Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 10 >> 

1Saka ing kono, Yésus banjur tindak menyang wilayah Yudéa lan menyang wilayah sabrangé Kali Yordan, sarta wong golongan banjur gumrudug menyang ngarsané; tuwin kaya kang wis dadi padatan, Panjenengané tumuli mulang manèh marang wong golongan.

2Para Farisi banjur padha nyedhak, lan kanggo nyoba Panjenengané, wong-wong iku banjur padha munjuk, "Punapa tiyang jaler dipun kéngingaken megat sémahipun?"

3Nanging Panjenengané banjur paring wangsulan marang wong-wong mau, "Musa wis ndhawuhi apa marang kowé?"

4Déné wong-wong iku matur, "Musa marengaken tiyang jaler damel serat-pegat kanggé megat sémahipun."

5Yésus banjur ngandika marang wong-wong iku, "Musa nyerat dhawuh iku tumrap kowé marga saka wangkoting atimu.

6Mangka saka wiwitaning tumitah, Allah nitahaké manungsa lanang lan wadon.

7Mulané wong lanang iku bakal ninggal bapa lan biyungé, rumaket karo rabiné,

8sarta wong loro iku banjur dadi daging siji, wis ora loro manèh, nanging dadi daging siji.

9Kang iku, apa kang wis katunggilaké déning Allah, aja dipisahaké déning manungsa."

10Sawisé tekan omah, para sakabat padha miterang manèh marang Yésus bab iku mau.

11Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat, "Sapa baé kang megat somahé banjur ngrabèni wong wadon liyané, iku laku jina tumrap rabiné.

12Lan menawa sing wadon mau megat somahé, banjur ningkah karo wong lanang liyané, iku iya laku jina."

13Wong-wong banjur padha nyowanaké bocah-bocah cilik menyang ngarsané Yésus, pamrihé supaya Panjenengané ngasta bocah-bocah iku; nanging para sakabaté nyrengeni wong-wong iku.

14Bareng Yésus pirsa, Panjenengané duka, tumuli ngandika marang para sakabat, "Cikbèn bocah-bocah iku padha sowan marang Aku, kowé aja padha ngalang-alangi, awit iya wong kang kaya mangkono iku kang nduwèni Kratoné Allah.

15Satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa baé kang ora nampani Kratoning Allah kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono."

16Panjenengané banjur ngrangkuli bocah-bocah iku apadéné padha dibarkahi kalawan katumpangan asta.

17Nalika Yésus nglajengaké tindaké, ana wong kang lumayu sowan ing ngarsané, banjur sujud lan matur, "Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kawula lampahi, supados angsal gesang langgeng?"

18Yésus tumuli ngandika marang wong iku, "Yagéné kowé ngarani Aku utama? Siji baé ora ana kang utama, kejaba mung Allah.

19Kowé mesti wus ngerti pepakon-pepakon iki: Sira aja mematèni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapaké paseksi goroh, sira aja ngapusi wong liya; sira ngajènana bapa lan biyungira!"

20Wong mau banjur matur marang Panjenengané, "Guru, kawula sampun netepi sadaya punika wiwit kawula taksih anèm."

21Sajroné mandeng wong iku, Yésus ketuwuhan rasa tresna marang wong mau, Panjenengané banjur ngandika, "Mung kari saprakara kakuranganmu: Lungaa, dolen kabèh apa kang kokduwèni, lan iku wènèhna marang wong-wong miskin, temahan kowé bakal duwé bandha ing swarga; banjur balia mréné, lan mèlua Aku!"

22Bareng krungu pangandika kang mangkono iku, wong mau dadi peteng polatané, banjur sumingkir kalawan sedhih, awit wong iku barang darbé akèh.

23Kalawan mirsani para sakabaté kang ana ing sakubengé, Yésus banjur ngandika, "Saiba angèlé wong kang duwé bandha akèh olèhé bakal lumebu Kratoning Allah."

24Para sakabat padha kagèt awit saka pangandikané Yésus iku. Nanging Panjenengané nglajengaké pangandikané iku, "Hé, bocah-bocah, iba angèlé lumebu Kratoning Allah.

25Luwih gampang unta nlusup ing bolonganing dom, katimbang wong sugih lumebu Kratoning Allah."

26Para sakabat sangsaya kagèt, nuli padha rasanan, "Banjur sapa kang bisa kaslametaké?"

27Yésus mirsani para sakabat, sarta ngandika, "Tumraping manungsa iku pancèn mokal, nanging tumraping Allah ora, sebab tumraping Allah samubarang bisa kelakon."

28Pétrus banjur matur marang Panjenengané, "Kawula sampun sami nilar samukawis lan sami ndhèrèk Gusti."

29Yésus ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé, wong kang krana saka Aku lan krana saka Injil, wus ninggal omahé, utawa sedulur-seduluré lanang, apa sedulur-seduluré wadon, utawa ibuné, apa bapakné, utawa anak-anaké, apa palemahané,

30saiki uga bakal tampa pituwas tikel satus: Omah, sedulur-sedulur lanang, sedulur-sedulur wadon, ibu apadéné anak-anak dalah palemahan, sanadyan kanthi panganiaya rupa-rupa, lan urip langgeng ing jaman kang bakal kelakon.

31Nanging akèh wong kang dhisik dhéwé bakal padha dadi kèri dhéwé lan kang kèri dhéwé bakal padha dadi kang dhisik dhéwé."

32Yésus lan para sakabat lagi ana ing dalan, munggah menyang Yérusalèm; lan Yésus tindak ana ing ngarep. Para sakabat padha kagèt, déné wong-wong kang ndèrèkaké padha wedi. Yésus nimbali marek manèh para sakabat rolas, banjur wiwit ngandikakaké apa kang bakal kelakon tumrap Panjenengané,

33"Kita padha munggah menyang Yérusalèm, lan Putrané Manungsa bakal kaulungaké marang para pangarepé imam lan para ahli Torèt, lan iku bakal padha netepaké paukuman pati tumrap Panjenengané, sarta bakal padha ngulungaké Panjenengané marang bangsa-bangsa liya;

34Panjenengané bakal dipoyoki, sarta diidoni, apadéné digebagi lan disédani; nanging sawusè telung dina Panjenengané bakal wungu."

35Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus, banjur padha nyedhaki Yésus sarta matur marang Panjenengané, "Guru, karsaa Panjenengan ngabulaken punapa kémawon ingkang sami kawula suwun!"

36Panjenengané tumuli ngandika marang wong loro iku, "Apa kang padha kokkarepaké supaya daktindakaké?"

37Wong loro mau banjur padha munjuk marang Panjenengané, "Mugi marengaken kawula, bénjing wonten ing kamulyan Panjenengan, ingkang satunggal linggih ing sisih tengen lan setunggalipun ing sisih kiwa Panjenengan."

38Nanging Yésus ngandika, "Kowé iku ora ngerti apa kang padha koksuwun. Kowé apa bisa ngombé tuwung kang dakombé, utawa dibaptis srana baptisan kang kabaptisaké ing Aku?"

39Atur wangsulané wong loro mau marang Panjenengané, "Kawula saged." Yésus banjur ngandika, "Kowé pancèn bakal padha ngombé tuwung kang dakombé lan kabaptis srana baptisan kang kabaptisaké ing Aku;

40Nanging bab lungguh ing sisih tengenku utawa ing sisih kiwaku iku dudu wewenangku mènèhaké; nanging iku diparingaké marang para kang wis cinadhangaké."

41Anadéné sakabat kang sapuluh bareng krungu iku mau, banjur padha nepsu marang Yakobus lan Yohanes.

42Yésus tumuli nimbali para sakabat mau lan ngandika, "Kowé padha ngerti, yèn kang kaanggep pamaréntahé bangsa-bangsa, iku padha tumindak kaya bendara tumrap bangsa iku, lan para panggedéné padha tumindaké sawenang-wenang.

43Nanging ing antaramu aja kaya mangkono; sing sapa kepéngin dadi wong gedhé, iku dadia paladènmu,

44sing sapa ngangkah dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia abdiné wong kabèh.

45Awit Putrané Manungsa iku anggoné rawuh ora supaya diladosi, nanging supaya ngladosi, apadéné supaya masrahaké nyawané minangka panebusé wong akèh."

46Yésus lan para sakabaté tumuli padha tekan Yérikho. Nalika Panjenengané tindak medal saka ing Yérikho, kadhèrèkaké para sakabaté lan wong golongan gedhé; ana wong ngemis wuta, jenengé Bartiméus, anaké Timéus, ndhéprok ing pinggir dalan.

47Bareng krungu, yèn iku Yésus saka Nasarèt, banjur wiwit nywara sora, "Dhuh, Yésus, Putranipun Daud, mugi melasi kawula!"

48Wong akèh banjur padha menging, supaya meneng. Nanging malah sangsaya sora anggoné mbengok, "Dhuh, Putranipun Daud, mugi melasi kawula!"

49Yésus banjur kèndel, sarta ngandika, "Undangen wong iku!" Wong-wong banjur padha ngundang wong wuta iku lan dingandikani, "Diteteg atimu, ngadega, Panjenengané nimbali kowé."

50Wong iku banjur nguculi jubahé, tumuli ngadeg lan énggal-énggal sowan Yésus.

51Yésus ndangu marang wong iku, pangandikané, "Karepmu, kowé nyuwun dakkapakaké?" Wong wuta mau banjur munjuk, "Rabuni, kawula nyuwun sageda sumerep!"

52Yésus banjur ngandika, "Lungaa, pangandelmu wus mitulungi kowé!" Sanalika iku uga wong wuta mau bisa weruh, banjur ndhèrèkaké tindaké Yésus.



 <<  Markus 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel