Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 2 >> 

1Mulané, hé manungsa, sapa baé kang ngadili wong liya, kowé dhéwé ora duwé dhasar kanggo mbélani awakmu dhéwé. Awit sarana kowé ngadili wong, kowé ngadili awakmu dhéwé, amarga kowé kang ngadili wong iku, kalakuanmu dhéwé iya mangkono.

2Kita rak padha mangerti yèn paukumané Allah iku tumindhaké kanthi adil ing atasé sapa baé kang nglakoni mangkono.

3Déné kowé, hé manungsa kang ngadili wong kang tumindak mangkono mau, mangka kowé dhéwé uga nglakoni, apa kowé ngira, yèn kowé bakal luput saka ing paukumané Allah?

4Apa kowé arep ngrèmèhaké lubèring kamirahan sarta sabar-sarèhé Allah? Apa kowé ora mangerti menawa kamirahané Allah iku nuntun kowé marang pamratobat?

5Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadiné kowé numpuk bebendu tumrap awakmu dhéwé, nganti tumeka ing dinané kababaring bebendu lan paukumané Allah kang adil,

6Panjenengané bakal males marang saben wong miturut panggawéné,

7yaiku urip langgeng tumrap wong kang taberi nglakoni panggawé becik, tansah ngupaya kamulyan, lan kaluhuran sarta prakara kang ora bisa sirna,

8nanging wong kang mburu kapentingané dhéwé, ora mbangun-turut marang apa kang bener, rumaket ing duraka, iku bakal padha nampa deduka lan bebendu.

9Panandhang lan kasangsaran bakal tumama marang saben wong kang nindakaké piala, wiwitané wong Yahudi, samono uga wong Yunani,

10nanging kamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayu bakal kaparingaké marang wong kabèh kang nindakaké kabecikan, wiwitané wong Yahudi, mangkono uga wong Yunani.

11Sabab Allah ora pilih-kasih.

12Awit sakèhing wong kang gawé dosa tanpa angger-anggering Torèt iku bakal padha sirna iya klawan tanpa angger-anggering Torèt; lan sakèhing wong kang gawé dosa ing sajroning kawengku ing angger-anggering Torèt, iku bakal padha diadili sarana angger-anggering Torèt.

13Amarga wong kang bener ana ing ngarsané Allah iku dudu kang ngrungokaké angger-anggering Torèt, nanging kang netepi angger-anggering Torèt.

14Menawa bangsa-bangsa liya kang ora nduwèni angger-anggering Torèt marga saka naluriné nglakoni apa kang kamot ing angger-anggering Torèt, iya wong-wong iku mau kang dadi angger-anggering Torèt tumrap awaké dhéwé, sanadyan ora nduwèni angger-anggering Torèt.

15Kang mangkono iku, wong-wong mau padha nélakaké, menawa pepakoné angger-angger wus katulis ana ing atiné lan swaraning atiné mèlu neksèni, sarta pangangen-angené padha genti ngluputaké utawa genti mbeneraké.

16Bab iku bakal tetéla ing dina samangsa Allah lantaran Kristus Yésus ngadili manungsa, cocog karo Injil kang dakwartakaké.

17Nanging menawa kowé iku nyebut awakmu dhéwé wong Yahudi, sarta ngandelaké marang angger-anggering Torèt, apadéné ngegungaké Allah,

18sarta mangerti kang dadi karsané, lan marga kawulang ing angger-anggering Torèt, bisa mbédakaké endi kang becik sarta endi kang ala,

19lan menawa kowé yakin, yèn kowé iku dadi panuntuné wong wuta, sarta pepadhangé wong kang ana ing pepeteng,

20panggulawenthahé wong bodho, guruné wong kang durung diwasa; marga ana ing angger-anggering Torèt iku, kowé kadunungan wujuding kawruh sarta kayektèn.

21Banjur kepriyé mungguhing kowé, kang mulang wong liya, apa kowé ora mulang awakmu dhéwé? Kowé kang mulang: "Aja nyolong," yagéné kowé dhéwé kok nyolong?

22Kowé kang kandha: Aja laku bédhang, yagéné kowé dhéwé kok laku bédhang? Kowé kang gething marang brahala, yagéné kowé dhéwé kok malah njarah rayah papan brahala?

23Kowé kang ngegungaké angger-anggering Torèt, yagéné kowé kok malah nyenyamah Allah kalawan nerak angger-anggering Torèt iku?

24Kaya kang katulis, surasané, "Iya marga saka kowé, asmané Allah dicecamah ana ing antarané bangsa-bangsa liya."

25Tetak iku pancèn ana paédahé, menawa kowé temen-temen netepi angger-anggering Torèt, nanging menawa kowé nerak angger-anggering Torèt, tetakmu iku ora ana gunané manèh.

26Dadi menawa wong kang ora tetak netepi angger-anggering Torèt, apa iku ora bakal dianggep padha karo wong kang wus tetak?

27Yèn mangkono, wong kang ora tetak nanging netepi angger-anggering Torèt, iku bakal ngadili kowé kang nduwèni angger-angger kang katulis lan tetak, nanging nerak angger-anggering Torèt.

28Awit kang diarani Yahudi iku dudu tata-lairé, lan kang diarani tetak kang sejati iku uga dudu tetak ing tata-lairé.

29Nanging kang diarani wong Yahudi sajati iku yaiku kang ora katon Yahudiné, lan tetak kang sejati iku tetaking ati yaiku tata karohanèn, dudu tata-lair. Lan iku olèh pangalembana saka Allah, dudu saka manungsa.



 <<  Roma 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel