Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 21 >> 

1Aku tumuli weruh langit anyar lan bumi anyar, awit langit kang kapisan lan bumi kang kapisan wis sirna, lan sagara uga wis ora ana manèh.

2Lan aku uga weruh kutha suci, Yérusalèm kang anyar, tumurun saka ing swarga, saka ing Allah, kang kacawisaké kaya pangantèn putri kang dipaèsi lumadi marang kakungé.

3Aku banjur krungu swara sora kang ngandika saka ing dhampar iku, "Delengen, tarubing Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengané bakal dedalem ana ing antarané manungsa. Iku bakal padha dadi umaté, lan Allah piyambak bakal nunggil sarta dadi Allahé.

4Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh; sedhih lan pasambat apadéné kasusahan iya wis ora ana manèh; amarga samubarang kang lawas wis padha kapungkur."

5Panjenengané kang lenggah ing dhampar banjur ngandika, "Delengen, samubarang kabèh sundadèkaké anyar!" Pangandikané manèh, "Sira nulisa, awit pangandika iki kena diprecaya lan bener."

6Sarta aku dipangandikani manèh, mangkéné, "Samubarang kabèh wis kelakon. Ingsun iki Alfa lan Oméga, Kang Wiwitan lan Kang Pungkasan. Wong kang ngelak bakal Sunparingi ngombé kanthi lalahanan saka tuking banyu kauripan.

7Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabèh, sarta Ingsun bakal dadi Allahé, lan iku bakal dadi putraningsun.

8Nanging para wong kang jirih, kang padha ora pracaya, kang padha tumindak nistha, kang gawéné padha mematèni, sundel-sundel, kang padha olah panenungan, kang padha nyembah brahala, lan sakèhing para-cidra, iku padha olèh pandumané ana ing sagara geni welirang kang murub ngalad-alad; yaiku pati kang kapindho."

9Malaékat panunggalané malaékat pitu kang ngasta bokor pitu isi kebak wewelak pitu kang wekasan iku banjur rawuh, panjenengané nuli ngandikani aku, "Mrénéa, kowé daktuduhi pangantèn putri, garwané Sang Cempé."

10Tumuli, ing sajroning roh, aku diasta panjenengané menyang gunung kang gedhé lan dhuwur, aku ditedahi kutha kang suci, yaiku Yèrusalèm kang tumurun saka swarga, saka Allah.

11Kutha iku kebak kamulyané Allah lan cahyané kaya sesotya kang adi linuwih, kaya sesotya yaspis, bening saèmper kristal.

12Bètèngé gedhé lan dhuwur, ana gapurané rolas; lan ing sandhuwuré gapura-gapura mau ana malaékaté rolas, sarta ana tulisan jenengé taler Israèl rolas.

13Ing sisih wétan ana gapurané telu, ing sisih lor telu, ing sisih kidul telu, ing sisih kulon telu.

14Ing bètèngé kutha iku ana tetales-watu rolas, ing kono ana tulisan asmané para rasulé Sang Cempé cacahé rolas.

15Malaékat kang ngandikani aku iku ngasta piranti ngukur saka emas, kagem ngukur kutha iku, sarta gapurané lan bètèngé.

16Kutha iku wanguné pesagi, dawané padha karo ambané. Déné anggoné ngukur kutha iku ngagem piranti ngukur mau: kurang luwih rong èwu patang atus kilometer; dawané lan ambané sarta dhuwuré iku padha.

17Bètèngé uga diukur tinemu kurang luwih sewidak meter, manut ukurané manungsa, kang iya dadi ukurané malaékat.

18Bètèng iku kabangun saka sesotya yaspis; lan kuthané iku saka emas tulèn, kaya kaca murni.

19Tetalesé bètèng kutha padha rinengga ing sesotya adi manéka-warna. Tetalesé kang kapisan iku yaspis, kang kapindho nilam, kang katelu mirah, kang kapat jamrud,

20kang kalima sardonik, kang kanem sardis, kang kapitu retna cempaka, kang kawolu beril, kang kasanga krisolit, kang kasepuluh krisopas, kang kasewelas lazuardi, lan kang karolas kecubung.

21Gapurané rolas iku arupa mutiyara rolas; saben gapura wujud mutiyara siji, lan dalan-dalané kutha iku saka emas tulèn, kaya kaca kang bening.

22Ing kono aku ora weruh Padaleman Suci; amarga Allah, Pangéran kang Mahakwaos iku Padaleman Suciné, mangkono uga Sang Cempé.

23Kutha iku ora mbutuhaké padhanging srengéngé lan rembulan, amarga kamulyané Allah kang madhangi lan Sang Cempé kang dadi damaré.

24Para bangsa bakal padha lumaku ana ing pepadhangé sarta para raja ing bumi padha ngaturaké kamulyané marang Panjenengané;

25gapurané bakal ora kainebaké ing sadina muput, awit ing kono bakal ora ana wengi manèh.

26Karodéné kamulyan lan kaurmatané para bangsa uga bakal kagawa kasaosaké marang Panjenengané.

27Nanging sabarang kang najis bakal ora bisa mlebu mrono, utawa wong kang nindakaké panggawé nistha utawa cidra; kejaba mung wong-wong kang jenengé padha katulis ing kitab kauripan kagungané Sang Cempé.



 <<  Wahyu 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel