Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 12 >> 

1Kang iku para Sadulur, marga saka sih-kamirahané Allah, aku pitutur marang kowé, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip, kang suci lan kang dadi keparengé Allah: Iya kang mangkono iku pangibadahmu kang sejati.

2Kowé aja madha rupa kaya donya iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyaraké, satemah kowé bisa mbédakaké endi kang dadi karsané Allah: Apa kang becik, kang dadi keparengé lan kang sampurna.

3Adhedhasar sih-rahmat kang kaparingaké marang aku, aku pitutur marang saben wong ing antaramu: Aja padha mikiraké prakara-prakara kang luwih dhuwur katimbang kang patut kok pikiraké, nanging anggonmu mikir kudu kanthi duga-prayoga, satemah kowé padha bisa ngwasani badanmu miturut ukuraning pangandel, kang kaparingaké déning Allah marang kowé dhéwé-dhéwé.

4Sabab padha kaya badan siji, kita nduwèni gegelitan kang akèh, nanging ora kabèh gegelitan iku duwè ayahan kang padha,

5mangkono uga kita iki, sanadyan akèh, padha dadi badan siji ana ing Kristus; ananging siji-sijiné kita padha dadi gegelitan tumrap liyané.

6Iya mangkono iku, kita iki padha duwé ganjaran kang béda-béda, miturut peparing kang kaparingaké marang kita: Menawa ganjaran iku kanggo meca, tindakna miturut pangandel kita.

7Menawa ganjaran kanggo leladi, iya padha leladia; menawa ganjaran kanggo memulang, iya padha memulanga;

8menawa ganjaran kanggo awèh pitutur, iya padha awèha pitutur. Sing sapa ngedum-edum, tindakna kanthi éklasing ati; sapa kang mimpin, tindakna kanthi taberi; sapa kang nélakaké kawelasan, tindakna kanthi bungah.

9Tresna iku aja lamis! Padha sengita marang piala sarta nglakonana panggawé becik.

10Kowé padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan padha dhisik-dhisikan anggonmu urmat-ingurmatan.

11Kasregepanmu aja nganti kendho, rohmu ngalad-alada, lan padha leladia marang Pangéran.

12Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning kasusahan, dimantep anggonmu ndedonga!

13Padha mèlua nanggung kekurangané para suci lan padha awèh panginepan!

14Berkahana sapa kang nganiaya kowé, berkahana lan aja koksupatani.

15Mèlua bungah karo wong kang bungah, lan nangisa karo wong kang nangis.

16Padha ditunggal ati ing sajroning uripmu bebarengan; aja mikiraké prakara kang dhuwur-dhuwur, nanging enerna uripmu kanggo prakara-prakara kang prasaja. Aja kuminter!

17Aja males ala marang wong kang gawé piala; padha nindakna apa kang becik tumrap wong kabèh.

18Sabisa-bisa, yèn pancèn gumantung marang kowé, uripa kanthi rukun karo wong kabèh.

19Para Sadulurku kang kinasih, kowé dhéwé aja nganti padha nandukaké piwales, nanging prakara iku pasrahna marang bebenduné Allah, sabab ana tulisan, mangkéné, "Pamales iku wewenangingsun. Ingsun kang bakal malesaké," mangkono pangandikaning Pangéran.

20Nanging, "Menawa mungsuhmu kaluwèn, wènèhana mangan; yèn ngelak, wènèhana ngombé. Sabab kanthi patrap mangkono iku, kowé gawé wirangé, prasasat numpuk mawa ing sirahé."

21Kowé aja nganti dikalahaké déning piala, nanging piala iku kalahna sarana kabecikan.



 <<  Roma 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel