Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 15 >> 

1Aku tumuli weruh pratandha liyané ana ing langit kang gedhé lan élok: ana malaékat pitu padha ngasta wewelak pitu kang pungkasan, awit iku kang mungkasi bebenduné Allah.

2Aku banjur weruh rerupan kaya sagara kaca campur geni, sarta wong-wong kang wis unggul anggoné perang karo kéwan iku dalah recané, sarta cacah pétungané jenengé, padha ngadeg ana ing pinggiring sagara kaca mau. Sarta iku padha nyekel clempungé Allah.

3Wong-wong iku padha ngidungaké kidungé Musa, abdiné Allah, lan kidungé Sang Cempé, uniné, "Agung saha élok pakaryan Paduka, dhuh Pangéran, Allah ingkang Mahakwaos! Adil saha leres sadaya margi Paduka, dhuh Rajanipun sadaya bangsa!

4Dhuh Pangéran, sinten ingkang mboten ajrih, saha mboten ngluhuraken asma Paduka? Awit namung Paduka piyambak ingkang suci; amargi sakathahipun bangsa sami badhé sowan sarta nyembah sujud dhumateng Paduka, sabab sampun tetéla leresing sadaya pangadilan Paduka."

5Sawusé mangkono aku tumuli weruh Padaleman Suci -- Tarubing Paseksi -- ing swarga, binuka.

6Malaékat pitu kang ngasta wewelak pitu mau, padha medal saka Padaleman Suci, ngagem mori alus putih resik tuwin gumilap lan jajané apaningset emas.

7Makluk siji ing antarané makluk papat mau tumuli ngulungaké bokor emas pitu marang malaékat pitu mau, kabèh kebak isi bebenduning Allah kang gesang langgeng ing salawas-lawasé.

8Padaleman Suci mau nuli kebak pega awit saka kaluhurané lan pangwaosing Allah, sarta ora ana wong siji-sijia kang bisa lumebu ing Padaleman Suci iku, sadurungé wewelak pitu kang kaasta déning malaékat pitu mau rampung.



 <<  Wahyu 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel