aja padha nggawa apa-apa kanggo ana ing dalan, aja nggawa teken utawa kanthong uba-rampé, roti utawa dhuwit, utawa klambi rangkep.

4Lan menawa kowé wus ditampani ana ing sawijining omah, kowé lerema ana ing kono lan anggonmu mbacutaké lakumu iya saka ing kono.

5Déné menawa ana wong kang ora gelem nampani kowé, metua saka ing kutha kono lan ketabna bledug kang ana ing sikilmu, iku minangka pepéling tumrap wong mau."

6Para sakabat banjur padha mangkat ndlajahi désa-désa, ngabaraké Injil sarta marasaké wong lara ing sakèhing panggonan.

7Kocapa Hérodès, raja-wilayah, midhanget sakèhing lelakon mau, banjur rumangsa kuwatir, awit ana wong kang kandha, yèn Yohanes wus diwungokaké saka ing antarané wong mati.

8Ana manèh kang kandha, yèn Élia ngatingal manèh, lan uga ana kang kandha, yèn salah sijining nabi jaman kuna wis wungu.

9Nanging Hérodès ngandika, "Yohanes wus daktigas guluné. Sapa ta sejatiné wong iki, kang kawartakaké nindakaké prakara-prakara kang mangkono iku?" Tumuli ngudi bisané ketemu karo Yésus.

10Bareng para rasul wus padha bali, padha matur marang Yésus bab apa kang wus padha katindakaké. Banjur padha didhawuhi ndhèrèk Panjenengané nyingkir menyang kutha kang aran Bètsaida.

11Nanging wong akèh padha weruh, lan tumuli padha nututi. Kabèh padha ditampani déning Yésus lan padha dipangandikani bab Kratoning Allah. Déné kang mbutuhaké kawarasan padha kawarasaké.

12Bareng wus ndungkap wayah bengi para sakabat rolas padha sowan ing ngarsané sarta matur, "Tiyang kathah punika mbok sami dipun dhawuhi késah dhateng dhusun utawi kampung-kampung sakiwa-tengenipun ngriki, pados pasipengan saha tedha, amargi ing ngriki punika kita wonten ing panggénan ingkang kapencil."

13Nanging banjur padha dipangandikani, "Kowé kang kudu mènèhi mangan wong-wong iku!" Atur wangsulané, "Ingkang wonten ing kawula mboten langkung saking roti gangsal kaliyan ulam kalih, kajawi menawi kawula lajeng sami késah tumbas tetedhan kanggé sadaya tiyang menika."

14Amarga ing kono kira-kira ana wong lanang limang èwu. Yésus banjur dhawuh marang para sakabat, "Padha konen linggih panthan-panthan, kira-kira nyèket-nyèket."

15Para sakabat padha ngèstokaké dhawuh mau, kabèh wong dikon linggih.

16Yésus nuli mundhut roti lima lan iwak loro mau, banjur tumenga ing langit, rotiné banjur diberkahi lan dicuwil-cuwil, sarta diparingaké marang para sakabat supaya didumaké marang wong akèh.

17Kabèh padha mangan nganti wareg. Turahané diklumpukaké dadi rolas wakul.

18Ing sawijining dina nalika Yésus pinuju ndedonga piyambakan, para sakabaté padha sowan ing ngarsané. Banjur padha didangu, "Wong akèh iku padha ngarani Aku iki sapa?"

19Atur wangsulané, "Yohanes Pambaptis. Wonten ugi ingkang mastani Élia, wonten malih ingkang mastani salah satunggaling nabi ing jaman kina ingkang sampun wungu."

20Yésus nuli ndangu marang para sakabat, "Lah yèn kowé, Aku iki kokarani sapa?" Atur wangsulané Pétrus, "Mésias ingkang saking Allah."

21Banjur padha dipenging déning Yésus, supaya aja ngandhakaké bab iku marang sapa baé.

22Yésus ngandika manèh, "Putraning Manungsa iku pinesthi nandhang sangsara akèh sarta katampik déning para pinituwa lan para pangareping imam apadéné para ahli Torèt, nuli disédani, lan ing telung dinané bakal kawungokaké."

23Kabèh banjur padha dipangandikani, "Saben wong kang kapéngin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awaké dhéwé, saben dina manggul salibé lan ngetutaké Aku.

24Sabab sapa baé kang arep nylametaké nyawané, iku bakal kélangan nyawané; nanging sapa baé kang kélangan nyawané marga saka Aku, iku bakal nylametaké nyawané.

25Apa gunané wong bisa ndarbèni donya iki kabèh, nanging njalari tiwas lan kapitunané awaké dhéwé?

26Awit sapa baé kang isin marga saka Aku lan pituturku, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, bésuk menawa Panjenengané rawuh kanthi kamulyané piyambak, lan kamulyané Kang Rama sarta para malaékat kang suci.

27Aku pitutur marang kowé: Satemené ing antarané wong kang ana ing kéné iki, ana kang bakal ora ngrasakaké pati, sadurungé padha nyumurupi Kratoning Allah."

28Kira-kira wolung dina sawisé paring piwulang mau kabèh, Yésus banjur minggah ing gunung arep ndedonga; Pétrus, Yohanes lan Yakobus kadhawuhan ndhèrèk.

29Kacarita, nalika Panjenengané ndedonga iku, pasuryané banjur malih, lan pangagemané dadi putih mancorong.

30Tumuli ana priya loro padha imbal-pangandika karo Panjenengané, yaiku Musa lan Élia.

31Sakaroné padha ngatingal ing sajroning kamulyan, sarta padha reraosan bab tujuané tindaké Yesus menyang ing Yérusalèm minangka ngrampungaké pakaryané.

32Nalika samana Pétrus sakancané padha keturon; bareng tangi padha weruh Yésus sajroning kamulyané, lan priya loro kang padha jumeneng cedhak Panjenengané.

33Kocapa, bareng priya loro mau padha arep mundur saka ing ngarsané Yésus, Pétrus munjuk marang Yésus, "Guru, saiba saénipun menawi kita sami wonten ing papan ngriki. Mugi sapunika kawula dipun parengaken sami damel tarub tiga, satunggal kagem Panjenengan, satunggal kagem Musa, satunggalipun kagem Élia." Nanging Pétrus ora mangerti apa kang diaturaké iku.

34Sajroné Pétrus matur mangkono iku banjur ana méga teka ngayomi. Bareng padha kalimputan ing méga mau, wong-wong iku padha wedi.

35Saka ing sajroné méga mau tumuli ana swara kaprungu mangkéné, "Iki Putraningsun, pilihaningsun, padha èstokna dhawuhé!"

36Nalika swara iku kaprungu, Yésus katingal piyambakan. Para sakabat padha nyimpen lelakon iku, lan nalika samana padha ora martakaké apa kang kadeleng mau marang sapa baé.

37Ésuké, bareng padha mudhun saka ing gunung, ana wong akèh kang gumrudug sowan ing ngarsané Yésus.

38Ana siji kang nguwuh, unjuké, "Guru, kawula nyuwun, mugi Panjenengan karsa mirsani anak kawula, jalaran laré punika anak kawula ontang-anting.

39Saben-saben piyambakipun katempuh ing roh, lajeng dhadhakan njerit, nunten dipun ontang-antingaken ngantos muruh cangkemipun. Roh punika tanpa kèndel anggènipun nyiksa saha mèh mboten naté purun ngeculaken piyambakipun.

40Kawula sampun nedha tulung dhateng para sakabat Panjenengan, supados nundhung roh punika, nanging sami mboten saged."

41Yésus banjur ngandika, "Hé, wong-wong kang ora pracaya lan kang keblinger, nganti pira lawasé anggonku kudu tetunggalan karo kowé lan nyabari kowé? Anakmu gawanen mréné!"

42Lan nalika bocah mau marani Yésus, banjur dibanting déning sétané lan diontang-antingaké. Nanging roh jahat mau nuli didukani banget déning Yésus lan bocahé diwarasaké sarta dipasrahaké marang bapakné.

43Wong kabèh padha kaéraman, marga saka nyumurupi kwasaning Allah kang samono gedhéné iku. (9-43b) Nalika wong kabèh isih padha kaéraman awit saka sakèhing pandamelé, Yésus tumuli ngandika marang para sakabaté,

44"Rungokna lan gatèkna kabèh tembungku iki: Putraning Manungsa bakal diulungaké marang tanganing wong."

45Nanging para sakabat ora mangerti marang pangandika iku, amarga tegesé isih peteng tumrap wong iku kabèh, mulané ora bisa mudheng. Éwasamono padha ora wani miterang Panjenengané bab pangandika mau.

46Kacarita para sakabat padha padudon bab sapa kang pinunjul saka ing antarané para sakabat mau.

47Nanging Yésus ora kekilapan tumrap pikirané wong-wong iku. Jalaran saka iku banjur mundhut sawenèhé bocah cilik, diadegaké ing sandhingé,

48sarta ngandika marang para sakabaté, "Sapa baé kang nampani bocah iki ing sajroning asmaku, ateges Aku kang ditampani; lan sapa baé kang nampani Aku, iku nampani Panjenengané kang ngutus Aku. Awit kang cilik dhéwé ing antaramu kabèh, iku kang gedhé dhéwé."

49Yohanes tumuli matur, "Guru, kawula sami sumerep tiyang nundhung sétan atas asma Panjenengan, lajeng kawula penging, amargi sanès patunggilan kita."

50Yésus banjur ngandika, "Aja kokpenggak, sabab sapa baé kang ora nyulayani marang kowé, iku ana ing pihakmu."

51Bareng wus cedhak wektuné karo anggoné bakal kasengkakaké menyang swarga, Yésus banjur adreng panggalihé arep tindak menyang Yérusalèm,

52Panjenengané tumuli ngutus wong sawatara, kang ndhisiki tindaké. Wong-wong mau padha mangkat, banjur padha lumebu ing salah sawijining désané wong Samaria arep nyawisaké samubarang kagem Panjenengané.

53Nanging wong-wong Samaria padha ora gelem nampani rawuhé, amarga karsané bakal tindak menyang Yérusalèm.

54Nalika sakabaté loro, yaiku Yakobus lan Yohanes, nyumurupi kang mangkono iku, banjur matur, "Gusti, punapa Panjenengan ngarsakaken supados kawula sami ndhatengaken latu saking langit, numpes tiyang-tiyang punika?"

55Nanging Yésus nuli nolèh ndukani sakabat-sakabat mau.

56Banjur padha pindhah menyang désa liyané.

57Nalika padha mbacutaké lakuné, ana ing tengah dalan iku ana wong kang matur marang Yésus, "Kawula badhé ngetut-wingking Panjenengan, dhatenga pundi kémawon tindak Panjenengan."

58Paring wangsulané Yésus, "Asu ajag padha duwé rong lan manuk padha duwé susuh, nanging Putraning Manungsa ora kagungan papan kagem nyèlèhaké mustakané."

59Banjur ngandika marang wong liyané, "Mèlua Aku." Aturé wong mau, "Keparenga kawula késah ngubur bapak kawula rumiyin."

60Nanging pangandikané Yésus, "Cikbèn wong mati padha ngubur wong mati, nanging kowé iku lungaa, ngundhangna Kratoning Allah ana ing ngendi-endi."

61Lan ana liyané manèh kang matur, "Kawula badhé ngetut-wingking Panjenengan, Gusti, nanging keparenga kawula pamitan rumiyin dhateng brayat kawula."

62Nanging Yésus ngandika, "Saben wong kang wus nyekel waluku, mangka banjur nolèh marang kang ana ing buri, iku ora pantes tumrap Kratoning Allah."



 <<  Lukas 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2020
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran