Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 2 >> 

1Nalika Yésus wus miyos ana ing Bètlehèm, wilayah Yudéa, yaiku nalika jamané Raja Hérodès, lah ana para pandhita saka Wétan padha teka ing Yérusalèm

2lan takon-takon, "Rajanipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing Wétan, déné anggèn kula mriki punika badhé sami sujud wonten ing ngarsanipun."

3Bareng miyarsa kang mangkono iku, Hérodès banget geteré, mangkono uga wong sakutha Yérusalèm kabèh.

4Banjur nimbali sakèhé para pangareping imam lan para ahli Torèt bangsa Yahudi, lan padha kadangu ana ngendi Sang Kristus bakal miyos.

5Unjuké kang padha kadangu, "Wonten ing Bètlehèm, wilayah Yudéa, awit ingkang sampun kaserat déning nabi, makaten:

6Anadéné sira, hé Bètlehèm wilayah Yéhuda, sira iku babar pisan ora kang cilik dhéwé ana ing antarané para kang ngasta papréntahan ing wilayah Yéhuda, amarga saka sira bakal ana panutan miyos, kang bakal ngengon umatingsun Israèl."

7Hérodès banjur nimbali para pandhita mau kanthi sesidheman, padha kadangu kanthi tlesih bab wektu katoning lintangé;

8nuli padha didhawuhi menyang Bètlehèm sarta kaweling, "Padha mangkata, titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timur iku, déné samangsa wus ketemu, énggal padha ngaturana uninga marang aku, supaya aku iya bisa mrana nyembah marang Panjenengané."

9Para pandhita sawisé ngrungu dhawuhé raja iku, banjur padha mangkat. Lah nalika iku, lintang kang wis kadeleng ana ing Wétan mau, nuntun lakuné para pandhita nganti tekan papan kang katuju, lan banjur mandheg ing sandhuwuré padunungané Sang Timur.

10Bareng weruh lintangé, padha bungah banget.

11Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maria kang ibu, nuli padha sujud nyembah marang Panjenengané. Tumuli padha mbukaki pethiné raja-brana, Padha nyaosaké pisungsung marang Panjenengané arupa mas, menyan lan blendok mur.

12Sabanjuré, sarèhné padha diélingaké ing sajroning impèn, supaya aja bali sowan ing ngarsané Hérodès, mula mulihé menyang tanahé padha metu dalan liya.

13Sapungkuré para pandhita mau tumuli ana malaékating Pangéran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning impèn lan dhawuh, "Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsèkna menyang Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira. Awit Hérodès bakal nggolèki Sang Timur lan arep nyédani Panjenengané."

14Yusuf tangi lan ing bengi iku uga nambut Sang Timur dalah kang ibu, tumuli ngungsi menyang Mesir,

15lan manggon ing kana nganti sasédané Hérodès. Mangkono dadiné katetepan apa kang kapangandikakaké déning Pangéran, lantaran nabi, "Saka Mesir anggoningsun nimbali Putraningsun."

16Bareng Hérodès pirsa yèn Panjenengané diapusi, banget dukané, banjur dhawuh matèni sakèhé bocah lanang ing Bètlehèm lan sakubengé, sing umur rong taun sapangisor, manut wektu kang kadangokaké kanthi tlesih marang para pandhita.

17Kang mangkono iku, katetepan kang kapangandikakaké lantaran nabi Yérémia,

18"Ana swara kaprungu ing Rama, panangis lan pangadhuh kang banget; Rahèl nangisi anak-anaké lan emoh kalipur, awit anak-anaké wus padha ora ana."

19Bareng Hérodès wis séda, ana malaékating Pangéran kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning impèn ana ing Mesir, kang dhawuh,

20"Tangia, Sang Timur lan kang ibu gawanen bali menyang Israèl, amarga sing padha ngarah sédané Sang Timur wus padha mati."

21Yusuf banjur tangi, nambut Sang Putra lan kang ibu tumuli mangkat menyang Israèl.

22Ananging bareng krungu pawarta, yèn Arkhélaus nggentosi kang Rama Hérodès jumeneng raja ing Yudéa, dadi sumelang yèn mrana. Éwadéné sarèhné diparingi pitedah ing sajroning impèn, banjur ngener menyang wilayah Galiléa.

23Satekané ing kono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasarèt. Kang mangkono iku supaya katetepan apa kang kapangandikakaké déning para nabi, yèn Yésus bakal kasebut: Wong Nasarèt.



 <<  Matius 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel