Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 10 >> 

1Para Sadulur, kang dadi pepénginaning atiku lan pandongaku marang Allah yaiku, supaya wong-wong mau padha kaslametaké.

2Amarga aku neksèni, yèn pancèn padha mempeng anggoné padha ngabekti marang Allah, nanging tanpa pangertèn kang bener.

3Sabab, amarga padha ora mangerti marang pakaryaning Allah kang mbeneraké, sarta ngupadi beneré dhéwé, mulané padha ora sumuyud marang apa kang bener tumraping Allah.

4Sabab Kristus iku kang dadi kawusanané angger-anggering Torèt, satemah saben wong kang pracaya banjur kabeneraké.

5Sabab Musa nyerat apa kang bener miturut angger-anggering Torèt, mangkéné, "Sapa kang nglakoni angger-angger, iku bakal urip marga saka iku."

6Nanging apa kang bener awit saka pracaya, iku uniné mangkéné, "Aja ngunandika ing sajroning atimu: Sapa ta kang bakal sumengka menyang swarga?" yaiku kanggo ngaturi Kristus tumedhak,

7utawa, "Sapa ta kang bakal mudhun menyang teleng-palimenganing pati?" yaiku: Kanggo nginggahaké Kristus saka ing antarané wong mati.

8Nanging kepriyé uniné? Mangkéné, "Pangandika iku cedhak karo kowé, ana ing cangkemmu lan ana ing atimu." Yaiku pangandika bab pracaya, kang dakwartakaké.

9Sabab, menawa sarana cangkemmu kowé ngakoni yèn Yésus iku Gusti, lan atimu ngandel menawa Allah wus mungokaké Panjenengané saka ing antarané wong mati, kowé bakal kaslametaké.

10Sabab, sarana ati wong anggoné pracaya sarta kabeneraké, lan sarana cangkem wong anggoné ngakoni pracayané, sarta kaslametaké.

11Awit Kitab Suci mratélakaké, mangkéné, "Sapa kang pracaya marang Panjenengané, ora bakal kawirangan."

12Sabab wong Yahudi lan wong Yunani iku ora ana bédané. Awit, Gustiné wong kabèh, iku sejatiné padha, sarta lubèr kadarmané marang sadhéngaha wong kang padha nyebut marang Panjenengané.

13Awitdéné, "sapa kang nyebut asmaning Pangéran bakal kaslametaké."

14Nanging kepriyé wong bisa nyebut marang Panjenengané kang durung dipracaya? Kepriyé wong bisa pracaya marang Panjenengané, menawa durung tau krungu bab Panjenengané? Kepriyé wong bisa krungu bab Panjenengané menawa ora ana kang martakaké?

15Lan kapriyé wong bisa martakaké bab Panjenengané, menawa ora kautus? Kaya kang katulis, surasané, "Iba anggoné nyenengaké tekané wong kang padha nggawa pawarta becik."

16Ananging ora saben wong padha nampani pawarta becik iku mau. Sabab Yésaya matur, mangkéné, "Dhuh Pangéran, sinten ingkang badhé pitados dhateng punapa ingkang sami kawula wartosaken?"

17Dadiné, pracaya iku thukulé awit saka apa kang karungu, sarta apa kang karungu iku marga saka pangandikané Kristus.

18Ananging aku takon: Apa wong-wong iku ora padha krungu? Sejatiné wis padha krungu, "Swarané wong-wong kang martakaké wis sumrambah ing salumahing bumi. Sarta pawartané wis tekan ing pungkasaning jagat."

19Nanging aku takon manèh: Apa kirané Israèl ora mangerti? Wiwitané ana pangandikané Musa, mangkéné, "Ingsun bakal ndandèkaké kumèrènira marang wong-wong kang dudu umat, sarta ndadèkaké nepsunira marang bangsa kang bodho."

20Lan kalawan kendel Yésaya ngandika, "Ingsun wis marengaké wong kang ora ngupaya Ingsun padha nemokaké Ingsun. Ingsun wus ngatingal marang wong-wong kang ora nakokaké Ingsun."

21Balik tumrap Israèl pangandikané, mangkéné, "Sadina muput astaningsun mulung marang bangsa kang ora mbangun-turut sarta maido."



 <<  Roma 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel