Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 28 >> 

1Bareng dina Sabat wis kliwat, ing wayah bangun ésuk, ngarepaké dina kapisan ing minggu iku, Maria Magdaléna karo Maria sijiné padha lunga niliki pasaréan.

2Lah tumuli ana lindhu gedhé, awit ana malaékating Pangéran tumedhak saka langit lan nyelak ngglundhungaké watuné, nuli dilenggahi.

3Pasuryané katon kaya kilat, pangagemané putih kaya salju.

4Awit saka wediné marang malaékat, sing padha jaga gumeter wedi banget nganti kaya wong mati.

5Ananging malaékat mau ngandika marang wong-wong wadon iku, "Kowé aja padha wedi, sabab aku ngerti, kowé padha nggolèki Yésus kang disalib iku.

6Panjenengané ora ana ing kéné, awit wis wungu, kaya kang wus kapangandikakaké. Padha mrénéa, delengen papan panggonané sumaré.

7Lan diénggal padha lungaa sarta kandhakna marang para sakabaté, yèn Panjenengané wis wungu saka ing antarané wong mati lan mangertia, Panjenengané ndhisiki kowé tindak menyang Galiléa. Ana ing kana, kowé bakal padha ndeleng Panjenengané. Lah mangertia, Aku wis tutur marang kowé."

8Wong-wong wadon iku banjur énggal-énggal padha lunga saka ing pasaréan klawan wedi lan kanthi kabungahan gedhé, padha lumayu arep awèh warta marang para sakabaté Yésus.

9Lah sanalika Yésus methukaké wong-wong wadon iku lan ngandika, "Bagéa!" banjur padha nyedhaki Panjenengané lan nyandhak sampéyané sarta nyembah Panjenengané.

10Yésus tumuli ngandika marang wong-wong wadon iku, "Aja padha wedi. Padha lungaa, awèh pawarta marang sadulur-sadulurku supaya padha menyang Galiléa, ana ing kana bakal padha ndeleng Aku."

11Nalika wong-wong wadon iku padha mangkat, lah wong sawatara sing padha njaga padha lumebu ing kutha, ngaturi pawarta marang para pangarepé imam, bab kabèh kang kalakon.

12Lan sawusé ngumpul karo para pinituwa sarta gawé putusan, banjur padha mènèhi dhuwit akèh marang para prajurit,

13sarta dhawuhé, "Kowé padha kandhaa mangkéné, ‘Ing wayah bengi para sakabaté padha teka nyolong layoné, nalika aku padha turu.’

14Déné menawa prekara iki kapireng déning gubernur, aku bakal padha matur panjenengané, supaya kowé ora nemu reruwed."

15Bareng wis padha nampani dhuwité, para prajurit banjur padha nglakoni kaya anggoné padha kawarah. Lan carita iku sumebar ana ing antarané wong Yahudi nganti sapréné.

16Para sakabat sawelas nuli padha mangkat menyang Galiléa, menyang gunung kang wus kadhawuhaké Yésus marang para sakabat mau.

17Bareng padha ndeleng Panjenengané banjur padha sujud, nanging sakabat sawatara padha mangu-mangu.

18Yésus banjur nyelaki para sakabat lan ngandika, "Sakèhé pangwasa ana ing swarga lan ing bumi wis kaparingaké marang Aku.

19Mulané padha lungaa, sakèhing bangsa padha dadèkna muridku, klawan dibaptisi ing asmané Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci,

20lan padha diwulanga netepi sabarang kang wis dakdhawuhaké marang kowé kabèh. Lah, Aku nunggal karo kowé ing sadina-dina, nganti tumeka ing wekasaning jaman."



 <<  Matius 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel