Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 10 >> 

1Aku tumuli weruh malaékat liyané kang prakosa tumedhak saka swarga, asingep méga, lan ing sandhuwuring mustakané ana kluwungé, wedanané kaya srengéngé, sampéyané kaya tugu geni.

2Astané ngasta gulungan kitab cilik bukakan. Sampéyané kang tengen tumapak ing sagara, lan kang kiwa ing dharatan.

3Malaékat mau nguwuh kalawan swara sora kaya panggeroning singa. Sawusé nguwuh, gludhug pitu banjur padha nyuwara.

4Lan sawusé gludhug pitu mau padha ngucap, aku banjur arep nyatheti, nanging aku nuli krungu swara saka swarga kang ngandika, "Apa kang diucapaké déning gludhug pitu iku mau sira sègela, aja sira tulis!"

5Malaékat kang dakdeleng jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan mau, tumuli ngangkat astané tengen marang langit,

6sarta banjur supaos demi Panjenengané kang gesang langgeng salawas-lawasé, kang wis nitahaké langit saisiné, lan bumi saisiné, tuwin sagara saisiné, "Ora bakal kaundur manèh!

7Nanging samangsa unining kalasangkané malaékat kang kapitu keprungu, yaiku menawa malaékat iku ngungelaké kalasangkané, bakal kayektènan kekeraning Allah, kaya kang wus kawartosaké marang para abdiné, yaiku para nabi."

8Swara kang wis dakrungu saka ing langit mau, nuli ngandika manèh marang aku mangkéné, "Mangkata, jupuken kitab bukakan kang ana ing tangané malaékat, kang jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan iku."

9Aku banjur marani malaékat mau sarta nyuwun, supaya gulungan kitab iku kaparingna marang aku. Dhawuhé marang aku, "Tampanana lan panganen; iki bakal marakaké wetengmu pait, nanging ana ing cangkemmu rasané legi kaya madu."

10Aku tumuli njupuk kitabé saka astané malaékat mau, banjur dakpangan: ana ing cangkemku rasané legi kaya madu, nanging sawisé dakpangan, wetengku krasa pait.

11Aku nuli dingandikani, mangkéné, "Kowé kudu medhar wangsit manèh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para raja."



 <<  Wahyu 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel