Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Titus 2 >> 

1Nanging kowé, wartakna apa kang cundhuk karo piwulang kang satuhu.

2Para wong lanang kang wis tuwa supaya padha urip kajèn, prasaja, wicaksana sarta mantep ing pracaya, ing katresnan lan katemenan.

3Mangkono uga para wong wadon kang wis tuwa, iku padha mujudna anggoné dadi wong ngibadah, aja mitenah, aja karem ngombé anggur, nanging bisa memulang prakara-prakara kang becik,

4lan sarana mangkono bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anaké,

5urip kalawan wicaksana lan suci, sregep mranata balé-omahé, becik atiné sarta sumuyud marang kang lanang, supaya pangandikané Allah aja nganti dicecamah.

6Mangkono uga para wong nom-noman, padha pituturana, supaya padha bisa ngendhalèni awaké dhéwé ing sadhéngah prakara,

7lan kowé dhéwé dadia tuladha ing bab nindakaké panggawé becik. Anggonmu memulang dikalawan jujur sarta tumemen,

8tetembunganmu disatuhu lan tanpa cacad, satemah wong kang nglawan padha dadi wirang, amarga ora ana prakara-prakara ora becik kang kena kanggo ngala-ala kita.

9Para abdi padha pituturana supaya sumuyud marang bendarané tumrap sadhéngah prakara, lan padha gawéa senenging atiné lan aja mbantah,

10aja clemer, nanging tansah nélakna anggonmu temen lan setya, supaya marga saka mangkono tumrap ing sadhéngah prakara, padha ngluhuraké piwulangé Allah, Pamarta kita.

11Awitdéné sih-rahmaté Allah kang nylametaké manungsa kabèh iku wis kababar.

12Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan pepénginan kadonyan sarta supaya kita urip kalawan wicaksana, adil tuwin ngabekti ana ing donya samengko iki,

13kalawan nganti-anti kaleksananing pangarep-arep kita kang kalubèran berkah karahayon lan ngatingalaké kamulyaning Allah kang mahaagung sarta Pamarta kita Yésus Kristus,

14kang wis masrahaké sarirané kanggo kita, supaya ngluwari kita saka sakèhing piala sarta nucèkaké kagem Panjenengané, umat kagungané piyambak, kang taberi ing panggawé becik.

15Iku mau kabèh kandhakna, wong-wong padha pituturana lan welèhna kalawan prabawamu ing sakatogé. Aja nganti ana wong kang ngrèmèhaké kowé.



 <<  Titus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel