Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 9 >> 

1Aku ngandhakaké apa kang bener ana ing Kristus, aku ora goroh. Sabab osiking atiku mèlu neksèni marga déning Roh Suci,

2menawa aku nandhang prihatin banget, lan tansah sedhih.

3Malah aku saguh nampa ipat-ipat, sarta kapisah saka Kristus marga para Sadulurku, golonganing bangsaku cara daging.

4Sabab wong-wong kabèh iku wong Israèl kang wis kaangkat dadi putra lan wis kaparingan kamulyan tuwin prajanjian-prajanjian sarta angger-anggering Torèt, apadéné pangibadah lan prasetya-prasetya.

5Wong-wong iku padha tedhak-turuné para bapa leluhur, kang cara kadagingan nurunaké Kristus, kang ngungkuli samubarang kabèh. Panjenengané iku Allah kang kudu pinuji-puji ing salawas-lawasé. Amin.

6Éwadéné pangandikané Allah iku mokal yèn ta nganti gagal. Awit ora kabèh wong kang asalé saka Israèl iku wong Israèl,

7lan iya ora kabèh kang kagolong putrané Abraham iku tedhaké Abraham kang sejati, nanging, "Kang asalé saka Ishak iku kang bakal kasebut turunira."

8Tegesé: Dudu anak-anak kang cara kadagingan kang dadi para putrané Allah, nanging para anak prasetyan kang kaétung dadi turun kang sah.

9Sabab pangandika iku isi prasetya, mangkéné, "Ing watara pendhak mangsa iki Ingsun bakal rawuh, sarta Sarah bakal duwé anak lanang."

10Malah ora mung iku baé. Kang luwih cetha manèh yaiku Ribka kang mbobot saka priya siji, yaiku Ishak, bapa leluhur kita.

11Sabab nalika bayi-bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawé becik utawa ala, -- supaya rancangané Allah bab pamilihé tetepa, ora adhedhasar panggawé nanging adhedhasar timbalané --

12dingandikakaké marang Ribka, mangkéné, "Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom,"

13iya kaya kang katulis, surasané, "Yakub sunkasihi, nanging Ésau sunsengiti."

14Yèn mangkono, apa kang bakal kita kandhakaké? Apa Allah ora adil? Mokal!

15Sabab Panjenengané wis ngandika marang Musa, mangkéné, "Ingsun bakal melasi marang sapa baé kang sunkarsakaké sunwelasi, sarta Ingsun bakal paring sih-kamirahan marang sapa baé kang sunkarsakaké sunparingi sih-kamirahan."

16Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa réka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahané Allah.

17Marga ing Kitab Suci ana pangandika marang Firaun, mangkéné, "Ya mangkono iku sababé anggoningsun ngangkat sira, yaiku supaya Ingsun bisa ngatingalaké pangwaosingsun ana ing sira, sarta asmaningsun supaya kasuwurna ing salumahing bumi."

18Dadi Panjenengané maringi sih-piwelas marang sapa baé kang dikarsakaké, lan Panjenengané mangkotaké sapa baé kang dikarsakaké.

19Saiki kowé arep kandha marang aku, "Yèn mangkono, apa manèh kang isih kaanggep luput déning Panjenengané? Sabab sapa kang bisa nglawan karsané?"

20Nanging, hé manungsa, kowé iku sapa ta déné kok madoni Allah? Apa iya bisa ta, kang kagawé kandha marang kang nggawé, mangkéné, "Yagéné déné anggonmu gawé aku kok kaya mangkéné?"

21Apa tukang grabah iku ora duwé wewenang tumrap lempungé; saka prongkolan kang padha, sapérangan kagawé barang kang mulya, sapérangan kagawé barang liyané kang lumrah?

22Dadiné, saupama kangggo ngatingalaké bebendu lan nedahaké pangwaosé, Allah paring kasabaran kang gedhé marang wadhahing bebendu, kang wus kacawisaké marang karusakan,

23mangka iku malah kagem ngatingalaké anggoné sugih kamulyan marang wadhahing sih-piwelasé, kang wis kacawisaké marang kamulyan?

24Yaiku kita, kang wis padha katimbalan, ora mung saka ing antarané wong Yahudi baé, nanging uga saka ing antarané bangsa-bangsa liya,

25kaya kang wus kapangandikakaké uga ana ing kitab Hoséa, surasané, "Kang dudu umatingsun bakal sunsebut umatingsun, lan kang dudu kekasih, iku sunsebut kekasih."

26Lan ing panggonan kang wong-wongé dipangandikani, "Sira iku dudu umatingsun," ing kono wong-wong mau bakal dipangandikani, "Para Putrané Allah kang gesang."

27Lan Yésaya nguwuh ing ngatasé Israel, mangkéné, "Sanadyan Banisraèl iku cacahé kaya wedhiné sagara, nanging mung kekarèné baé kang bakal kaslametaké.

28Sabab apa kang wus kapangandikakaké, bakal tumuli katindakaké déning Pangéran ana ing bumi, kalawan sampurna lan tumuli."

29Kaya kang sadurungé wus kaweca déning Yésaya, mangkéné, "Saupama Pangéran kang murbèng dumadi ora nyisakaké turun marang kita, kita wus dadi kaya Sodom lan padha kaya Gomora."

30Yèn mangkono, apa kang bakal kita kandhakaké? Sanyatané: Bangsa-bangsa liya kang padha ora ngupaya apa kang bener, wus padha kabeneraké, yaiku kabeneraké marga saka pracaya.

31Nanging: Bangsa Israèl sanadyan ngupaya apa kang bener lantaran angger-angger, ora bisa netepi angger-angger mau.

32Yagéné kok ora? Sabab bangsa Israèl anggoné ngupaya ora adhedhasar pracaya, nanging adhedhasar panggawé. Bangsa iku padha kasandhung ing watu sandhungan,

33kaya kang katulis, surasané, "Lah ing Sion Ingsun sèlèhi watu tetanggoran lan watu gedhé kang njalari wong tiba, lan sapa kang kumandel marang Panjenengané, ora bakal kawirangan."



 <<  Roma 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel